Évolusi: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c éjaan using AWB
c éjaan using AWB
Larik 26:
Évolusi njelasaké sajarah makhluk urip, [[kewan]], [[tetanduran]], [[jamur]] (fungi), [[mikroba]]. Bukti panyengkuyungé akèh banget lan asalé saka manéka warna cabang biologi: hiérarki [[taksonomi]] kaya kang katemokaké ''Linnaeu''s lan para ''panerusé'', fosil-fosil kang nunjukaké menawa kauripan ing mangsa biyèn béda wanguné karo kauripan mangsa saiki, nganti bukti génétika kang nunjukaké pepadhan antarané manéka warna makhluk urip. Saiki évolusi isa dikandhakaké wis dadi téori sentral ing biologi modhérn—ora luput menawa ahli génétika [[Theodosius Dobzhansky]] ngendika, ''"Nothing in biology makes sense except in the light of evolution"''.
 
Cucuk manuk finch (sakjenissakjinis manuk manyar) dadi topik pamikiran [[Darwin]] kang ndhasari évolusi téoriné (priksani gambar)<ref>Bryson, B: "A Short History of Nearly Everything", Transworld, London, 2003.</ref>. Nalika manggon ing kapuloan [[Galapagos]], bagéyan saka ekspedhisi [[HMS Beagle]], Darwin mriksani menawa cucuk manuk finch béda-béda, gumantung saka pulo ngendi asalé. Iki salah sawijining conto kepriyé manuk finch nyesuèkaké dhiri karo kondhisi pulo kang béda-béda. Contoné, ing pulo sijiné, cucuk manuk finch kuat lan cendhak lan cocok kanggo mecah kulit kacang sing atos. Ing pulo liyané, cucuk manuk finch luwih dawa sithik lan luwih tipis, cocok kanggo ngisep jenisjinis panganan kang ana ing pulo iku. Perkara iki njalari Darwin mikir sawijining kamungkinan menawa manuk finch ora kaciptaaké mangkono waé, ananging ngliwati prosès adhaptasi.
 
[[Wektu]] iku faktor penting ing évolusi. Prosès évolusi merlokaké wektu kang suwé banget. Miturut Darwin, ana loro mekanismé kang ndhasari évolusi. Angka siji, prosès évolusi nggawa spesies kang ana nduwèni interaksi karo kondhisi ékologiné. Contoné, amarga asil évolusi, sapérangan manuk nduwèni cucuk kang mung isa dinggo ngisep madu kembang. Sakwéné kembang iku isih sumadya, manuk iku bakal urip. Nanging, menawa kembang iku, amarga ana sebabé, punah, manuk iku kamungkinan gedhé bakal punah uga. Mékanisme kang angka loro ya iku kalairan spesies anyar saka asil variasi ing spesies kang ana. Iki dumadi menawa sawijining grup mahluk urip dadi kapisah lan ing pungkasané nduwèni gaya urip kang béda banget. Conto klasik ya iku manuk finch ing dhuwur. Asal mulané, nénék moyang manuk saka manéka warna pulo ing Galapagos iku asalé saka dharatan [[Amérika Kidul]]. Amarga mencar ing manéka warna pulo, manuk iku pungkasané ngembangaké gaya urip kang béda-béda. Wéktu (ngliwati akèh génerasi manuk) lan perjuangan kanggo urip (survival) iku rong perkara kang dibutuhaké kanggo nglairaké génerasi anyar manuk finch. Wektu kang luwih dawa manèh lan ngliwati prosès sing padha, miturut Darwin bakal isa njelasaké évolusi saka ''kabèh'' mahluk urip ing muka bumi kang asalé saka siji "common ancestor".
Larik 33:
[[Gambar:Huxley_-_Mans_Place_in_Nature.jpg|300px|thumb|right|Famili [[Hominidae]] kang asalé saka nénék moyang sing padha]]
* Évolusi dudu, kaya kang dikira akèh wong, nelaaké menawa 'menungsa asil évolusi saka munyuk'. Nanging, menungsa lan munyuk kang ana saiki nduwèni "moyang sing padha". Pangertèn "moyang" iki kudu dipahami kanthi moyang sacara fisik, dudu spiritual, paling ora nganti saiki.
* Évolusi ora nduwèni pangertèn nggawé makhluk urip tambah apik utawa tambah intelèk. Contoné, ula iku asil évolusi prosès saka sakjenissakjinis kadhal kang wis ora merlokaké 'tangan' lan 'sikil'.
* Évolusi ora nduwèni tujuan tinentu. Organismé iku asil saka [[mutasi]] kang suksès, utawa gagal, gumantung saka kondhisi lingkungan wektu iku.
* Menungsa ora nduwèni papan kang khusus ing "[[wit évolusi]]". Kita namung salah sawijining cabang saka wit iku.
Larik 40:
 
==Sosial Kontrovérsi Évolusi==
Kawit saka publikasi buku Darwin "[[The Origin of Species]], évolusi éntuk akèh kritik lan dadi téma kang kontrovérsial. Nanging, kontrovérsi iki umumé sekitar implikasi saka téori évolusi ing bidhang [[filsafat]], [[sosial]], lan [[agama]]. Ing komunitas [[ilmuwan]], téori évolusi wis ditampa sacara wiyar lan ora ngentuki tantangan. Kaya kang wis dipredhiksi déning Darwin, implikasi kang paling kontrovérsial ya iku [[évolusi menungsa]]. Khususé, akèh kang ora nrima menawa samudaya jenisjinis makhluk urip, kalebet menungsa, asalé saka prosès alam kang orang merlokaké campur tangan déwa-déwa, kalebet Tuhan.
Aliran kang asring kaanggep berlawanan karo téori évolusi ya iku panciptan ([[ciptaanisme]] utawa ''creationism'' ing [[basa Inggris]]) kang percaya menawa makhluk urip lan samudaya jeniséjinisé kaciptaaké déning Tuhan, sacara kapisah (ora ana pepadhan leluhur, utawa menawa sakjenissakjinis makhluk urip ora diturunaké saka jenisjinis makhluk urip liya). Ciptaanisme pisanan muncul ing kalangan Kristen literalis kang ora isa nampa évolusi amarga dianggep bertentangan karo narasi kisah panciptan pitung dina ing [[Kitab Kejadian]] ing [[Prajanjian Lawas]], nanging samburiné muncul uga ing kalangan Islam (meski saknyatané ing [[al-Qur'an]] ora ana narasi panciptan spesifik kaya ing [[Kejadian]]). Panyebab panolakan sabagéyan kalangan beragama kasebut mungkin amarga anggepan menawa évolusi ngilangaké 'peran Tuhan' ing panciptan, utawa malah menawa évolusi nyokong atéisme, senajan évolusi sebagai sains ora isa nyampuri perkara tindakan ilahi, kang ana ing ranah kaimanan, tegesé ana ing njaba sains.
 
==Pranala nJaba==