Poerbatjaraka: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c éjaan using AWB
BeeyanBot (parembugan | pasumbang)
c éjaan, replaced: maneh → manèh (2) using AWB
Larik 13:
Buku iki sajane hadhiyah sawijining priyayi Walanda ing ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana X. Anging panjenengane kurang ngerteni isi buku iki dadi diparingake pak Purbadipura. Mbokmenawa karsane supaya dijlentrehake. Banjur buku iki diwaca déning Lesya lan panjenengane dadi seneng banget.
 
Para abdi dalem keraton sing seneng sastra Jawa kala iku kerep nganakake panemonan diskusi bedhah sastra. Lesya sing isih timur seneng melu panemonan iki. Amerga wis rumangsa ngerti akeh, panjenengane tau nantang sawijining abdi dalem sepuh. Tibake iki buntute dawa lan Lesya ora kerasan manehmanèh.
 
==Wanci ing Batavia==
Amerga panjenengane rumangsa luwih cocog karo ''pendekatan ilmiah '' sing kerep diwaca saka buku-buku Landa, banjur panjenengane nulis laying marang [[Residhen]] [[Surakarta]] kala iku. Sang residhen sing wis tau krungu kapinterane Lesya banjur ngirim Lesya menyang [[Batavia]]/[[Jakarta]] ing [[taun]] 1910. Ing kana Lesya dikon nyambut gawé ing Dinas Purbakala ing [[Museum Gajah]].
 
Kala iku iki Lesya diparingi asma Poerbatjaraka. Asma iki katata saka gelar purba kaya asma bapane lan tembung caraka, saka aksara [[Hanacaraka]] sing uga nduwe teges [[duta]] utawa utusan. Gelar priyayi [[Raden Ngabehi]], sing luwih ngisor tinimbang gelar [[Raden Tumenggung]] kagungan bapane uga diparingake. Banjur gelar mulya [[Raden Mas]], panjenengane oleh pirang taun manehmanèh nalika rabi karo sawijining wanita ningrat sing kagungan gelar [[Raden Ayu]].
 
Ing [[muséum]], Poerbatjaraka dianggep pinter lan kerep dijaluki tulung déning para pakar. Ing kene panjenengane uga nerusake pasinaonane ing [[sastra Jawa Kuna]] lan miwiti sinau [[basa Sansekreta]].