Adolf Hitler: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Mangsa cilik: éjaan using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan using AWB
Larik 10:
Adolf Hitler lair ing [[Braunau am Inn]], [[Austria]], minangka anak kaping papat saka anak enem. Bapakné Alois Hitler, (1837–1903), iku sawijining pegawé pabéyan. Ibuné Klara Pölzl, (1860–1907), iku bojo Alois sing katelu. Nanging Klara iku isih sanak-seduluré, dadi supaya bisa kawin, dhèwèké kudu olèh dispènsasi saka [[Paus]] dhisik. Saka putra Alois lan Klara sing enem cacahé, namung Adolf lan Paula sing urip nganti diwasa. Bapané Hitler, uga nduwé anak lanang, Alois Jr lan anak wadon, Angela saka bojoné sing kapindho.
 
Alois Hitler iku lair minangka bocah haram. Salawasé 39 taun, Alois nganggo jeneng ibuné Schicklgruber. Ing taun 1876, dhèwèké njupuk jeneng bapak kuwaloné, Johann Georg Hiedler. Jeneng iki ditulis Hiedler, Huetler, lan Huettler. Éjaan Hitler iku mbokmenawambokmanawa salah tulisé sawijining juru tulis. Asal jeneng iki ya iku tembung Jermanik Hittler utawa sing mèmper lan tegesé kurang luwih "sing manggon ing gubug", "juru angon" utawa saka [[basa Slavik]] Hidlar lan Hidlarcek.
 
Propaganda sekuthu eksploitasi jeneng marga (jeneng kulawarga) asliné Hilter nalika ing Perang Donya II. Akèh pamflèt sing disebar saka montor mabur ing kutha-kutha Jerman isiné ukara ''Heil Schicklgruber''. Nanging sajatiné kepriyé waé Hitler resmi lair minangka Hitler lan dhèwèké uga ana gandhèngané karo Hiedler liwat mbah putriné saka ibuné, Johanna Hiedler.
Larik 18:
Minangka bocah cilik, Hitler tau ngomong yèn dhèwèké kerep dipecuti bapakné. Taunan sawisé dhèwèké tau celathu marang sekretarisé: "Banjur aku tékad nduwé kekarepan ora arep nangis manèh yèn bapaku mecuti aku. Pirang dina sawisé iku, aku duwé kasempatan kanggo mbuktèkaké kekarepku. Ibuku, sing wedi, mlayu ing ngarepe lawang. Aku dhéwé, meneng sinambi ngétung pecutan sing kena ing bokongku."
 
Simbah kakungé Hitler saka bapakné kamungkinan gedhé iku salah siji saka Johann Georg Hiedler utawa [[Johann Nepomuk Hiedler]]. Ana gosip yèn Hitler iku mbokmenawambokmanawa seprapat Yahudi lan mbahé wadon, Maria Schicklgruber, tau meteng nalika nyambut gawé dadi réwang ing salah sijining kulawarga Yahudi. Gosip-gosip iki minangka pulitik temtuné bisa ngakibataké dampak sing gedhé kanggo Hitler sing ndarbéni paham [[anti-sémitisme|anti-sémitik]] lan rasis. Mulané para lawan pulitik Hitler akèh sing nyoba mbuktèkaké yèn dhèwèké iku nduwé keturunan Yahudi utawa Ceko. Senadyan gosip-gosip iki ora tau bisa dibuktèkaké, kanggo Hitler kabèh iki mènèhi alesan cukup kanggo nutupi asal-usulé. Miturut Robert G. L. Waite ing ''The Psychopathic God: Adolf Hitler'', Hitler banjur nglarang wong wadon Jerman nyambut gawé ing kulawarga Yahudi lan sawisé ''Anschluss'' utawa pancaplokan Austria, Hitler nggawé kutha klairan bapakné dadi papan latihan artileri. Waite celathu yèn olèhé Hitler kurang percaya dhiri iku luwih wigati tinimbang apa asal-usul Yahudiné bisa dibuktèkaké lawan-lawané apa ora.
 
Kulawarga Hitler kerep pindhah-pindhah, saka Braunau am Inn menyang Passau, Lambach, Leonding, lan Linz. Hitler nalika enom iku sawijining murid sing pinter ing SD. Nanging nalika ing taun kapisan SMP (''Realschule'') ing Linz, dhèwèké gagal lan kudu ngulang manèh. Guru-guruné celathu yèn dhèwèké "ora nduwé karep nyambut gawé". Salah siji kanca sekolahé Hitler ing ''Realschule'' iku [[Ludwig Wittgenstein]], salah sijining filsuf paling wigati ing [[abad kaping 20]]. Sawijining buku déning Kimberley Cornish mènèhi kesan yèn konflik antara Hitler lan sawetara murid Yahudi, kaya ta Wittgenstein, iku mèlu mènèhi kagethingané Hitler marang wong Yahudi sing pungkasané nggawé Hitler dadi anti-sémitik.
Larik 27:
 
=== Masa diwasa awal ing Wina lan München ===
Saka taun 1905 lan sabanjuré, Hitler urip kayadéné seniman ing Wina ing sawijining wisma yatim-piatu lan olèh tunjangan saka ibuné. Dhèwèké ditulak nganti ping loro nalika péngin mlebu [[Akademi Seni Murni Wina]] (1907-1908) mawa alesan "kurang cocog kanggo nglukis". Dhèwèké uga dikandhani yèn mbokmenawambokmanawa luwih cocog studi arsitèktur.<ref>Bullock, A. ''Hitler: A Study in Tyranny'', 30-31.</ref> Ing bukuné Hitler kandha mengkéné:
 
{{cquote|Tujuan perjalananku iku kanggo studi galeri lukisan ing Museum Karajan, nanging aku sajatiné namung ndelengi gedhongé waé. Saka ésok nganti bengi, aku mlayu saka obyèk siji menyang obyèk liyané, nanging sing tak-senengi mesthi namung gedhongé waé."<ref>Mein Kampf, Bab II, paragraf 3)</ref>}}
Larik 48:
Menawa carita iki bener, Hitler dadi jebulé ora tumindhak adhedhasar kapercayané sing anyar. Dhèwèké kerep mertamu mèlu mangan ing omahé kulawarga priyayi Yahudi lan sesrawungan karo para dagang Yahudi sing nyoba ngedolaké lukisané.<ref>''Hitler's Vienna. A dictator's apprenticeship'' by Brigitte Hamann and Thomas Thornton, Oxford University Press, USA (1 Juli 1999)</ref>
 
Hitler mbokmenawambokmanawa uga dipengaruhi déning karya [[Martin Luther]] ''[[Von den Juden und ihren Lügen]] '' ("Bab wong Yahudi lan dustané"). Prastawa ''[[Kristallnacht]]'' ("Wengi kristal") kadadéyan ing tanggal [[10 November]] – dina ulang tauné Luther. Ing ''Mein Kampf'', Hitler ngrujuk Martin minangka sawijining satriya agung, nagarawan sejati, lan tokoh réformis agung, sesandhingan karo Wagner lan [[Friedrich Agung]].<ref>Hitler, Adolf, ''Mein Kampf'', Jilid 1, Bab VII</ref> Wilhelm Röpke, sawijining sejarawan sing nulis bukuné sawisé Perang Donya II, narik kasimpulan yèn "wis jelas, [[Lutheranisme]] awèh pengaruh pulitik, spiritual lan sajarah sosial Jerman ing cara tartamtu nganti sawisé kabèh iku direnungaké, namung bisa diarani pancèn wis garisé."<ref>''The Solution to the German Problem'', déning [[Wilhelm Röpke]] (1946: 117), G.P. Putnam's Sons</ref>
 
Hitler dhéwé kandha yèn wong-wong Yahudi iku mungsuhé wong Arya. Dhèwèké nganggep yèn wong Yahudi iku sing ndhalangi krisis ing Austria. Hitler uga nganggep sawetara wangun [[sosialisme]] lan [[bolshevisme]] sing nduwé akèh pemimpin Yahudi minangka gerakan Yahudi lan ngaworaké paham anti-sémitisme Hitler, karo kagethingané marang Marxisme.