Bathara Kamajaya: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Arupako (parembugan | pasumbang)
c éjaan, replaced: yaiku → ya iku (2) using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan using AWB
Larik 20:
 
===Kamajaya ing lakon Partadéwa===
Ing lakon Partadewa, nalika Pandhawa padha ngupadi murcané Arjuna kang wektu iku dadi ratu ana Kahyangan Tinjomaya jejuluk Prabu Karitin iya Kathili, Kamajaya tumurun ing marcapada salin dadi pandhita mudha peparap Begawan Partadewa kang jejibahané ngunduraké barisané para [[Korawa|Kurawa]] kang nedya ngrebut dhampar negaranagara Amarta. Kanthi dibantu para putra-putra [[Pandhawa]] ([[Gathotkaca]], [[Antareja]], [[Antasena]], [[Abimanyu]], [[Setyaki]], lan sakpituruté) Begawan Partadewa bisa nundhung Kurawa saka Amarta.
 
==Bathara Kamajaya lan Bathara Guru==
Ing pakeliran dicaritakaké manawa para déwa iku bisa lara, nanging ora bisa tumeka pati. Jalaran wis padha ngunjuk tirta amreta. Nanging miturut layang [[Kakawin Smaradahana]] anggitané [[Mpu Dharmaja]] , Bathara Kamajaya iku bisa tumekaning pati kobar déning geni kang metu saka netrané Bathara Guru kang angka telu. Crita iki dadi sebab Kamajaya uga sinebut ''Anangga'' ing [[India]]. ''Anangga'' nduwé arti ''tanpa raga/awak.'' Wiwit kedadeyan iki, Kamajaya lan Kamaratih kudu manuksa ing manungsa supaya bisa bebarengan.
 
Déné caritané mangkéné: nalika Bathara Guru pinuju mbangunaké tapa ing Gunung Mahameru, Kahyangan Suralaya katekan kraman ratu asirah liman ([[basa Indonésia]]: gajah) jejuluk [[Prabu Nilarudraka]] saka negaranagara Glugutinatar. Prabu Nilarudraka ngirid wadyabala sagelar sepapan sedyané nelukaké kahyangan temahan dadi perang ramé ana Repat Kepanansan (alun-aluné kahyangan). Nanging para déwa padha kasoran kabèh. Panemuné Bathara Narada (pepatih ing Kahyangan Suralaya), amung Bathara Guru piyambak kang bisa nyirnakaké Prabu Nilarudraka.
Bathara panyarikan (Srita) matur yèn sadurungé tindak mertapa, Bathara Guru weling wanti-wanti, para déwa ora dikeparengaké nusul. Semono uga [[Dèwi Uma]] kang wektu iku nembé nggarbini sepuh.
 
Larik 44:
 
==Kapercayan ing tlatah Jawa==
Bathara Kamajaya lan Dèwi Ratih banget ditresnani déning wong-wong ing tanah [[Jawa]], mula ora mokal yèn jaman biyèn ana kapitayan, yèn ana wong sing ngandhut ([[basa Indonésia]]: hamil) kang sepisanan, kudu dianani slametan [[ngandhut]] pitung sasi kang diarani tingkepan utawa mitoni, awit slametan mau diadani ing wulan kapitu (ngandhut pitung sasi) utawa nalika kandhutan umur wolung sasi. Ing jroning slametan mau mbutuhaké sarat kang awujud cengkir gadhing cacahé loro, digambari Bathara Kamajaya lan Dèwi Ratih. Pamrihé mbesuk menawamanawa anaké lair lanang supaya bagusé kaya Kamajaya lan yèn lairé wadon ayuné kaya Bathari Ratih.
 
==Delengen Uga==