Fisika: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c →‎top: éjaan using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan using AWB
Larik 1:
[[Gambar:Foucault pendulum animated.gif|thumb|right|Conto èkspèrimèn ing Fisika nggunaaken pendulum]]
'''Fisika''' punika ngèlmu ingkang nyinaoni sedayasadaya barang ingkang wonten gandhènganipun kaliyan [[fenomena|fénoména]] ngalam. Anggènipun nyinaoni nganggé pitulung ngèlmu [[matematika|matématika]].
 
Téori fisika kathah dipunnyataaken ing notasi [[matématis]], lan [[matématika]] ingkang kagunaaken biasanipun langkung rumit tinimbang matématika ingkang kagunaaken ing bidhang ngèlmu sanèsipun. Bèntenipun fisika lan matématika inggih punika fisika wonten gandhènganipun kalih jagad matérial, menawi matématika gandhèngapipun kalih pola-pola [[abstrak]] ingkang boten mesthi wonten gandhènganipun kalih jagad matérial. Nanging, bèntenipun punika boten mesthi cetha. Wonten kathah wewengkon penlitén ingkang gandhèngan antawisipun fisika lan matématika, inggih punika fisika matématis, ingkang ngembangaken struktur matématis kanggé téori-téori fisika.
 
Istilah fisika punika saking [[basa Yunani]]: φυσικός (physikos), "alamiah", lan φύσις (physis), "alam". [[Fisikawan]] punika ngèlmu ingkang nyinaoni pratingkah lan sifat matéri ing bidhang ingkang kathah macemipun, saking [[partikel]] submikroskopis ingkang mbentuk sedayasadaya matéri (fisika partikel) ngantos pratingkah matéri [[jagad raya]] ingkang dados setunggal kesatuan [[kosmos]].
 
Sapérangan sifat ingkang dipunsinaoni ing fisika punika sifat ingkang wonten ing sedayasadaya sistem matéri ingkang ana, kados hukum [[kekekalan energi]]. Sifat kados mekaten asring kasebut [[hukum fisika]]. Fisika asring kasebut “ngèlmu wigati dhasar”, amargi sedayasadaya ngèlmu alam sanèsipun ([[biologi]], [[kimia]], [[geologi]], lan sanès-sanèsipun) nyinaoni jinis sistem matéri tartemtu ingkang manut hukum fisika. Contonipun, kimia punika ngèlmu prakawis [[molekul]] lan zat kimia ingkang dipunbentuk. Sifat setunggaling zat kimia dipuntemtokaken déning sifat molekul ingkang mbentuk, ingkang saged dipunjelasaken déning ngèlmu fisika kados [[mekanika kuantum]], [[termodinamika]], lan [[elektromagnetika]].
 
== Sekilas prakawis risèt fisika ==
=== Fisika téorètis lan fisika èkspèrimèntal ===
Budaya panlitén fisika bènten kaliyan ngèlmu sanèsipun amargi wontenipun pamisahan [[teori|téori]] lan [[eksperimen|èkspèrimèn]]. Kawit abad kalih dasa, kathah fisikawan piyambakkan ngususaken dhiri nliti ing [[fisika teoretis|fisika téorètis]] utawi [[fisika eksperimental|fisika èkspèrimèntal]] mawon, lan ing abad kalih dasa, sakedhik kémawon ingkang kasil ing kekalih bidhang punika. Sawalikipun, méh sedayasadaya téorètis ing biologi lan kimia ugi dados èkspèrimèntalis ingkang suksès.
 
Gampangipun, téoris ngupados ngembangaken téori ingkang saged njelasaken hasil èkspèrimèn ingkang sampun dipuncobi lan saged nginten-inten hasil èkspèrimèn ingkang badhé dhateng. Ing wekdal ingkang sami, èkspèrimèntalis nyusun lan ngleksanani èkspèrimèn kagem nguji prakiraan téoretis. Téori lan èkspèrimèn saged dipunkembangaken piyambak-piyambak, nanging kekalihipun sesambetan. Kemajengan ing fisika biasanipun medal ing wekdal èkspèrimèntalis ndamel panemuan ingkang boten saged dipunjelasaken téori ingkang sampun wonten, saéngga kedah dipunrumusaken téori-téori énggal. Tanpa èkspèrimèn, panlitén téorètis asring lumaku ing arah ingkang lepat; salah setunggaling conto inggih punika [[teori-M|téori-M]], téori populér ing fisika ènèrgi-tinggi, amargi èkspèrimèn kanggé nguji dèrèng naté dipunsusun.