Monumèn Nasional: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan using AWB
Larik 48:
}}
 
'''Monumèn Nasional''' utawa dicekak dadi '''Monas''' iku sawijining tugu ing punjer kutha [[Jakarta]] ing Lapangan Merdéka. Tugu iki nglambangaké perjuangan kamardhikan Républik Indonésia. Monas dhuwuré 132 mèter lan wiwit dibangun ing taun [[1961]]. Pambangunan Monas diprakarsani déning Presiden Soekarno. Monas lagi rampung lan dibukak kanggo umum ing taun [[1975]]. Pucuking Monas iku ana reca sing nglambangaké geni lan dilapisi déning emas tipis. Monas lan [[musèum]] iku bukak saben dina saka tabuh 08.00 - 15.00 WIB, kejaba dina [[Senèn]] pungkasan sajroning saben sasi.
 
==Sajarah==
Sawisé pusat pamaréntahan Republik [[Indonèsia]] bali menyang [[Jakarta]] sawisé sadurungé manggon ing [[Yogyakarta]] ing taun [[1950]] disusul ''pengakuan kedaulatan'' Republik Indonésia déning pamaréntah [[BelandaWalanda]] ing taun [[1949]], [[Presiden Sukarno]] mulai mikiraké pambangunan monumèn nasional kang arep padha karo [[Menara Eiffel]] ing lapangan sangarepé [[Istana Merdeka]]. Pambangunan tugu Monas nduwèni ancas kanggo ngenang lan nglestarikaké perjuangan bangsa Indonésia nalika jaman révolusi kamardhikan taun [[1945]], supaya bisa mènèhi inspirasi lan semangat patriotisme generasi saiki lan suk mbèn.
 
Ing tanggal [[17 Agustus]] [[1954]] komité nasional dibentuk lan sayembara perancangan monumèn nasional diwiwiti ing taun [[1955]]. Ana 51 karya kang mlebu, nanging mung 1 karya kang digawé déning [[Frederich Silaban]] kang mathuk karo kriteria kang ditemtokaké komité, antara liya nggambaraké karakter bangsa Indonésia lan bisa awèt nganti pirang-pirang abad. Sayembara kapindho dianakaké ing taun [[1960]] nanging ora siji-sijia saka 136 peserta kang mathuk karo kriteria. Ketua juri banjur njaluk Silaban supaya nguduhaké rancangané marang Sukarno. Nanging Sukarno kurang seneng karo rancangan iku lan kepingin monumèn iku awujud lingga yoni. Silaban banjur dijaluk supaya ngrancang monumèn kanthi téma iku, nanging rancangan kang diajukaké Silaban iku kapiken mulané prabéya kang kagedhèn ora mampu ditanggung karo anggaran nagara, apa manèh nalika iku ékonomi nagara isih durung apik. Silaban ora gelem ngrancang wangunan kang luwih cilik, lan mènèhi panyarué supaya pambangunan diundur ngentèni nganti tekan ékonomi Indonèsia dadi apik. Sukarno banjur njaluk arsitèk [[R.M. Soedarsono]] supaya nerusaké rancangan iku. Soedarsono mènèhi angka 17, 8 lan 45, kang nglambangaké 17 Agustus 1945 miwiti Proklamasi Kamardhikan Indonèsia, ing sajroning rancangan monumèn iku. Tugu Peringatan Nasional iki banjur dibangun ing panggonan kang ambané 80 héktar. Tugu iki diarsitèki déning Friedrich Silaban lan R. M. Soedarsono, dibangun wiwit tanggal 17 Agustus 1961.