Carita cekak: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan using AWB
Larik 1:
''Crita cekak'' iku carita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur caritane. Ing [[basa IndonesiaIndonésia]], disebut ''carita pendek'' (cerpen).Utawi sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe.
Ciri-ciri cerkak :
* Critane ringkes
Larik 23:
Ora nganti rong wulan jeneng Jayus ing désane ora kocap. Sing ana mung jeneng, Mbah Jo. Ing pasar. Ing koplakan dhokar. Ing warung-warung kopi sing dirembug mung mbah Jo. Tangga kiwa tengene yen ditakoni Jayus pengarang surialis ngono, malah ora ngerti. Ngertine mung mbah Jo …. Mbah Jo…..
Nalika Jayus nembe mlaku liwat ngarep sawijine Sekolah Dasar, dumadakan mak gruduk…. Ana bocah selawe ngebyuk dheweke. Ngundang jenenge nganggo mbah Jo…
“Lha kae, Mbah Jooo….. aku njaluk tandha tangane , Mbah. Bapak kula mangke siang mang puterke gendhing sepedhah pancal, nggih Mbah…..” bocah-bocah mau padha ngrangkul dheweke, nggandheng tangane. Malah ana kang nggandhuli clanane.
“Iya…iya…mengko tak puterne. Wis kana padha sinau sing sregep. Mbesuk ben padha dadi wong pinter…”
Tekan protelon cedhak bakul dhawet, Jayus sumlengeren. Ora ngira yen penggemare ora mung wong-wong tuwa. Ning jebule bocah-bocah kang isih umbelen barang ya gandrung mbek acara tayub mbah Jo. Sanjeroning batine, rumangsa mbombong. Bocah-bocah kae mujudake generasi muda kang bakale ora ilang sifat jawane. Senadyan ing era globalisasi, pranyata tayub, Mbah Jo uga isih gelem ngrungokake------“ mangkono panglocitane
Larik 31:
“Mangga kula sarengi yen ngaten, rak saged urut panggilane…”
“Pak bayan, nomer panggilan kula mang urutne kalih gadhahane, Mbah Jo, nggih. Awit kula kepengin poto jejer kalih kiyambake….”
“Ooooalah iki ta, mbah Jo sing nenging radio kae, bayan Kimun kandha sinambi noleh menyang, Jayus. Krungu tembung mbah Jo, wong-wong kang ngrubung ing papan kono banjur padha noleh.
“Pundi lho, Pak, mbah Jo- ne?”
“Lha iki …”
Larik 58:
“Wis wenehna ae KTP iku, mandhak wonge ya wis genah ae. Yen gelem ya kon padha poto manèh ae. Yen ora ya wis ben…”
“Lha mengke dados masalah ta, Pak?”
“Ora-ora… sing nenging poto iku rak kabeh lansia. Mung mbah Jo dhewe sing isih gagah. Yen mbah Jo kepengin mbaleni anggone poto ya tawanana. Ning aja lali kon mbayar manèh….”
“Nggih, Pak…”
Pranyata, Mbah Jo dhewe ya marem weruh asile potone. Dheweke mutusake yen ora arepe njaluk dibaleni anggone poto. Bene iku ae. Sing bingung ya ben bingung. Mandhak ming foto ae kok dadi masalah ….
Larik 66:
“Apane sing mundur? Paling sing kandha kaya mangkono rak wong-wong tukang nggawe teori kae? “
“Sastra lesan apa bisa dadi sastra Cyber, Mas? Saiki rak jamane sastra Cyber?”
“Coba sing ngaku sastra Cyber mau nggawe-a pooling menyang internet utawa liyane. Pira jumlah pembacane? Ngko terus dibandhingake karo jumlah penggemarku. Wong-wong kae isane mung teori, umpama nyithak bata, dheweke pintere nggawe cithakan kang apik. Ning bareng didhasarake nenging pasar? Pusss, sing tuku mung siji loro. Lha yen kaya mangkono rak malah mundur. Secara tehnologi dheweke unggul. Nanging kepriye carane amrih sastra tulis bali kuncara, malah ora dipikirake. Akhire asil karyane mung ngebaki perpustakaan-perpustakaan, bale basa. Blas gak ana sing ndemok, kejaba sing nulis dhewe…..”
“Karepmu?”
“Karepku kwalitas ya dipikirake. Nanging pasar kanggo kelangsungan uripe media kang dadi ajang kreatifitas direwangi mbudidaya kepriye amrih lestarine. Yen kaya mangkono rak imbang ta? Teori matenga nganti ndalu yen ajang kreatifitase mampet, sapa sing rugi?”