Trunajaya: Béda antara owahan
Konten dihapus Konten ditambahkan
→Kraman Trunajaya: éjaan using AWB |
éjaan using AWB |
||
Larik 7:
Sasampunipun Sultan Agung séda, pamarintahan Mataram kacepeng dèning Amangkurat I, ingkang marintah kanthi atos lan makarya sesarengan kaliyan VOC. Perkawis punika nuwuhaken raos boten marem saking warga keraton lan para ulama, ingkang katindak kanthi tegas dèning Amangkurat I. Pasulayan ingkang kados mekaten ing antawisipun Amangkurat I lan para ulama malah kepara kathah para ulama ingkang dipun rangket, sahingga kathah para ulama lan santri saking laladan panguaosipun Mataram ingkang kaukum pejah.
Pangéran Alit, rayinipun Amangkurat I piyambak wonten
== Kraman Trunajaya ==
Raos boten marem dhumateng Amangkurat I ugi dipunraosaken déning putra mahkota ingkang pikantuk sesebatan Pangeran Adipati Anom. Ananging Adipati Anom boten wantun ngraman kanthi ketingal. Kanthi sesidheman piyambakipun nyuwun pambiyantu Radèn Kajoran utawi Panembahan Rama, ingkang minangka ulama lan kalebet wargi keraton Mataram. Raden Kajoran salajengipun nepangaken putra mantunipun inggih punika Trunajaya putra saking Radèn Demang Melayakusuma minangka sarana ngraman Adipati Anom.
Mboten dangu Trunajaya kasil damel laskar, ingkang asalipun saking warga Madura ingkang boten remen kaliyan penjajahan Mataram. Kraman Trunajaya kawiwitan kanthi nyulik Cakraningrat II, ingkang salajengipun kaasingaken dhateng Lodaya, Kediri. Warsa 1674 Trunajaya kasil ngrebat panguaos wonten Madura, piyambakipun ngumandhangaken dirinipun minangka raja ingkang merdika wonten Madura sisih Kilen, lan rumaos piyambake sami kaliyan panguaos Mataram. Kraman punika dipun prakiraaken pikantuk sengkuyung saking warga Madura,amargi Cakraningrat II dipun anggep sampun daksiya dhateng pamarintahan.
Laskar Madura ingkang dipun pandhégani déning Trunajaya, salajengipun makarya sesarengan kaliyan [[Karaeng Galesong]] ingkang mandhegani warga ingkang mlajar saking [[Makasar]] ingkang nyengkuyung [[Sultan Hasanuddin]] ingkang sampun kawon mengsah VOC. Kelompok kasebat pusatipun wonten Demung, Panarukan. Sedaya sami sarujuk nyengkuyung Trunajaya merangi Amangkurat I lan Mataram ingkang makarya sesarengan kaliyan VOC. Trunajaya malah kepara ndhaupaken putrinipunn kaliyan putra saking [[Karaeng Galesong]] kagem ngraketaken pasedherekan. Kejawi saking punika Trunajaya ugi pikantuk panyengkuyung saking Panembahan Giri saking Surabaya ingkang ugi boten remen kaliyan Amangkurat I amargi tindak-tandukipun dhateng para ulama ingkang nantang piyambakipun.
Dipun pandhegani Trunajaya, wadya bala gabungan tiyang-tiyang Madura, Makasar, lan Surabaya kasil ndhesek wadya bala Amangkurat I. Kamimpangan-kamimpangan saking wadya bala Amangkurat I nuwuhaken pasulayan ing antawisipun Trunajaya lan Adipati Anom. Trunajaya kaprakirakaken boten purun masrahaken kepemimpinan dhateng Adipati Anom. Wadya bala Trunajaya malah kepara kasil ngawonaken wadya bala Mataram ingkang dipun pandhegani déning Adipati Anom ingkang wangsul nyengkuyung ramanipun wonten ing wulan Oktober 1676. Mboten kanyana, Trunajaya kasil nyerang kutha krajan Mataram, Plered. Amangkurat I kapeksa mlajar saking keraton lan nyingkir dhateng kilen, namung kasarasanipun sansaya mundur. Sasampunipun kadhesek dhateng Wonoyoso, piyambakipun seda wonten Tegal, lan kasareaken wonten satunggaling papan ingkang nami ''Tegal Arum''. Sasampunipun, Susuhunan Amangkurat I salajengipun ugi dipun kenal kanthi ajejuluk ''Sunan Tegal Arum''. Adipati Anom kaangkat dados Amangkurat II, lan Mataram kanthi resmi napak asmani prajanjen kaliyan VOC kagem mengsah Trunajaya. Prajanjen punika dipun kenal kanthi nami [[''Prajanjen Jepara (September 1677)'']]
Trunajaya ingkang sasampunipun mimpang ajejuluk '''Panembahan Maduretno''', salajengipun hangadekaken pamarintahan piyambak. Wekdal punika meh mawon sadaya laladan pesisir Jawi sampun dhawah dhateng astanipun Trunajaya, sinaoso laladan nglebet taksih kathah ingkang setia dhateng Mataram. VOC piyambak nate nyobi nawakaken perdamaian, lan nyuwun Trunajaya supados dhateng kanthi pribadi dhateng benteng VOC wonten Danareja. Trunajaya nolak tawaran punika.
|