Sumatra: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan & cithakan using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan using AWB
Larik 29:
 
== Geografis ==
Pulo Sumatra papané ing bagéan kulon gugusan kapuloan Indonésia. Ing sisih lor wewatesan karo TelukLempongan Benggala, ing wetan karo Selat Malaka, ing sisih kidul karo Selat Sundha, lan ing sisih kulon karo Samodra Hindia. Ing sisih wétan pulo, akèh ditemoni rawa sing dialiri déning kali-kali gedhé, antara liya; kali Asahan (Sumatra Lor), [[kali Kampar]], Siak lan Indragiri (Riau), [[kali Batang Hari]] (Jambi), [[kali Musi]], Ogan, lan Komering (Sumatra Kidul), [[kali Lematang]] (Lahat) lan [[kali Enim]] (Muara Enim).
Ing bagéan kulon pulo, mbentang Bukit Barisan sing mbujur saka lor tekan kidul. Mung sithik wewengkon saka pulo iki sing cocok dipigunaaké kanggo tetanèn [[pantun|pari]]. Sakdawané bukit barisan ana gunung-gunung ''berapi'' sing nganti saiki isih aktif, kaya gunung Merapi (Sumatra Kulon) lan Kerinci (Jambi). Pulo Sumatra uga akèh danau, ing antarané danau Laut Tawar (NAD), danau [[Toba]] (Sumatra Lor), danau Singkarak, Maninjau, Diatas dan Dibawah (Sumatra Kulon), danau Ranau (Sumatra Kidul)
 
Larik 35:
Jeneng asli pulo Sumatra, kaya déné kacathet ing sumber-sumber sajarah lan carita-carita rakyat, ya iku “Pulo Emas”. Istilah pulo ameh ditemoni ing carita Cindur Mata saka Minangkabau. Ing carita rakyat Lampung kacantum jeneng tanoh mas kanggo nyebut pulo sing gedhé iku. I-tsing (634-713) wong Cina sing mataun-taun netep ing Sriwijaya (Palembang saiki) ing abad kaping 7, nyebut pulo Sumatra kanthi jeneng chin-chou sing artiné “negeri emas”.
 
Ing sapérangan prasasti, pulo Sumatra disebut kanthi jeneng Sansekerta: Suwarnadwipa (“pulo emas”) utawa Suwarnabhumi (“lemah emas”). Jeneng-jeneng iki wis dipigunaaké ing naskah-naskah India sadurungé Masehi. Naskah Buddha sing kalebu paling tuwa, Kitab Jataka, nyritaaké pelaut-pelaut India nyeberang TelukLempongan Benggala nuju Suwarnabhumi. Ing carita Ramayana dikisahké panggolèkan Dèwi Sinta, patutané Rama sing diculik Ravana, nganti Suwarnadwipa.
 
Para musafir Arab nyebut pulo Sumatra kanthi jeneng Serendib (tepaté: Suwarandib), transliterasi saka jeneng Suwarnadwipa. Abu Raihan Al-Biruni, ahli geografi Persia sing ngunjungi Sriwijaya taun 1030, nelaaké yèn negeri Sriwijaya ana ing pulo Suwarandib. Nanging mbuh kepriyé, ana uga wong sing ngidhentifikasi Serendib kanthi jeneng Srilanka, sing ora naté disebut Suwarnadwipa!