Serat Wulang Sunu: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎top: éjaan using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan using AWB
Larik 1:
'''Serat Wulang Sunu''', iku salah siji karya sastra [[Jawa]] klasik tinggalan [[Paku Bawana IV]]( [[1768]] – [[1820]] ), arupa puisi tembang [[macapat]], jroning basa Jawa anyar kang tinulis ing taun [[1768]] nganti taun [[1820]] ing Kraton Kasunanan [[Surakarta]],<ref>[http://www.heritageofjava.com/art/sastra_jawa/Wulangsunu.htm Situs Heritage of Java]</ref> kang surasané yèn anak iku kudu ngabekti marang wong tuwa, kaya sing kagambaraké ana [[pupuh]] kapisan karya iki.
 
==Tèks==
Larik 13:
# Poma aja na nglakoni, ing sabarang polah ingkang salah tan wurung weleh polahe, kasuluh solahipun, tan kuwama solah kang silip, semune ingeseman ing sasaminipun, mulaneta awakingwang, poma aja na polah kang silip, samya brongta ing lampah.
# Lawan malih wekas ingsun kaki, kalamun sira andarbe karsa, aja sira tinggal bote, murwaten lan ragamu, lamun derajatiro alit, aja ambek kuwawa, lamun siro luhur, den prawira anggepiro, dipun sabar jatmiko alus ing [[budi]], iku lampah utama.
# Pramilane nonoman punikipunika, dan teberi jagong lan wong tuwa, ingkang becik pituture, tan sira temahipun, apan bathin kalawan lahir, lahire tatakromo, bathine bekti mring tuhu, mula eta wekasing wong, sakathahe anak putu buyut mami, den samya brongta lampah.
 
==Jarwa==
# Wulang sunu kang digawé lagu, kang diwiwiti bab tata cara [[ngabekti]], marang wong tuwa, bèn kabèh nggatèkaké, [[pitutur]] kang tinulis, sapa kang ora gelem nurut, marang pituduh tinulis, niscaya bakal kesia-sia, niscaya donya akherat bakal oleh cilaka , sawisé mati mlebu [[neraka]].
#Yèn mengko awakmu nglakoni [[pituduh]] kang ana sajroning serat, mesthi apik tiba mburiné, ngabekti marang ibu bapa, nalika sepisanan dituduhaké lelaku apik lan ala, déning ibu bapa nalika awakmu isih bayi, ibumu luwih lara lan sengsara ngopèni awakmu.
#Ora énak [[mangan]] lan [[turu]], ibumu ngopèni awakmu senajan mung mangan [[sega]] [[uyah]], senajan mung nelesi tenggorokan, mangan [[klapa]] uga dilakoni, saben dina [[adus]] lan [[umbah-umbah]] ning [[kali]] kanthi rekasa kanggo ngopèni awakmu , rasakné bab iku mau.
#Kahanan pait getir|[[getir]] ibumu ngopèni awakmu, dèwèké turu mung sambilan senajan kebak banyu uyuh lan tinjamu, dilakoni yèn awakmu buang kotoran [[ditatur]] lan [[dipangku]], diresiki déning ibumu didusi|[[didusi]] saben esuk lan sore nganti resik, yèn awakmu ngelih [[didulang]].
#Nalika awakmu umur sangang sasi, wektu iku awakmu bisa [[mbrangkang]], gawéyan ibumu mung njaga senajan mung nganggo kain sambungan, ngopèni awakmu nalika awakmu isih cilik, yèn awakmu kurang mangan digolèkké nganti éntuk, mengko yèn awakmu wis diwasa ora ana walesan liyané lelaku apik lan [[ngabekti]] marang wong tuwamu.
Larik 26:
#Kang wis [[kaprah]] tumrap bocah enom, [[solah tingkah]] [[malang mégung]] manjaaké awak, solah tingkah sing kliwatan lungguh sakepénaké lan ora ngerti kasopanan, alaku [[congkak]], seneng mamèraké awaké, kelakuané ora duwé arah, yèn awaké kesénggol [[njingkat]] lan pijer agawé [[onar]] marang wong akèh.
#Éling-éling aja ana sing anglakoni, kabèh lalaku sing salah, tingkahé mesthi bakal konangan, dhèwèké bakal kesuluh lan ora kuwat nandang, kaya-kaya kabèh wong mung mèsem, mulané iku anakku, élinga aja ana sing nglakoni salah bèn uripmu ora ngalami kasusahan.
#Ana manèh [[pitutur]]ku anakku, yèn awakmu nduwé karep aja nganti ngabotaké awak, , jaganen awakmu, yèn drajatmu cilik, aja ngrasa [[pesimis]], yèn awakmu dadi wong [[luhur]], jejegna pikirmu, [[sabar]] kanthi kaalusan, [[budi]], ya iku laku kang utama.
#Mula saka iku kaum muda|[[muda]] saiki sing sabar, wewanuhan karo wong tuwa, gatèkaké pituturé sing apik, saka lair tekan bathin, lair kanthi [[tatakrama]], batiné kanthi [[ngabekti]] marang wong tuwa, ya iku pituturku kanggo kabèh anak putu cicitku, bèn uripmu ora ngalami kasusahan.