Paramasastra Jawa: Béda antara owahan
Konten dihapus Konten ditambahkan
sithik |
sithik |
||
Larik 1:
'''Paramasastra basa Jawa''' iku ngèlmu wewaton bab panulis sarta tatananing tetembungan ing [[basa Jawa]].<ref>s.v. Bausastra Poerwadarminta (1939)</ref> Wis akèh kitab kang nganggo irah-irahan "''Paramasastra''" kang dianggit déning sawetara pujangga. [[Tembung]] iki dijupuk saka rong tembung ''parama'' lan ''sastra''. Loro-loroné tembung iki kasilih saka basa Sangskreta. Tembung ''parama'' iku tegesé sing dhuwur dhéwé, kamangka ''śāstra'' iku tegesé ngèlmu, kitab suci, buku, kawruh utawa sembanga tulisan utawa aksara.<ref>s.v. Bausastra Zoetmulder (1982)</ref>
Tata basa Jawa akèh njupuk istilah saka basa Sangskreta. Tata basa Sangskreta iki
Artikel iki majar paramasastra basa Jawa sacara cekak.
== Tembung kriya ==
== Tembung aran ==
==Undha-usuk basa==
Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu nuhoni unggah-ungguhing basa, ya iku kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa [[Basa Jawa Ngoko|ngoko]]. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa [[Basa Jawa Krama|krama]].
==
===Konsèpsi dhasar===
Tata pikir [[wong]] Jawa wiwit jaman biyèn wis meruhi anané "cipta-rasa-karsa". Dhèskripsi filsafat bab basa dumadi saka tataran "madubasa-madurasa-madubrata" sing nyakup "purwa-madya-wasana". Madubasa, iku kawruh bab sopan-santun lan adat-istiadat nalika migunakaké basa. Madurasa, iku ngenani tepasalira, tepa-tepi, unggah-ungguh, éguh-tangguh, tuju-panuju, empan-papan, kala-mangsa lan duga-prayoga. Déné madubrata, ngenani bab éling lan waspada, nawung kridha lan pangastuti.<ref>''Paramasastra Basa Jawa'', Dr. Aryo Bimo Setiyanto, SH, Panji pustaka Yogyakarta ISBN 979-25-2732-X</ref>
|