Switserlan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c gedhe, gedhè -> gedhé using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎Sajarah Awal: pengaruh, pangaruh -> prabawa using AWB
Larik 97:
==Sajarah==
===Sajarah Awal===
Suku pisanan kang ana ing Swiss ya iku anggota [[budaya Hallstatt]] lan [[La Tène]]. Budaya La Tene ana lan ngrembaka suwene [[Abad Wesi]] kang pungkasan saka kira-kira taun [[450 SM]], kaya-kaya entuk pengaruhprabawa saka peradaban [[Yunani]] lan [[Etruska]]. Salah siji klompok suku paling penting ing Swiss ya iku [[Helvetii]]. Ing taun [[15 SM]], [[Tiberius I]], kang arep nyalon dadi Kaisar Romawi kaping pindho, lan sedulure Drusus, bisa kasil naklukake [[Alpen|Pegunungan Alpen]], nggabungake kelorone marang Kekaisaran Romawi. Laladan kang dipanggoni suku Helvetii – banjur dijenengi Confoederatio Helvetica. Confoederatio Helvetica ing pisanan dadi bagian Propinsi Gallia Belgica Romawi banjur dipindhah [[Germania Superior]]. Dene bagian wetan Swiss modern digabungake menyang Propinsi Raetia.
 
Ing [[Abad Pertengahan Awal]], saka [[abad kaping 4]], panambahan dawa arah kulon Swiss modern dadi laladan [[Raja Burgundia]]. Suku Alemani mapan ing dataran dhuwur Swiss ing [[abad kaping 5]] lan [[lembah]] [[Alpen]] nalika [[abad kaping 8]], mbentuk Alemania. Swiss modern banjur kaperang dadi Kerajaan Alemannia lan Burgundia. Sakabehing laladan iku dadi bagian [[Kekaisaran Frankia]] ing [[abad kaping-6]], nyusul kamenangan Chlodwig I saka Alemanni ing Tolbiac nalika taun [[504]], banjur bangsa Frankia ndominasi Burgundia.
Larik 103:
Saka taun [[561]], Raja Guntram saka [[Merovingia]], putune Chlodwig I, marisi Kerajan Burgundia Frankia, kang ambane saka kulon adohe meh tekan [[Kali Rhein]]. Ing sisih wetane, suku Alamanni diprintah sangisore kadipaten nominal ing Frankia, amarga bangsa Frankia ngisi kalodhangan akibat mudhune pencapaian Bizantium Romawi menyang kulon. Saka masa iki, bangsa Frankia lagi miwiti mbentuk watak tritunggal kang bakal nyirikake sisa sajarahe. Laladan iki banjur kaperang dadi Neustria ing sisih kulon (mung diarani minangka Frankia nalika semana; jeneng Neustria ora tinulis ing tulisan nganti 80 taun sabanjure), Austrasia di sisih wetan segara lan Burgundia.
 
Sasuwene abad kaping-6 lan wiwitan [[abad kaping-7]], kawasan Swiss ana ing sangisore hegemoni Frankia, karo bangsa Frankia kang asring ana perselisihan perkara suksesi ing sub-kerajaan Frankia (kang raja-rajane isih nduwèni gegayutan saseduluran). Nalika taun [[632]], Chlothar II mati, sakabehing wewengkon Frankia didadekake siji nanging mung sedhela ing ngisore [[Dagobert I]], kang dianggep raja kang pungkasane Merovingia kang bisa nglakoni tugas krajaan. Nalika dipandhegani Dagobert I, [[Austrasia]] ngagitasi pamaréntahane dhéwé kanggo piranti ngadhepi pengaruhprabawa [[Neustria]], kang ndominasi mahkamah krajaan. Dagobert dipeksa déning aristokrat Austrasia kang kuwat kanggo ngangkat anake kang isih bayi, Sigibert III, supaya dadi raja ngisorane Austrasia nalika taun [[633]]. Kakurangan pamaréntahan anyar iku dadi nyata, lan mandhegani nagara-nagara kang ditundukake déning bangsa Frankia kang wis mikirake untung-rugi pemberontakan. Sawise Sigibert III dikalahake militere déning Radulf, Raja [[Thüringen]] ing taun [[640]], suku Alemani uga mberontak marang kakuasaan Frankia. Masa kamardhikan Allemani sabanjure nganti tekan pertengahan abad kaping 8.
 
Wali Istana diangkat déning Raja Frankia minangka pejabat pengadilan wiwit awal [[abad kaping 7]] supaya dadi penengah antarane raja lan rakyat. Nanging, sedane Dagobert I ing taun [[639]], kanthi pewaris mahkota kang isih balita ing Neustria (Chlodwig II—yuswane 2 taun) lan Austrasia (Sigibert III—yuswane watara 4 taun), para pejabat iku entuk kekuasaan kang luwih gedhe. Ing pungsakasane, mungkasi kekuasaan penguasa Merovingia, lan ngebut tahta Frankia. Langkah pisanan kang dilakoni Wali Istana Austrasia, Grimoald I, ngeyakinake Sigibert III kang ora duwé anak supaya ngadopsi puterane dhéwé Childebert si Anak Pungut minangka pewaris tahta.