Fisika: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎Pranala jawi: ganti kat using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c bentuk -> wujud using AWB
Larik 76:
 
=== Téori palsu ===
[[Fusi dingin]] – [[Teori gravitasi dinamik]] – [[Luminiferous aether]] – [[Energi orgone]] – [[Teori bentukwujud tetap]]
 
== Sejarah ==
''Artikel utama: [[Sejarah fisika]]. Mangga ugi mirsani [[Fisikawan terkenal]] lan [[Penghargaan Nobel ing Fisika]]''.
 
Kawit zaman purba, tiyang sampun nyobi supados mangertos sifat saking [[benda]]: kenapa obyek ingkang boten dipuntopang tiba tumuju [[lemah]], kenapa [[material]] ingkang bènten nggadhahi properti ingkang bènten, lan salajengipun. Sanèsipun inggih punika sifat saking [[jagad raya]], kados bentukwujud [[Bumi]] lan sifat saking obyek celestial kados [[Srengenge|Srengéngé]] lan [[Mbulan]].
 
Sapérangan téori dipunusulaken lan kathah ingkang lepat. Téori punika kathah gandhènganipun saking istilah [[filosofi]], lan boten naté dipunpesthèkaken kanthi èkspèrimèn sistematik kados ingkag populér sapunika. Wonten pangecualian lan [[anakronisme]]: contonipun, pamikir [[Yunani]] [[Archimedes]] nurunaken kathah dhèskrispi kuantitatif ingkang leres saking [[mekanik]] lan [[hidrostatik]].
Larik 88:
Ing awal [[abad kaping 17]], [[Galileo Galilei|Galileo]] mbikak panggunaan èkspèrimèn kanggé mesthèkaken kaleresan téori fisika, ingkang dados kunci saking [[metode sains]]. Galileo ndamel formulasi lan kasil ngetés sapérangan hasil saking [[dinamika mekanik]], utaminipun [[Hukum Inert]]. Ing taun [[1687]], [[Isaac Newton]] nerbitaken [[Filosofi Natural Prinsip Matematika]], mènèhi panjelasan ingkang cetha lan téori fisika ingkang suksès: [[Hukum Gerak Newton]], ingkang arupi sumber saking [[mekanika klasik]]; lan [[Hukum Gravitasi Newton]], ingkang njelasaken [[gaya dhasar]] [[gravitasi]]. Kekalih téori punika cocog ing èkspèrimèn. Prisipipun uji nglebetaken sapérangan téori ing dinamika fluid. Mékanika klasik dipunkembangaken ageng-agengan déning [[Joseph-Louis de Lagrange]], [[William Rowan Hamilton]], lan sanèsipun, ingkang nyiptaaken formula, prinsip, lan hasil énggal. [[Hukum Gravitasi]] miwiti bidhang [[astrofisika]], ingkang nggambaraken [[fenomena|fénoména]] [[astronomi]] nggunaaken téori fisika.
 
Kawit [[abad kaping 18]] lan salajengipun, [[termodinamika]] dipunkembangaken déning [[Robert Boyle]], [[Thomas Young]], lan kathah sanèsipun. Ing taun [[1733]], [[Daniel Bernoulli]] nggunaaken argumen [[statistika]] wonten ing mékanika klasik kanggé nurunaken hasil termodinamika, miwiti bidhang [[mekanika statistik]]. Ing taun [[1798]], [[Benjamin Thompson]] nunjukaken konversi kerja [[mekanika]] tumuju ing [[panas]], lan ing taun [[1847]] [[James Joule]] nyataaken hukum konservasi [[energi]], wonten ing bentukwujud panas ugi ing energi mekanika.
 
Sifat [[listrik]] lan [[magnetisme]] dipunsinaoni déning [[Michael Faraday]], [[George Ohm]], lan sanèsipun. Ing taun [[1855]], [[James Clerk Maxwell]] nunggalaken kalih fénoména punika dados téori [[elektromagnetisme]], dipunjelasaken kanthi [[persamaan Maxwell]]. Perkiraan saking téori kasebat: [[cahaya]] inggih punika [[gelombang elektromagnetik]].