Radèn Wijaya: Béda antara owahan

144 bèt wis ditambahake ,  3 taun kepungkur
tanpa ringkesan besutan
(ganti kat, replaced: raja → ratu (8), didik → dhidhik, Indonesia → Indonésia (2), parte → parté, Museum → Musiyum , mbangun → yasa, Dhaptar → Pratélan (2), mrintah → mréntah, sekaligus → sisan, endah → éndah)
[[Gambar:Harihara, statue.jpg|thumb|Reca Harihara, déwa gabungan [[Siwa]] lan [[Wisnu]] minangka panggambaran [[Kertarajasa]]. Lokasi wiwitané ing Candhi Simping, [[Blitar]], saiki dadi kolèksi [[Musiyum Nasional Républik Indonésia]].]]
'''Radèn Wijaya''' (lair: ? - séda: [[Majapahit|Majapait]], [[1309]]) iku sing ngadegaké [[Karajan Majapahit|Kraton Majapait]] sisanuga ratu pisanan sing mréntah ing taun [[1293]]-[[1309]], mawa gelar '''Prabu Kertarajasa Jayawardana. Nararya Sanggramawijaya Sri Maharaja Kertajasa Jayawardhana'''.
Miturut ''[[Kakawin Nagarakretagama|Nagarakretagama]]'', Raden Wijaya séda taun [[1309]] lan disarèkaké ing Antahpura lan didadèkaké candhi ing Simping minangka Harihara, utawa nyawijiné antara [[Wisnu]] lan [[Siwa]].
Radèn Wijaya digantèkaké déning [[Jayanagara]] minangka ratu sabanjuré.
 
== Asma Asli ==
Radèn Wijaya iku asma sing lumrah dianggo déning para sejarawan kanggo nyebut pangadeg [[Krajan Majapait|Kraton Majapait]]. Asma iki ana jroning ''[[Pararaton]]'' kang tinulis watara pungkasan abad ka-15. Kadhangkala ''Pararaton'' uga nulis sacara pepak, ya iku '''Raden Harsawijaya'''. Kamangka miturut bukti-bukti prasasti, ing mangsa kauripan Wijaya (abad ka-13 utawa 14) gelar ''raden'' durung populèrkondhang.
 
''[[Nagarakretagama]]'' kang tinulis ing mangsa tengahan abad ka-14 nyebut pangadeg Majapait ajeneng '''Dyah Wijaya'''. Sesebutan ''dyah'' arupa sesebutan kabangsawanan sing populèrkondhang wektu semana lan dadi cikal bakal sesebutan ''Radèn''. Istilah ''Radèn'' dhéwé dikira-kira asal saka tembung ''Ra Dyah'' utawa ''Ra Dyan'' utawa ''Ra Hadyan''.
 
Jeneng asli pangadeg Majapait sing paling pas ya iku '''Nararya Sanggramawijaya''', amarga jeneng iki ana ing [[prasasti Kudadu]] sing diwetokaké déning Wijaya dhéwé ing taun [[1294]]. Sesebutan ''Nararya'' uga minangka sesebutan kabangsawanan, senadyan sesebutan ''Dyah'' luwih kerep dianggo.
 
== Asal-Usul ==
Miturut ''[[Pararaton]]'', Radèn Wijaya iku putra [[Mahisa Campaka]], pangéran saka [[Krajan Singhasari|Kraton Singhasari]]. Panjenengané gedhé ing lingkungan KrajanKraton Singhasari.
 
Miturut ''[[Pustaka Rajya Rajya i Bhumi Nusantara]]'', Radèn Wijaya iku putra pasangan [[Rakyan Jayadarma]] lan [[Dyah Lembu Tal]]. Ramané ya iku putra [[Prabu Guru Darmasiksa]], ratu [[Krajan Sundha Galuh|Kraton Sundha Galuh]], déné ibuné ya iku putri [[Mahisa Campaka]] saka [[Krajan Singhasari|Kraton Singhasari]]. Kanthi mangkono, Radèn Wijaya minangka campuran getih [[Wong Sundha|Sundha]] lan [[Wong Jawa|Jawa]]. Sawisé Rakyan Jayadarma tiwas diracun mungsuhé, Lembu Tal bali menyang Singhasari nggawa Wijaya. Sejatiné, Radèn Wijaya dadi ratu ka-27 [[Krajan Sundha Galuh|Kraton Sundha Galuh]]. Suwaliké panjenengané ngadegaké [[Majapait]] sawisé tiwasé ratu [[Kertanagara]], ratu [[Singhasari]] pungkasan, sing uga sedulur ibuné.
 
Crita ing dhuwur mèmper karo carita ing ''[[Babad Tanah Jawi]]'' sing nyebut pangadeg KrajanKraton Majapait ya iku '''Jaka Sesuruh''' putra Prabu Sri Pamekas ratu [[Krajan Pajajaran|Kraton Pajajaran]], sing uga dumunung ing kawasan [[Sundha]]. Jaka Sesuruh mlayu mangétan amarga dikalahaké déning sedulur kuwaloné sing jenengé [[Ciung Wanara|Siyung Wanara]]. Panjenengané banjur yasa [[Krajan Majapait|Kraton Majapait]] lan banjur numpes Siyung Wanara.
 
Crita kasebut béda karo ''[[Nagarakretagama]]'' sing nyebut Dyah Lembu Tal iku wong lanang, putra [[Narasinghamurti]]. Naskah iki muji Lembu Tal minangka prawira yuda sing gagah lan bapa saka Dyah Wijaya.
* ''Babad Tanah Jawi, Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647''. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
* Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. ''Sejarah Nasional Indonésia Jilid II''. Jakarta: Balai Pustaka
* R.M. Mangkudimedja. 1979. ''Serat Pararaton Jilid 2''. Jakarta: DepartémenDepartemen PendhidhikanPendidikan dan Kebudayaan, Proyek Penerbitan Buku Sastra IndonésiaIndonesia dan Laladan
* [[Slamet Muljana]]. 2005. ''Menuju Puncak Kemegahan'' (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS
* Slamet Muljana. 1979. ''Nagarakretagama dan Tafsir Sejarahnya''. Jakarta: Bhratara
63.045

besutan