Basa Kapampangan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Larik 34:
}}'''Basa Pampanga''' utawa '''Kapampangan''' (aksara Kulitan: [[Image:Kapampangan.svg|24px]]) ya iku salah siji basané Filipina. Basa iki dipituturaké ing Propinsi [[Pampanga]], ing bacirané [[Luzon Tengah]], iring kidul Propinsi [[Tarlac]] lan lor-wétané [[Bataan]], akéh-akéhé panyaturé ya iku [[Wong kapampanga|wong Kapampanga]]. Basa Kapampangan uga dingertèni ing sawetara kutha ing [[Bulacan]], [[Nueva Ecija]], lan déning wong [[Aeta|Aitas]] utawa Aéta saka Propinsi [[Zambales]]. Saliyané iku, basa iki uga diarani ''Pampango'' lan ing basa Kapampangan dhéwé diarani ''Amánung Sísuan'', sing tegesé 'basa suson/rumatan'. Ing taun 2012, basa Kapampangan dadi salah sawijining basa gedhé ing Filipina sing resmi diwulang lan disinaoni ing sekolah-sekolah lan universitas-universitas.<ref name="gruyter">{{cite book|author1=Ulrich Ammon |author2=Norbert Dittmar |author3=Klaus J. Mattheier |title =Sociolinguistics: an international handbook of the science of language and society|publisher =Walter de Gruyter|volume=Volume 3|year =2006|page=2018|isbn =978-3-11-018418-1|url =https://books.google.com/books?id=LMZm0w0k1c4C&printsec=frontcover#v=onepage&q&f=false}}</ref>
==Sejarah==
Tembung ''Kapampangan'' adhedhasar saka tembung ''pampáng'' sing artiné "arus". Ing sejarahé, basa iki dipituturaké ing jaman [[PrajaTondo|Praja Tondo]], sing dipréntah déning [[Lakan]]. Ing abad 18, ana rong buku bab Kapampangan sing ditulis déning Fr. Diego Bergaño. Dhèwéké nulis buku ''Vocabulario de la lengua Pampanga''<ref name="Bergaño">Bergaño</ref> lan ''Arte de la lengua Pampanga''. Wong Kapampangan uga nduwé rong sastrawan gedhé ing abad ka-19. Rama [[Anselmo Fajardo]] kondhang amarga karyané ''Gonzalo de Córdova'' lan ''Comedia Heróica de la Conquista de Granada''. Musanip liyané, [[Juan Crisóstomo Soto]] uga misuwur amarga nulis rena-rena babagan. Salah sijiné, dhèwèké nulis ''Alang Dios'' ing taun 1901. Sastrawan Kapampangan liyané ya iku [[Amado Yuzon]]uga, sing diarani sujana sastra lan uga calon panampa [[Hadiah Nobel|Bebungah Nobèl]] kanggo katentreman lan kasusastran ing taun 1950-an awit sumbangsihé ing kasusastran Kapampangan lumantar "Crissotan".<ref>{{blockquote|Ing akèhmanéka patemonpasamuwan, wong Kapampangan katonané luwih tatagkendhel lan cethayakin sesambunganyèn sambung rembug karo padha-padha'sabarakané' [Kabalen] ‘sadhulur’dhéwé ingnganggo basa Tagalog tinimbang nganggo basané dhéwé . KayataKaya ta, akèh pandhita Katolik sing saiki nganggo basa Tagalog ing kotbahé barengnalika liturgi KampampangaKampampangan, sawetara iku pasamuwan patemon muridsiswa SMA uga nganggo basa Tagalog sanajan kabéh sing tumekateka wong KapampangaKapampangan. |[http://www.silinternational.org/asia/philippines/ical/papers/pangilinan-Dispute%20on%20Orthography.pdf ]}}</ref>
 
==Gegebengan==
Kapampangan iku salah sawijiné basa Luzon Tengah sajeroning kulawarga basa [[Basa-basa Austronesia|Austronésia]]. Basa liyané sing cedhak karo basa Kapampangan ya iku [[Basa-basa Sambal|kulawarga basa Sambal]] ing Propinsi [[Zambales]] lan [[basa Bolinao]] sing panyaturé ana ing kutha [[Bolinao, Pangasinan|Bolinao]] lan [[Anda, Pangasinan|Anda]] ing Propinsi [[Pangasinan]]. Saliyané iku, basa Kapampangan isik saduluran uga karo [[basa Jawa]], [[Basa Malagasi|Malagasi]], [[Basa Tagalog|Tagalog]], [[Basa Indonésia|Indonésia]], lan sapanunggalé.