Rahwana: Béda antara owahan

11 bèt wis dibusak ,  3 taun kepungkur
c
busak cithakan, per Special:Diff/1146451; panggantèn kosmètik
c (→‎Gegaman lan aji-aji: akeh -> akèh using AWB)
c (busak cithakan, per Special:Diff/1146451; panggantèn kosmètik)
Wiwit cilik Dasamuka digegala déning ingkang éyang Prabu [[Sumali]], supaya seneng ulah kasutapan lan prihatin, saéngga ing tembé dadi wong sing digdaya sekti mandraguna tanpa tandhing, darbé kaluwihan ngungkuli sapa baé. Wiwit cilik tekané diwasa Dasamuka lan adhi-adhiné padha urip ing pertapan, lan mertapa tanpa mangan lan ngombé ing pucuking gunung Gohkarna lawasé seket taun. Saben limang taun, sirahé dipothol siji, dilebokaké ing geni sesaji.
 
Bareng wis ganep seket warsa, Dasamuka karawuhan bathara Syiwa (Bathara Guru). Dasamuka kaparengaké darbé panuwun, lan panuwuné mau bakal diudanèni. Dasamuka nyuwun aji jaya kawijayan kang linuwih, jagad ora ana sing bisa nandhingi. Aja nganti bisa mati mungsuh manungsa, [[naga]], [[garudha]], [[buta/raseksa]], [[apsara]], [[widadara]] apadéné déwa. Kabèh makhluk urip ing saindhengé jagad kudu bisa dikuwasani kanthi gampang. Bathara Guru ngabulaké panyuwuné Dasamuka, amung welingé yèn ana kethèk putih, Dasamuka ora dikeparengaké ngina, apamanèh gawé cintrakané. Awit amung kethèk putih iku kang bisa ngasoraké yudané Dasamuka.
 
Sapurnané mertapa, Dasamuka tumuli kasengkakaké ngaluhur jumeneng nata ing Alengka, nglintir kepraboné ingkang éyang, Prabu Sumali. Sawisé jumeneng ratu, Dasamuka nedya ngénggar-énggar panggalihé ing Gunung Kelasa. Lagi waé arep munggah gunung dumadakan ketemu déwa wujud wanara séta, bebisik Bathara Nandiswara. Nandiswara ngalang-alangi Dasamuka supaya aja mbacut, awit ing puncaké gunung iku lagi dienggo lelangen Bathara Sangkara (Sang Hyang Syiwa) ora kersa dicedhaki sapa waé. Dasamuka ora mreduli, malah nandukaké pangina marang Sang Nandiswara, amarga priksa wujudé kethèk kang lucu. Nandhiswara duka lan ndhawahaké upata (sot) yèn ing tembé nagarané Dasamuka bakal dirusak déning titah awujud kethèk putih.
 
== Sirnané Rahwana ==
Ing perang Giriantara, ya iku perang antarané nagara Alengka (utawa ''Lanka'', vèrsi [[Indhia]]) lumawan Pancawati dadi ramé amarga Prabu Rama dibiyantu déning para wanara. Pungkasané Dasamuka iya Rahwanaa bisa disirnakaké déning Prabu Ramawijaya srana ditamani senjata pamungkas wujud jemparing paringané déwa aran Kiai Guhyawijaya. Dadi dudu jemparing Kiai Guwawijaya sing asring sok dikocapaké Ki Dhalang kaé. Kuwi salah kaprah, jalaran tembung Guhyawijaya iku mengku teges, Guhya tegesé gaib,déné wijaya tegesé kemenangan, dadi cethané Guhyawijaya iku tegesé "kemenangan kang sinandhi/gaib").
 
Prabu Rama anggoné ngasoraké Dasamuka iku sejatiné mung kinarya lantaran tumrap [[Bathara Wisnu]] anggoné bakal mbrasta tumindha dur angkara murka kang tumanduk ana anggané Prabu Dasamuka.
 
Bareng Dasamuka ketaman Guhyawijaya ora bisa obah amarga pusaka iku tumanem ana puseré Dasamuka nganti tembus tekan gigir lan bedhoré jemparing tumancep ing watu kemlasa. Bareng Dasamuka wis ora bisa obah owah manèh, uli ragané ditableg gunung Pangungrungan (Somawana) déning Anoman saéngga Dasamuka pralaya. Sapurnané perang brubuh iku, Alengka banjur diwènèhké marang Wibisana.
 
== Dasanama ==
 
== Pranala njaba ==
* {{id}} [http://www.bausastra.com/main/index.php?do=view&id=4 dasamuka utawa Rahwana ing Bausastra Javanese Dictionary] (bausastra.com)
 
{{ramayana}}
11.292

besutan