Adhedhasar [[Prasasti Kuburajo]], Adityawarman inggih punika putranipun ''Adwayawarman''.<ref name="buku1">{{nl}}[Kern, J.H.C., (1913), ''Grafsteenopschrift van Koeboer Radja'', Bijdragen tot de Taal-, Land- en Volkenkunde van Nederlands-Indië, p. 401–404.]</ref> Sanèsipun punika, saking [[Prasasti Bukit Gombak]] dipunpratélakaken bilih Adityawarman punika putranipun ''Adwayadwaja''.<ref name="buku2">{{id}}[Djafar, Hasan, (1992), ''Prasasti-Prasasti Masa Kerajaan Melayu Kuno dan Permasalahannya'', Seminar Sejarah Melayu Kuno, Jambi, 7-8 Desember 1992. Jambi: Pamaréntah Laladan Tingkat I Jambi bekerjasama dengan Kantor Wewengkon Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jambi.]</ref> Asma ramanipun Adityawarman punika meh sami kaliyan satunggalipun punggawa (''pejabat'') ing [[Karajan Singhasari]] (''Rakryān Mahāmantri Dyah Adwayabrahma'') ingkang nalika warsa [[1286]] ngater [[Arca Amoghapasa]] kangge dipundamel (kanthi dipuntatah) ing [[Kabupatèn Dharmasraya|Dharmasraya]] minangka hadiyah saking [[Kertanagara]] raja Singhasari dhumateng [[Srimat Tribhuwanaraja Mauli Warmadewa]] raja [[Melayu]].<ref name="buku2"/>
Wonten ing kitab [[Pararaton]] lan ''Kidung Panji Wijayakrama'' dipunsebataken kanthi asma ''Gusti Janaka'' ingkang gelaripun ''Mantrolot Warmadewa''.<ref name="buku3">{{id}}[Mangkudimedja, R.M., (1979), ''Serat Pararaton''. Alih aksara lan alih basa Hardjana HP. Jakarta, Departemen P dan K, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonésia dan Laladan.]</ref> Ibunipun nggadhahi asma [[Dara Jingga]] putri [[Karajan Melayu]] ing [[Dharmasraya]].<ref name="buku3"/> Dara Jingga kaliyan rayinipun, [[Dara Petak]], ndhèrèk kaliyan tim [[ekspedisi Pamalayu]] ingkang kondur dhateng [[Jawa]] ing taun [[1293]].<ref name="buku3"/> Ahli waris Kertanagara ingkang asmanipun [[Raden Wijaya]] mendhet Dara Petak minangka permaisurinipun lan bilih Dara Jingga ''sira alaki dewa'', nggadhahi garwa satunggalipun "dewa" (''bangsawan'').<ref name="buku3"/>