Fritz Haber: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: dipunginakaken -> dipun-ginakaken (éjaan), replaced: dipunginakaken → dipun-ginakaken (2)
Larik 22:
Piyambakipun ugi aktif wonten ing panalitén reaksi [[pembakaran]], pemisahan [[emas]] saking toya laut, prabawa [[adsorpsi]], lan [[elektrokimia]]. Sapérangan ageng pedamelanipun saking taun [[1911]] dumugi [[1933]] dipuntindakaken piyambak wonten ing Institut kanggé Fisika lan Elektrokimia wonten ing [[Berlin]]-[[Dahlem]]. Haber minangka peran utama wonten ing pengembangan "perang kimia" wonten ing PD I. Bagéyan kerjanipun kalebet pengembangan topeng gas kaliyan penyaring absorban. Perang gas wonten ing PD I inggih punika, wonten ing sapérangan bab, perang para kimiawan, kanthi Haber ''prang tandhing'' kaliyan pamenang Nobel Kimia asal Perancis [[Victor Grignard]]. Garwanipun nolak pedamelanipun babagan gas beracun lan langkung milih bunuh dhiri kaliyan senjata dinasipun sabibaripun piyambakipun njagi panganggoan kapisanan [[klorin]] wonten ing [[Ypres]].<ref>http://www.chemheritage.org/discover/online-resources/chemistry-in-history/themes/early-chemistry-and-gases/haber.aspx</ref>
 
Sasampunipun PD I pungkas, Nobel Kimia dipunparingaken malih nalika taun [[1918]]. Panarimanipun inggih punika kimiawan anorganik Fritz Haber. Penghargaan punika mbok menawi paling kontroversial wonten ing sajarah Nobel Kimia. Proses ammonia ingkang dipunpanggiaken Haber panci migunani tumrap agrikultur saperlu pendamelan pupuk. Ananging prosesipun punika ugi dipunginakakendipun-ginakaken saperlu damel gas beracun nalika perang. Sejarawan Elizabeth Crawford nedahaken bilih Komite Nobel sajatosipun boten maringi penghargaan Nobel dhumateng Haber menawi wonten dhukungan internasional kanggé kandidat sanésipun.<ref>http://www.jewishvirtuallibrary.org/jsource/biography/Haber.html</ref>
 
Wonten ing studinipun babagan gas beracun, Haber manggihaken hubungan matematika ingkang gampil antawising konsentrasi (C) gas lan jumlah wekdal (t) ing pundi punika dipunhirup, nedahaken minangka C x t = k, ing pundi k inggih punika tetapan. Kanthi mekaten, pembukaan wonten ing tingkat andhap gas sadangunipun masa panjang saged nyebabaken akibat ingkang sami (tuladha: nyebabaken séda) minangka pembukaan konsentrasi inggil sadangunipun wekdal ingkang cekak. Hubungan punika dipunkenal minangka kaidah Haber. Haber mbéla perang gas saking dakwaan bilih punika boten kagungan perikemanusiaan, ngendika bilih tilar donya, kantha cara punapa kemawon ingkang dipunmedalaken. Wonten ing taun [[1920]]-an, piyambakipun ngembangaken pembentukan gas sianida [[Zyklon B]], ingkang dipunginakakendipun-ginakaken minangka [[insektisida]].<ref>http://www.nndb.com/people/884/000092608/</ref>
 
Sabibaripun ngundhuaraken dhiri, kondhisi jantung Fritz Haber samsaya parah/ Amargi kahanan keséhatan ingkang samsaya lemah, pungkasanipun Fritz Haber tilar donya nalika tanggal [[29]] [[Januari]] [[1934]] wonten ing [[Basle]]. Boten dangu sasampunipun Haber seda, Asosiasi Kimia Jerman (German Chemical Society) ngawontenaken sawijining seremonial saperlu maringi pakurmatan dhumateng Fritz Haber. NAZI langsung duka mireng rencana punika. Nazi duka amargi Asosiasi Kimia Jerman maringi sawijining pakurmatan ingkang ageng sanget dhumateng salah satunggaling tiyang ingkang sampun nentang Nazi. Nazi ngancem badhe nangkep sadaya tiyang ingkang rawuh wonten ing adicara punika. Ningali kathahipun ahli kimia ingkang rawuh, Nazi boten siyos nindakaken rencananipun. Nazi sadar bilih para ahli kimia minangka tulang punggung saking rekonstruksi [[Jerman]] sabibaripun [[Jerman]] risak rikala Perang Donya I. Tanpa wontenipun para ahli Kimia, Nazi dangu sanget anggenipun mbangun kekiyatan malih.