Warna (Hindu): Béda antara owahan

10 bèt wis ditambahake ,  2 taun kepungkur
éjaan, replaced: badhe → badhé, bidang → babagan (5), kangge → kanggé, masyarakat → masarakat (4), militer → militèr, sae → saé (3), saengga → saéngga (3)
(éjaan: satunggalipun, mujudaken, désa, manungsa, replaced: setunggal → satunggal (2))
(éjaan, replaced: badhe → badhé, bidang → babagan (5), kangge → kanggé, masyarakat → masarakat (4), militer → militèr, sae → saé (3), saengga → saéngga (3))
[[Gambar:Simbol Hindu.jpg|thumb|Simbol Hindhu]]
 
Wonten ing [[agama]] [[Hindhu]], ukara [[Kasta]] dipunsebut kanthi '''Warna''' ([[Sanskerta]]: वर्ण; varṇa). Urat tembung "Warna" kapendhet saking basa [[Sanskerta]] "vrn" ingkang ngemu teges "milih". wonten ing ajaran [[agama]] [[Hindhu]], status manungsa wonten ing masyarakatmasarakat dipunpendhet saking pedamelanipun. Wonten ing konsep kasebut dipungambaraken éwadéné manungsa punika lair wonten ing kulawarga [[Sudra]] (budak) utawi [[Waisya]] (dagang), yèn piyambakipun sregep wonten ing bidangbabagan rohani saéngga dados pandhita, piyambakipun gadhah hak nyandhang status [[Brahmana]]. Saéngga, status manungsa wonten ing sajroning masyarakatmasarakat punika boten saking piyambakipun lair ananging sabibaripun nglampahi pedamelan tartamtu.<ref name="buku 1">I Ketut Sukartha, dkk. (2003). ''Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3''[[ISBN 979-571-020 6 (jilid 1)]]. Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.</ref>
 
Wonten ing tradisi [[Hindhu]], menawi satunggal tiyang ahli wonten ing bidangbabagan kerohanian, piyambakipun nyandhang status [[Brahmana]]. Bilih satunggal tiyang ahli utawi nindakaken pedamelan wonten ing bidangbabagan administrasi pamerentahan utawi nyandhang gelar minangka pegawé utawi prajurit nagara, piyambakipun nyandhang status [[Ksatriya]]. Menawi satunggal tiyang ahli babagan dedagangan uatwi niaga, tetanen, sarta pakaryan sanesipun ingkang gegayutan kaliyan niaga, arta, piyambakipun nyandhang status [[Waisya]]. Menawi satunggaling tiyang nindakaken pakaryan minangka pembantu saking tigang status kasebut (Brahmana, Ksatriya, Waisya), piyambakipun nyandhang status minangka kasta [[Sudra]].<ref name="buku 2">Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). ''Hinduisme Sebuah Pengantar''[[ISBN 978-979-722-399-1]]. Surabaya: Penerbit Paramita.</ref>
 
== Warna ingkang utama ==
=== Brahmana ===
 
[[Brahmana]] minangka golongan [[pendeta]] saha rohaniwan wonten ing sawijining masyarakatmasarakat, saenggasaéngga golongan kasebut minangka golongan ingkang paling dipunhurmati. Wonten ing ajaran Warna, tiyang ingkang nyandhang gelar Brahmana amargi keahlianipun wonten ing bidangbabagan pengetahuan [[agama]]. Saengga, status minangka Brahmana boten dipunangsal saking lair. Status Brahmana dipunangsal kanthi nindakaken ajaran [[agama]] kanthi tumemen dumugi tiyang punika layak dipunsebut rohaniawan.<ref>[http://www.kamusbesar.com/52578/kasta-brahmana]</ref>
 
=== Ksatriya ===
 
[[Ksatriya]] minangka golongan para bangsawan ingkang tumemen babagan pamerentahan utawi administrasi nagara. Ksatriya ugi minangka golongan para ksatriya utawi para [[monarki|Raja]] ingkang ahli babagan [[militermilitèr]] saha pinter migunakaken [[senjata]]. Kuwajiban golongan Ksatriya inggih punika ngayomi golongan [[Brahmana]], [[Waisya]], saha [[Sudra]]. Menawi golongan Ksatriya nindakaken kuwajibanipun kanthi leres, piyambakipun badhebadhé angsal berkah saha pandonga saking golongan Brahmana, Waisya, sarta Sudra.<ref name="buku 2"/>
 
=== Waisya ===
 
[[Waisya]] minangka golongan para [[pedagang]], [[petani]], [[nelayan]], sarta pakryan sanesipun ingkang kalebet bidangbabagan niaga utawi sadaya pedamelan ingkang ngurus sadaya babagan ingkang asipat [[material]], kadosta pangan, sandhang, papan, lsp. Kuwajibanipun inggih punika nyekapi kabetahan pokok (sandhang, pangan, papan) golongan Brahmana, Ksatriya, sarta Sudra.<ref name="buku 2"/>
 
=== Sudra ===
== Sistem kerja ==
 
Caturwarna nuntun satunggaling tiyang supados nglaksanakaken kuwajibanipun kanthi saesaé. Golongan [[Brahmana]] dipunwajibkaken kanggekanggé nyukani pengetahuan rohani dhumateng golongan Ksatriya, Waisya, saha Sudra. Golongan [[Ksatriya]] dipunwajibkaken supados mgayomi golongan Brahmana, Waisya, saha Sudra. Golongan [[Waisya]] dipunwajibkan supados nyekapi kabetahan material golongan Brahmana, Ksatriya, saha Sudra. Dene golongan [[Sudra]] dipunwajibkan mbiyantu golongan Brahmana, Ksatriya, saha Waisya supados kuwajibanipun sadaya golongan saged dipunlaksanakaken kanthi saesaé.<ref name="buku 1"/>
 
Sekawan golongan kasebut ([[Brahmana]], [[Ksatriya]], [[Waisya]], [[Sudra]]) sami mbiyantu saha sami nyekapi sadayanipun supados saged kacekapan kanthi saesaé. Wonten ing sistem Caturwarna, babagan hak boten dipunandharaken amargi hak punika dipunangsal kanthi otomatis. Hak boten dipuntampi menawi sekawan golongan boten sami mbiyantu.Sekawan golongan dipunanjuraken supados sami mbiyantu saenggasaéngga saged nampi hak.Wonten ing sistem Caturwarna wonten sawijining siklus "maringi saha dipunparingi" menawi sekawan golongan sami netepi kuwajibanipun.<ref name="buku 1"/>
 
Amargi status satunggal tiyang boten saged dipungpirsani nalika lair, saenggasaéngga statusipun saged punewahi. Hal kasebut kadadean menawi tiyang punika boten netepi kuwajibanipun kanthi status ingkang dipunsandhang. Tiyang ingkang lair wonten ing kulawarga [[Brahmana]] saged dados [[Sudra]] menawi tiyang kasebut boten gadhah wawasan rohani ingkang jembar, saha ugi boten layak dados pendeta. Mekaten ugi tiyang ingkang lair wonten ing golongan [[Sudra]] saged dados [[Brahmana]] amargi piyambakipun gadhah pengetahuan ingkang jembar babagan kerohanian saha layak dados [[pendeta]].<ref name="buku 1"/>
 
== Penyimpangan ==
 
Kathah tiyang ingklang nganggep Caturwarna sami kaliyan [[Kasta]] ingkang maringi tiyang sawijining status wonten ing masyarakatmasarakat nalika lair. Ananging wonten ing kasunyatanipun, status wonten ing sistem Warna dipunangsal sabibaripun tiyang punika nindakaken sawijining pakaryan tartamtu. Sistem Warna ugi dipunanggep mbentenaken kedhudhukan tiyang. Ananging wonten ing ajaranipun, sistem Warna kepenging supados tiyang netepi kuwajiibanipun kanthi temen.<ref>[http://sosbud.kompasiana.com/2011/05/15/kasta-era-sekarang/]</ref>
Asring tiyang ingkang lair ing kulawarga ingkang gadhah status sosial ingkang inggil saha ndamel putranipun ngroas seneng dhumateng status sosial tinimbang nindakaken kuwajibanipun. Sistem Warna ngajaraken tiyang supados boten ngagungaken status sosialipun, ananging dipunsuwun saged nindakaken kuwajibanipun kanthi status ingkang dipunsandhang saking lair, ananging saking keahlianipun. Saengga, dipuntuntut langkung tanggel jawab kanthi status ingkang dipunsandhang.<ref name="buku 1"/>
Wonten ing [[Indonesia]] (mliginipun wonten tlatah [[Bali]]) piyambak kadadean salah paham tumrap sistem Catur Warna. Catur Warna kedah dipunpisahaken saking pangerten kasta. Pamanggih kasebut dipunngendikakaken déning Drs. I Gusti Agung Gde Putera, nalika punika Dekan Fakultas Agama dan Kebudayaan Institut Hindhu Dharma Denpasar nalika rapat Desa Adat se-kabupaten Badung taun 1974. Gde Putera ingkang sapunika Dirjen Bimas Hindhu dan Buda Departemen Agama nedahaken<ref>Sebuah Kutipan dari buku "Kasta dalam Hindu – kesalahpahaman berabad-abad". Oleh: Ketut Wiana dan Raka Santeri</ref>:
348.872

besutan