Proklamasi kamardikan Indonésia: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Rachmat04 (parembugan | pasumbang)
c busak cithakan, per Special:Diff/1146451; panggantèn kosmètik
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: biasané → biyasané, kerja → makarya (2), militer → militèr (2), muda → mudha (3), pada → padha, Presiden → Présidhèn, sawektu → nalika, Senadyan → Sanajan, televisi → télévisi
Larik 1:
[[Gambar:Indonésia declaration of independence 17 August 1945.jpg|thumb|Soekarno maca naskah Proklamasi sing wis diketik Sajuti Melik lan wis ditandatangani Soekarno-Hatta]]
 
'''Proklamasi Kamardikan Indonésia''' Jumat, 17 Agustus 1945 Taun Masehi, utawa 17 Agustus 2605 miturut [[taun Jepang]], utawa 17 Ramadan 1365 Taun Hijriah diwacakaké déning Ir. [[Soekarno]] sing didhampingi déning Drs. [[Mohammad Hatta]] ing Dalan Pegangsaan Wétan 56, Jakarta Pusat. Prosès kanggo nggayuh proklamasi iki ora gampang. Sadurungé wis dibentuk sawijining panitia panyelidik, banjur ganti jeneng dadi panitia persiapan, sing diadani déning pamaréntah [[Jepang]]. Ing pungkasan [[Perang Donya II]] ya iku tanggal [[12 Agustus]] [[1945]], Marsekal Terauchi wis ngandaraké marang Soekarno, Hatta lan Radjiman yèn pamaréntah Jepang bakal énggal mènèhi kamardikan marang Indonésia lan proklamasi kamardikan bisa dilaksanakaké jroning sawetara dina, gumantung cara kerjamakarya [[PPKI]]. Nanging para pemuda Indonésia wis ora sranta, saéngga kedadéyan Prastawa Rengasdengklok ya iku 'penculikan' Soekarno saperlu didhesek supaya énggal ngumumaké kamardikan.
 
== Latar wuri ==
Larik 9:
Soekarno, Hatta minangka pimpinan [[PPKI]] lan [[Radjiman Wedyodiningrat]] minangka mantan ketua [[BPUPKI]] dimaburaké menyang Dalat, 250 km ing sisih wétan segara [[Saigon]], [[Vietnam]] kanggo ketemu [[Terauchi|Marsekal Terauchi]]. Ana kabar yèn pasukan Jepang pinuju ana ing jurang kakalahan lan bakal mènèhaké kamardikan marang Indonésia. Sauntara iku ing [[Indonésia]], ing tanggal [[14 Agustus]] [[1945]], [[Sutan Syahrir]] wis krungu warta liwat radhio yèn Jepang wis nyerah marang Sekutu. Para pejuang gerilya siap-siap mroklamasèkaké kamardikan RI, lan nulak wujud kamardikan minangka hadiah Jepang.
 
Ing tanggal [[12 Agustus]] [[1945]], [[Jepang]] liwat Marsekal Terauchi ing Dalat, Vietnam, ngandaraké marang Soekarno, Hatta lan Radjiman yèn pamaréntah Jepang bakal énggal mènèhi kamardikan marang Indonésia lan proklamasi kamardikan bisa dilaksanakaké jroning sawetara dina, gumantung cara kerjamakarya PPKI.<ref>[http://sejarahkita.blogspot.com/2006/07/sekitar-proklamasi-1.html Sekitar Proklamasi 1 oleh Rushdy Hoesein]</ref> SenadyanSanajan mangkono Jepang ménginaké kamardikan Indonésia ing tanggal 24 Agustus.
 
Rong dina sabanjuré, wektu Soekarno, Hatta lan Radjiman bali menyang tanah air saka Dalat, [[Sutan Syahrir]] ndhesek supaya Soekarno énggal mroklamasèkaké kamardikan amarga nganggep asil patemon ing Dalat minangka tipu muslihat Jepang, amarga Jepang sawektunalika-wektu wis kudu nyerah marang Sekutu lan kanggo nyelaki anané perpecahan jroning kubu nasionalis, antara sing anti lan pro Jepang. Hatta nyritakaké marang Syahrir bab asil partemon ing Dalat.
Soekarno durung yakin yèn Jepang pancèn wis nyerah, lan proklamasi kamardikan RI wektu iku bisa ndadèkaké wutahing getih sing akèh, lan bisa duwé akibat fatal yèn para pejuang Indonésia durung siap. Soekarno ngélingaké Hatta yèn Syahrir ora duwé hak mroklamasèkaké kamardikan amarga iku haké [[Panitia Persiapan Kamardikan Indonésia]] (PPKI). Sauntara iku Syahrir nganggep PPKI arupa badan gawéyan Jepang lan proklamasi kamardikan déning PPKI mung ateges 'hadiah' saka Jepang (sic).
 
[[Gambar:Indonésia flag raising witnesses 17 August 1945.jpg|thumb]]
Ing tanggal [[14 Agustus]] [[1945]] Jepang nyerah marang [[Sekutu]]. Tentara lan [[Angkatan Laut Jepang]] isih kuwasa ing Indonésia amarga Jepang wis janji bakal mbalèkaké kakuwasan ing Indonésia marang Sekutu. Sutan Sjahrir, Wikana, Darwis, lan Chaerul Saleh krungu kabar iki liwat radhio [[BBC]]. Sawisé krungu désas-desus Jepang bakal bertekuk lutut, golongan mudamudha ndhesak golongan tuwa supaya énggal mroklamasèkaké kamardikan Indonésia. Nanging golongan tuwa ora kepingin kesusu lan ora gelem ana wutah getih nalika proklamasi. Konsultasi diayahi jroning wangun rapat PPKI. Golongan mudamudha ora nyetujoni rapat iku, ngèlingi PPKI iku badan sing dibentuk déning Jepang. Golongan mudamudha kepingin kamardikan saka usaha bangsa kita dhéwé, dudu pawèwèh Jepang.
 
Soekarno lan Hatta nekani panguwasa militermilitèr Jepang (''Gunsei'') kanggo konfirmasi ing kantoré ing ''Koningsplein'' (Medan Merdeka). Ananging kantor kasebut kothong.
 
Soekarno lan Hatta bebarengan Soebardjo sabanjuré lunga menyang kantor ''Bukanfu'', [[Maeda Tadashi|Laksamana Muda Maeda]], ing Dalan Medan Merdeka Utara (Rumah Maeda ing Jl Imam Bonjol 1). Maeda nyambut kerawuhan rombongan iki kanthi ucapan slamet wis kasil ing Dalat. Sinambi njawab yèn dhèwèké durung nampa konfirmasi sarta isih nunggu instruksi saka Tokyo. Samulihé saka Maeda, Soekarno lan Hatta énggal nyiapaké patemon Panitia Persiapan Kamardikan Indonésia (PPKI) ing jam 10 pagi 16 Agustus ésuké ing kantor Jalan Pejambon No 2 kanggo ngrembug sing magepokan karo persiapan Proklamasi Kamardikan.
Larik 52:
 
== Isi Teks Proklamasi ==
[[Gambar:Indonésian_Rupiah_proclamation_of_independence_1945.png|thumb|right|200px|Proklamasi Kemerdekaan padapadha Indonésia Rupiah uang kertas (Rp100000).]]
Isi tèks [[proklamasi]] kamardikan sing cekak iki ya iku:
 
Larik 86:
== Pèngetan 17 Agustus ==
 
Saben taun ing tanggal 17 Agustus, rakyat Indonésia mèngeti Dina Proklamasi Kamardikan iki kanthi meriah. Wiwit saka [[Panjat pinang|lomba panjat pinang]], [[mbakal kerupuk|lomba mbakal kerupuk]], nganti upacara militermilitèr ing [[Istana Merdeka]], kabèh bagéan saka masarakat mèlu partisipasi nganggo carané dhéwé-dhéwé.
 
=== Lomba-lomba tradisional ===
Larik 103:
=== Pèngetan Dhetik-dhetik Proklamasi ===
 
Pèngetan detik-detik Proklamasi ing Istana Merdeka dipimpin déning [[PresidenPrésidhèn RI]] minangka [[Inspektur Upacara]]. Pèngetan iki biasanébiyasané digiyaraké sacara langsung déning kabèh stasiun televisitélévisi. Acara-acara ing ésuk klebu: panembakan mriem lan sirene, pangibaran gendéra [[Sang Saka Merah Putih]] (Gendéra Pusaka), maca naskah Proklamasi, lll. Ing wayah soré ana acara penurunan bendera Sang Saka Merah Putih.
 
== Rujukan ==