|nagara=[[Indonésia]]
|kepuloan=Nusa Tenggara
| jembar = 5.435 km² [[DaftarPratélan pulo miturut jembar wewengkon|(108)]]
|garispasisir= ? km
|populasi=2.722.123 ([[2001]])<ref name="demografi">[http://ntb.go.id/ntb.go.id/demografi.php Demografi penduduk di situs NTB]</ref>
}}
'''Pulo Lombok''' (cacahing [[padunung]] ing taun [[2001]]: 2.722.123 jiwa)<ref name="demografi"/> iku pulo ing [[kapuloan Sunda Cilik]] utawa [[Nusa Tenggara]] sing kapisahaké déning [[Selat Lombok]] saka [[pulo]] [[Bali]] ing sisih [[kulon]] lan [[Selat Alas]] ing sisih wétan saka pulo [[Sumbawa]]. Pulo iki kurang luwih awangun bunder mawa wangun kaya "buntut" ing sisih [[kidul-kulon]] sing dawané watara 70 km. Jembaré pulo iki ana 5.435 km², andadèkaké pulo iki peringkat 108 saka [[DaftarPratélan pulo miturut jembar wewengkon|daftarpratélan pulo adhedhasar jembaré ing donya]]. Kutha utama ing pulo iki ya iku [[Kutha Mataram]].
== Pamérangan administratif ==
[[Gambar:Rinjani volcano satellite.jpg|thumb|250px|Foto infra merah saka satelit nuduhaké pulo Lombok lan [[kawah]] [[Gunung Rinjani]]]]
Lombok klebu propinsiprovinsi [[Nusa Tenggara Kulon]] lan pulo iki dhéwé dipérang dadi 3 [[kabupatèn]] lan 1 [[kuthamadya]]:
* Kuthamadya [[Mataram, Lombok|Mataram]]
* Kabupatèn [[Lombok Barat]]
[[Selat Lombok]] nandani wates [[flora]] lan [[fauna]] [[Asia]]. Miwiti saka pulo Lombok mangétan, flora lan fauna luwih nuduhaké kamiripan karo [[flora]] lan [[fauna]] sing ditemokaké ing [[Australia]] tinimbang [[Asia]]. Ilmuwan sing pisanan nyatakaké bab iki ya iku [[Alfred Russel Wallace]], wong [[Inggris]] ing [[abad kaping-19]]. Kango ngurmati bab iku wates iki banjur diarani [[Garis Wallace]].
Topografi pulo iki didominasi déning [[gunung geni]] [[Rinjani]] sing dhuwuré nganti 3.726 metermèter saka lumahing segara lan ndadèkaké gunung nomer telu paling dhuwur ing Indonésia. Gunung iki pungkasan njeblug sasi Juni-Juli [[1994]]. Ing taun [[1997]] kawasan gunung lan telaga Segara Anak ing tengahé dinyatakaké dilindhungi déning pamaréntah. Laladan kidul pulo iki sebagéan gedhé awujud tanah subur sing dimanfaataké kanggo tetanèn. Komoditas sing biasabiyasa ditandur ing tlatah iki antara liyaantarané [[jagung]], [[pari]], [[kopi]], [[tembako]] lan [[kapas]].
== Demografi ==
[[Gambar:Peta basa di Lombok.png|thumb|250px|Peta basa ing pulo Lombok]]
Watara 80% [[padunung]] [[pulo]] iki ya iku [[wong]] [[Wong Sasak|Sasak]], sawijing suku bangsabebrayan sing isih cedhak karo suku [[wong Bali|Bali]], ananging sebagéan gedhé nganut agama [[Islam]]. Sisa padunung ya iku wong [[suku Bali|Bali]], [[Wong Jawa|Jawa]], [[Tionghoa-Indonésia|Tionghoa]] lan [[Arab-Indonésia|Arab]].
=== Basa ===
Saliyané [[basa Indonésia]] minangka basa nasional, padunung pulo Lombok (utamanémligi suku Sasak), migunakaké [[basa Sasak]] minangka basa utama jroningsajeroning pacelathon sadina-dina. Ing tlatah Lombok, basa Sasak bisa ditemokaké jroningsajeroning patang rupa dhialèk sing béda-béda ya iku dhialèk Lombok lor, tengah, lor-wétan lan kidul-wétan. Saliyané iku amarga akèhé padunung suku [[Bali]] sing manggon ing Lombok (sebagéan gedhé asal saka eks [[Karajan Karangasem]]), ing sawetara panggonan utamanémligi ing [[Lombok Kulon]] lan [[Kutha Mataram|Kuthamadya Mataram]] bisa dotemokaké perkampungan sing migunakaké [[basa Bali]] minangka basa pacelathon sadina-dina.
=== Agama ===
SebagéanSapérangan gedhé padunung pulo Lombok utamanémligi [[suku Sasak]] nganut [[agama]] [[Islam]]. Agama kaloro paling gedhé sing dianut ing pulo iki ya iku agama [[Hindhu]], sing dianut déning para padunung katurunan [[Bali]] sing caché watara 15% saka kabèh populasi. Panganut agama [[Kristen]], [[Buda]] lan agama liyané uga ana, utamanémligi dianut déning para migran saka manéka suku lan ètnis sing mukim ing pulo iki.
Ing [[Lombok Kulon]] bagéan lor, persisé ing laladan [[Bayan]], utamanémligi ing kalangan sing wis tuwa, isih bisa ditepungi para panganut aliranilèn ''[[Islam Wetu Telu]]'' (wektu telu). Ora kaya umumélumrahé panganut ajaran Islam sing nglakoni [[salat]] kaping lima sedina sewengi, para panganut ajaran iki nglakoni [[salat]] [[wajib]] mung ing telung wektu waé. Kocap kacarita bab iki amarga panyebar Islam wektu iku ngajaraké Islam sacara mbakabaka sethithik lan ora bisa nyampurnakaké dakwahé.
{{clear}}
== Sajarah ==
[[Gambar:Traditional Sasak Village Sade rice barn.JPG|thumb|250px|right|Wangun [[lumbung]] [[pari]] khaskas pulo lombok]]
Miturut isi [[Babad Lombok]], karajan paling tuwa sing tau kuwasa ing pulo iki ajejuluk [[Karajan Laeq]] (jroningsajeroning basa Sasak ''laeq'' tegesé wektu biyèn), nanging sumber liya ya iku [[Babad Suwung]], nyatakaké yèn karajan paling tuwa sing tau ana ing Lombok ya iku [[Karajan Suwung]] sing diwangun lan dipimpindipanggedhèni déning Raja [[Bethara Indera]]. Karajan Suwung sabanjuré surut lan digantèkaké déning [[Karajan Lombok]]. Ing [[abad kaping-9]] nganti [[abad kaping-11]] madeg [[Karajan Sasak]] sing sabanjuré dikalahaké déning salah siji karajan sing asalé saka Bali. Sawetara karajan liya sing tau madeg ing pulo Lombok antara liyaantarané Pejanggik, [[Langko]], [[Bayan]], [[Sokong Samarkaton]] lan [[Selaparang]].
[[Karajan Selaparang]] muncul ing rong periodekalamangsa ya iku ing [[abad kaping-13]] lan [[abad kaping-16]]. Karajan Selaparang pisanan ya iku karajan Hindhu lan kakuwasané rampung wiwit tekané ekspedisièkspèdhisi [[Karajan Majapahit]] ing taun [[1357]]. Karajan Selaparang kaloro ya iku karajan Islam lan kakuwasané rampung ing taun [[1740]] sawisé ditaklukaké déning gabungan [[KarajaanKraton Karang Asem]] saka [[Bali]] lan [[Arya Banjar Getas]] ya iku kulawarga karajaan sing khianat marang Selaparang amarga pasulayan karo rajaratu Selaparang.<ref name=depdagri>[http://www.depdagri.go.id/konten.php?nama=Laladan&op=detail_propinsi&id_prov=24&dt=sejarah&nm_prov=Nusa%20Tenggara%20Barat Sejarah Nusa Tenggara Barat, situs Departemen Dalam Negeri]</ref>
== Pariwisata ==
[[Gambar:Cidomo Senggigi.JPG|right|250px|thumb|[[Cidomo]], alatpiranti transportasi tradhisional ing pulo lombok, sarana transportasi utama ing laladan padésan]]
Lombok akèh mèmperé karo Bali, lan ing dasawarsa taun [[1990-an]] wiwit dikenalkaloka déning wisatawan mancanagara. Nanging kanthi munculé [[krisis moneter]] ing pungkasan taun [[1997]] lan krisis-krisis liya sabanjuré, potènsi pariwisata banjur rada kesrakat. Ing wiwitan taun [[2000]] ana kerusuhandahuru antar-etnisètnis lan antar agama ing tlatah Lombok saéngga akèh pangungsèn gedhèn-gedhènan kaum minoritas sing ngungsi menyang pulo [[Bali]]. Nanging sauntara wektu sabanjuré situasi wis pulih lan para pangungsi bali menyang Lombok manèh. Ing taun [[2007]] sèktor pariwisata minangka siji-sijiné sèktor ing Lombok sing paling tuwuh ngrembaka.
=== Destinasi objek pariwisata ===
|