Kebo: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: utamané → mligi, umumé → lumrahé, spesies → spésies (2), biasané → biyasané, bagéyan → pérangan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: dipigunakaké minangka → minangka (3), disebut → ingaran, genus → gènus, jroning → sajeroning (4), mbentuk → mujudaké, ordo → ordho, senajan → sanajan (4)
Larik 19:
}}
 
'''Kebo''' iku sawijining kéwan sing isih klebu jroningsajeroning subkulawarga [[bovinae]]. Kebo liar utawa diarani uga ''Arni'' isih bisa ditemokaké ing laladan-laladan [[Pakistan]], [[India]], [[Bangladesh]], [[Nepal]], [[Bhutan]], [[Vietnam]], [[Cina]], [[Filipina]], [[Taiwan]], [[Indonésia]], lan [[Thailand]]. Panjinakan kebo umum ing [[Asia]], [[Amérika Kidul]], [[Afrika Lor]], lan [[Éropah]]. Kebo liar akèh urip lan ditemoni ing [[Asia Kidul-Wétan]], senajansanajan asal-usul kebo iki isih dipitakokaké.
 
Saiki populasi kebo liar ing Asia wiwit medhun lan dikuwatirké yèn ing mangsa ngarep ora ana manèh populasi kebo liar sing bisa ditemokaké. Kebo diwasa bisa duwé bobot watara 300 kg nganti 600 kg. Kebo liar bisa duwé bobot luwih, kebo liar wadon boboté bisa tekan 800 kg lan kebau liar lanang bisa nganti 1200 kg. Bobot rata-rata kebo lanang ya iku 900 kg lan dhuwur rata-rata ing pérangan pundhak kebo ya iku 1,7 m. Salah siji ciri sing mbédakaké kebo liar karo kebo dhomèstik ya iku yèn kebo dhomèstik duwé weteng sing bulet. Kanthi anané pacampuran keturunan antarané kebo-kebo karo populasi sing béda, bobot awak kebo bisa manéka warna. Kebo diprakirakaké asalé saka [[Asia Kidul]].
 
Klasifikasi kebo isih durung cetha. Sapérangan autoritas nglompokaké kebo minangka sawinijing spésies ''Bubalus bubalis'' kanthi telung subspesies ya iku Kebo kali (''B. bubalis bubalis'') sing asalé saka Asia kidul, Kebo (''B. bubalis carabanesis'') utawa kebo rawa sing asalé saka Asia kidul-wétan lan [[Arni]] utawa kebo [[liar]] (''B. bubalis arnee''). Jinis liya biyasané isih kerabat cerak karo [[subspesies]] iki. Kebo rawa sing bisa ditemokaké ing Asia kidul-wétan duwé 48 [[kromosom]]. Kebo kali duwé 50 [[kromosom]]. Keturunan saka loro subspesies iki bisa ditemokaké lan bisa ngasilaké keturunan, senajansanajan kebo-kebo mau ora bisa tangkar-tumangkar karo sapi sing duwé 60 kromosom.
 
[[Susu]] kébo akèh dipigunakaké déning manungsa. Contoné minangka bahan kèju [[Mozzarella]]. Daging kebo uga arupa asil èkspor utama ing India. Senajan mangkono daging kebo kurang disenengi ing Asia amarga atos. Kulit kebo asring dipigunakaké uga minangka sepatu lan hèlm pit motor.
Larik 29:
== Asia ==
[[Gambar:Indonésia-Bull.jpg|thumbnail|left|Kebo ing Indonésia]]
[[Asia]] iku papan asal kebo. 95% saka populasi kebo ing donya ana ing Asia. Akèh nagara-nagara Asia sing gumantung marang spésies iki, dialap dagingé, susuné, utawa tenaga kerjané. Nalika taun 1992 populasi kebo ing Asia diprakirakaké nganti 141 yuta. Kadhar lemak saka susu kebo iku dhuwur banget. Ana loro subspesies sing urip ing Asia ya iku kebo kali sing bisa ditemokaké ing [[Nepal]] tekan ing kadhuwuran 2.800 m, lan kebo rawa sing urip ing [[dhataran asor]]. Kebo bisa urip kanthi èfisièn jroningsajeroning mangsa-mangsa kekurangan pakan, sing marakaké kéwan iku tahan urip. Kebo asring dipigunakaké kanggo ngluku [[sawah]], amarga kebo bisa obah ing lendhut adoh luwih apik tinimbang [[sapi]].
Ing alam liar mung sethithik populasi kerbo liar sing isih urip. Kebo liar India bisa ditemokaké ing [[India]], [[Pakistan]], [[Bangladesh]], [[Nepal]], [[Bhutan]] lan [[Thailand]]. Kebo iki duwé [[sungu]] sing gedhé banget mawa rata-rata ukurané 1 m. Senajan mangkono kebo sing ditembak nalika taun [[1955]] duwé sungu sing ukurannya saka pucuk siji tekan pucuk sijiné tekan 4,24 m. Iki uga salah saji sebab ngapa kebo arang diserang déning kéwan pamangan daging. [[Macan]] iku salah siji kéwan pemangan daging sing bisa matèni kebo sing boboté tekan 1000–1200 kg. Lan mung macan sing wis pengalaman bakal nyerang kebo ing bagéan sikil luwih dhisik. Yèn diserang kebo bakal ngadhang macan nganggo sungu lan irungé sarta mbentukmujudaké barisan. Kebo uga ditepungi minangka kéwan sing asring nyerang senajansanajan ora diprovokasi. Iki nyebabakaké kebo isih dadi kéwan sing bisa mbebayai kanggo manungsa.
 
Saiki populasi kebo liar diprakirakaké tekan 4000. Senajan jroningsajeroning gunggung iki uga klebu jinis campuran lan kebo liar sing wis didhomèstikasi. Diprakirakaké uga yèn mèh ora ana manèh kebo liar sing urip ing alam liar.
 
Kebo uga arupa kéwan nasional [[Filipina]].
Larik 40:
Kebo pisanan ditepungaké ing kawasan lor Australia sing banjur lolos saka dhomèstikasi. Status iki nyebabaké kebo ing Australia dadi kéwan buron. Ing [[pulo Melville]] kebo asring didadèkaké objèk buron, ing papan iki ana watara 4000 iji populasi kebo. Kebo uga urip ing ''[[Arnhem Land]]''.
 
Kebo urip mligi ing bagéan sing mbanyu lan ing [[mangsa udan]] kebo bisa nyebar jroningsajeroning kawasan gedhé. Kebo ing Australia bisa duwé wangun sing béda saka kebo ing Indonésia, papan asalé kebo iku.
 
== Éropah lan Wétan Tengah ==
Kebo ditepungaké ing [[Afrika Lor]] lan [[Wétan Tengah]] watara taun [[600 Masehi]]. Ing [[jaman pertengahan]] kebo digawa menyang [[Éropah]] lan saiki bisa ditemokaké ing [[Bulgaria]] lan [[Italia]]. Kayadéné ing Asia kebo ing kéné uga urip ing lapangan sing vegetasiné arang. Kebo-kebo iki dadi bahan pangan, sarta bahan invèstasi kanggo kulawarga. Ing sapérangan laladan kebo uga dadi bagéan saka fèstival taunan. Jinis sing urip ing kéné lumrahé ya iku kebo kali, senajansanajan amarga isolasi genetis kebo-kebo iku bisa duwé wangun sing béda. Susu kebo iki uga dipigunakaké minangka bahan keju [[Mozzarella]].
 
== Kagunaan ==
Kebo saliyané dipigunakaké minangka pangasil susu lan daging uga asring dipigunakaké tenagané. Ing [[Minangkabau]], [[Sumatra Kulon]], susu kebo uga diolah dadi [[dhadhih]] (sajinis yoghurt). Tléthong kebo bisa dipigunakaké minangka rabuk utawa bahan bakar yèn digaringké.
 
== Liya-liya ==
* [[Bison]] Amérika uga asring disebutingaran ''buffalo'' (mèmper karo sebutan ''water buffalo'' kanggo kebo), iki sabeneré ora trep. Bison sing kapérang saka bison Amérika lan bison Éropah isih ana pautané karo kulawarga [[bovinae]] liar, cerak karo [[Yak]], sarta gayutané luwih adoh karo [[sapi]] lan [[banthèng]]. kulawarga ''buffalo'' nyakup kebo, [[tamarau]] lan [[anoa]] ing Asia sarta [[buffalo Afrika]].
* Miturut legenda ing Filosofi Tiongkok, Lao Tzu ninggalaké nagari Tiongkok liwat terusan Han Gu kanthi nunggang kebo.
* Miturut mitologi Hindhu, déwa Yama ya iku déwa pati uga asring digambaraké nunggang kebo.