'''Surat As Sajdah''' ([[basa Arab]] :'''السّجدة''') iku surat kaping 32 [[Al-Qur’an]]. Tegesé "sujud". Surat iki dumadi saka 30 ayat lan kalebu golongan surat [[Makkiyah]] sarta diudhunaké sawisé [[surat Al Mu’minun]] (Ayat 16 nganti ayat 30 tumurun ing Madinah). Dijenengaké ''As Sajdah'' amarga ing surat iki ana [[ayat Sajdah]] (sujud), ya iku ayat sing kalimalas.
== Pokok-Pokok Isi ==
# Kaimanan: Nyatakakaké yèn Nabi [[Muhammad]] SAW iku bener-bener sawijining [[rasul]] lan njelasaké yèn marang [[musyrik]] [[Mekah]] durung naté diutus siji-sijia rasul sadurungé; negasaké yèn [[Allah]] Maha Ésa, yèn Panjenengané sing nguasani alam semèsta lan Panjenengané sing ngatur kanthi aturan sing paling sampurna; nyatakaké yèn dina bangkit bener-bener bakal kedadéyankadadéan.
# Hukum: Anjuran ngayahi sembahyang wengi ([[tahajjud]] lan [[witir]]).
# Lan liya-liya: Katrangan ngenani kedadéyankadadéan manungsa jroningsajeroning rahim lan fase-fase sing diliwati nganti dadi manungsa; panjelasan kahanan wong-wong [[mukmin]] ing donya lan nikmat sarta pahala-pahala sing disadiakaké déning Allah ing akhirat; kanisthan sing ditampa wong-wong [[kafir]] ing akhirat lan sing wektu iku njaluk supaya dibalèkaké waé menyang donya kanggo mertobat lan ngayahi tumindak apik, ananging kepinginan iku ditulak; kaingkaran kaum musyrik marang dina bangkit lan sing nganggep yèn bab iku mustahil.