Gègèr Pacinan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: sejarah → sajarah (3), Melayu → Malayu, Betawi → Batawi, kelompok → golongan (2), etnis → ètnis, Suku Jawa → Wong Jawa
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: éjaan, replaced: ditemokaké → tinemu
Larik 2:
'''Gègèr Pacinan''' (uga misuwur minangka '''Tragedi Angke'''; ana ing {{lang-nl|'''Chinezenmoord'''}}, sing tegesé "Matèni wong Cina") ya iku pogram kanggo wong katurunan Cina ing kutha palabuhan [[Batavia]], [[Indhiya Nèderlan]] (saiki [[Daerah Khusus Ibukota Jakarta|Jakarta]]). Panindhesan ing [[kutha]] saka 9 Oktober 1740 nganti 22 Oktober; manéka warna paprangan cilik-cilik nganti tekan sasi November 1740.
Kabingungan masarakat Tionghoa iku amarga réprèsi pamaréntah lan kurangé asil makarya akibat saka mudhuné rega [[gula]] rikala semana. Kanggo nanggepi kabingungan iku, ana ing patemon [[Dhéwan Hindhia]] ({{lang|nl|''Raad van Indië''}}), badan pemimpin [[Vereenigde Oostindische Compagnie]] (VOC), [[Pratélan Panguwasa Indhiya Nèderlan|Gubernur-Jendral]] [[Adriaan Valckenier]] mbiwara yèn ontran-ontran apa waé bisa diwales karo kakerasan uga patèn-patènan. Pangumuman saka Valckenier iku ditindhakaké saka tanggal 7 Oktober 1740 sawisé wong-wong Tionghoa akèh sing dadi buruh pabrik gula matèni 50 prajurit Walanda. Panguwasa Walanda ngirim prajurit tambahan, sing njupuk senjata saka wong-wong Tionghoa lan nindakaké jam wengi. Ésuké sawisé diwedèni kejemé wong-wong Tionghoa, golongan ètnis Batavia mulai mbakar omah-omahé wong Tionghoa ing Kali Besar. Déné prajurit Walanda nyerang wong Tionghoa nganggo [[mriem]]. Ontran-ontran iki langsung nyebar ing kutha Batavia saéngga akèh wong Tionghoa sing mati. Valckenier mbiwara yèn ana pengampunan kanggo wong Tionghoa tanggal 11 Oktober, nanging golongan prajurit isih mburu wong Tionghoa nganti tanggal 22 Oktober, nalika Valckenier mbiwara yèn ontran-ontran wajib dibubaraké. Ing njaba kutha prajurit Walanda perang karo buruh pabrik gula. Sawisé ontran-ontran, prajurit Walanda nyerang markas Tionghoa ing manéka warna pabrik gula. Wong Tionghoa kanthi slamet ngungsi menyang [[Kutha Bekasi|Bekasi]].
Kira-kira punjul 10.000 wong katurunan Tionghoa dipatèni. Gunggung wong slamet kurang luwih 600 nganti 3000. Sabanjuré ontran-ontran kadadéan ing kabèh tlatah Jawa lan ana kadadéan [[Perang Jawa (1741—1743)|perang sing suwené rong taun]], kanthi wadya gabungan Tionghoa lan [[Wong Jawa|Jawa]] nglawan prajurit [[Walanda]]. Sawisé iku, Valckenier diundang menyang [[Walanda]] lan dituntut amarga katuté dhèwèké ing ontran-ontran; [[Gustaaf Willem baron van Imhoff|Gustaaf Willem van Imhoff]] nggantèkaké dadi [[Gubernur-Jendral|gubernur-jendral]]. Tekan jaman modhèren, ontran-ontran iki kerep ditemokakétinemu ing sastra Walanda. Ontran-ontran iki uga dadi asal muasal jeneng tlatah ing [[Jakarta]].
 
== Anané Gègèr Pacinan==