Batur tukon: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Islam: éjaan, replaced: Nabi Muhammad → Muhammad
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: ditemokaké → tinemu (2), Gusti Allah → Allah (4)
Larik 18:
Batur tukon dhomèstik sakala-kala ya nyambut gawé sajabaning omah, contoné yèn didhawuhi ngundhuh panèn utawa dami suket, nanging fungsi mligi ya iku ngladèni bendarané sing miliki awaké utawa ing ngendi waé miturut kabutuhan bendarané, contoné ing dines militèr. Para batur tukon iki dadi simbul status wong-wong sing sugih. Turahané dhuwit kerepé dienggo tuku batur. Batur tukon gegriya kerep banjur awor karo kulawargané sing ndarbèni awaké, nganti sing bocah lanang dadi anak pèk-pèkan lan bocah wadon dadi selir utawa bojo sing nglairaké ahli waris.<ref name="Britannica"/> Kalebu jinis iki ya iku [[kawin peksa]].
 
Jinis batur tukon utama liyané iku, ya iku batur tukon produksi. Jinis kaya mengkéné iki ora patiya kerep dumadi, lan akèhé ing mangsa Klasik Yunani Aténa lan Kakaisaran Romawi saha ing bawana Amérika sawisé ditemokakétinemu déning Kolumbus. Saliyané iku, jinis kaya mengkéné uga ditemokakétinemu ing Irak ing abad kaping 9, antara Suku Indian Kwakiutl ing Amérika lor-wétan lan sawetara laladan ing Afrika sakiduling Sahara. Sanajan para batur tukon uga ditrapaké ing gegriya, para batur tukon iki mliginé ana kanggo produksi komoditas ing tambang lan tegal-kebon sing bisa didagangaké.<ref name="Britannica"/>
 
== Cara ndeleng agama marang batur tukon ==
Larik 33:
{{main|Gréja Katulik lan batur tukon}}
 
Ing [[Prajanjian Anyar]] fénoména batur tukon ora ditentang utawa dibéla, nanging ana sawetara fragmèn sing nuduhaké manawa para batur tukon lan wong bébas iku dianggep padha waé ing ngarsané Gusti Allah.
 
Nanging para batur tukon sing mlayu ing sawetara wektu dilaknat lan ora pareng mèlu [[Komuni]] utawa Riyaya Pésta Dhahar.<ref>''Infallibility on Trial'' Christian Classics, Luis M. Bermejo, 1992, kaca 313, ISBN 0-87061-190-9</ref> Gusti Yésus dhéwé sajeroning Prajanjian Anyar maringi sawetara paupaman ing ngendi dipratélakaké gegayutané antara batur tukon lan bendarané, nanging ora nentang fénoména batur tukon sacara èksplisit. Ing sabagéan gedhé ayat-ayat Alkitab ing ngendi si batur tukon iki diomongaké, dhèwèké kudu nurut bendarané ([[Injil Lukas|Lukas]] 12:47<ref>Awit abdi sing ngerti apa sing dikersakaké déning bendarané, mangka ora siyaga lan ora nglakoni kersané bendarané, abdi mau bakal dipecuti marambah-rambah (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).</ref> , [[I Timotius]] 6:1<ref>Para batur-tukon Kristen kudu padha ngajèni marang bendarané, supaya asmané Gusti Allah lan piwulang kita aja diala-ala déning wong (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).</ref>, [[Kitab Titus]] 2:9-10<ref>Para abdi padha yasa-turuta marang dhawuhé bendarané lan ing sadhéngah prekara gawéa mareming atiné bendarané. Aja padha madoni bendarané, utawa nyolong barang-barangé bendarané. Malah para abdi selawasé kudu nélakaké yèn dhèwèké becik lan setya, supaya srana sadhéngah prekara sing ditindakaké kanthi becik mau, wong-wong padha ngalem piwulang bab Gusti Allah, Juru Slamet kita (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).</ref>, [[Layang Paulus Éfesus|Éfesus]] 6:5<ref>Para batur, kowé padha yasa-turuta marang bendaramu klawan wedi lan geter, sarta klawan tulusing ati; padha kaya enggonmu yasa-turut marang Sang Kristus (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994)</ref>, [[I Pétrus]] 2:18-19<ref>Kowé para batur, padha sumuyuda kanthi pakéring marang para bendaramu, ora mung karo bendaramu sing luhur bebudèné lan sumanak, nanging uga karo sing kereng. Gusti Allah bakal mberkahi kowé samangsa padha betah nandhang panganiaya sing ora adil, amarga ngerti yèn kuwi kersané Allah (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).</ref>).
 
Wiwit abad kaping 15 ana sawetara paus sing ngecam batur-tukon. Bulla kapausan ''[[Sicut Dudum]]'' tuwin bulla ''[[Sublimus Deus]]'' (1537) sing diwetokaké déning [[Paus Paulus III]] matrapi praktèk batur tukon kanthi èksplisit. Paus Pius II (1458-1464) ngarani batur tukon minangka “magnum scelus” ([[basa Jawa|Jawa]]: 'kadurjanan gedhé').