'''Bhagawadgita''' ([[basa Sangskreta|Sanskerta]]: भगवद् गीता; ''Bhagavad-gītā'') iku pérangan saka ''[[Mahabharata]]'' sing misuwur, jroningsajeroning wangun [[dialog]] sing tinulis mawa wangun [[geguritan]]. JroningSajeroning dialog iki, [[Kresna]], kapribadèn [[Brahman|Sang Hyang Tunggal]] minangka pamicara utama sing ngandaraké ajaran-ajaran [[filsafat vedanta]], déné [[Arjuna]], siswa langsung Sri [[Kresna]] sing dadi pangrungu. Sacara [[harfiah]], makna ''Bhagavad-gita'' ya iku "Nyanyian Sri Bhagawan (''Bhaga'' = kahébatan sampurna, ''van'' = nduwèni, ''Bhagavan'' = Sing nduwèni kahébatan sampurna; katampanan sempurna, kasugihan sing tanpa winates, kamasyuran sing abadi,kakuwatan sing ora winates, kacerdhasan sing tanpa wates, lan kahanan ora kaiket sing sampurna, sing diduwèni sekaligus sacara bebarengan).