Padma Raseksa: Béda antara owahan

3 bèt wis ditambahake ,  3 taun kepungkur
→‎top: éjaan, replaced: jroning → sajeroning
c (→‎top: éjaan, replaced: yaiku → ya iku using AWB)
(→‎top: éjaan, replaced: jroning → sajeroning)
'''Padma Raseksa (Patma Raseksa)''', utawa (Rafflesia arnoldii) iku [[tetanduran]] [[parasit]] obligat sing misuwur amarga nduwèni [[kembang]] ukuran gedhé banget, malah dadi kembang paling gedhé ing donya. Tanduran iki tuwuh ing jaringan tetanduran mrambat (liana) Tetrastigma lan ora nduwèni godhong saéngga ora bisa ngayahi [[fotosintesis]]. Tetanduran iki endemik ing Pulo [[Sumatra]], utamané bagéan kidul ([[Bengkulu]], [[Jambi]], lan [[Sumatra Kidul]]). Taman Nasional Kerinci Seblat minangka dhaérah konservasi utama spesies iki. Jinis iki, bebarengan karo anggota genus Rafflesia liyané, kaancam statusé akibat penggundulan alas. Ing Pulo Jawa tuwuh mung siji jinis patma parasit, Rafflesia patma.
 
Kembang minangka parasit ora duwé [[oyod]], ora duwé [[godhong]], lan ora ana gagangé. Diameter kembang nalika nuju mekar bisa nganti 1 meter lan aboté watara 11 [[kilogram]]. Kembang ngisep unsur [[anorganik]] lan [[organik]] saka tanduran inang Tetrastigma. Siji-sijiné bagéan sing bisa disebut minangka "tanduran" ya iku jaringan sing tuwuh ing tetanduran mrambat Tetrastigma. Kembang nduwèni lima godhong mahkota sing ngubengi bagéan sing katon kaya gentong. Ing dhasar kembang ana bagéan kaya piringan mawa eri, isi benang sari utawa putik gumantung marang jinis kelamin kembang, jantan utawa betina. Kéwan panyerbuk ya iku laler sing kapilut déning gandan kembang. Kembang mung umur watara seminggu (5-7 dina) lan sawisé iku alum lan mati. Presentase pambuahan cilik banget, amarga kembang jantan lan kembang betina arang banget bisa mekar bebarengan jroningsajeroning seminggu.
352.737

besutan