Globalisasi: Béda antara owahan

2 bèt wis ditambahake ,  2 taun kepungkur
éjaan, replaced: kadosdéné → kados déné (2)
(→‎Gerakan antiglobalisasi: éjaan, replaced: sebagéan → sapérangan)
(éjaan, replaced: kadosdéné → kados déné (2))
Panganggep utawi pikiran ing nginggil kasebat boten sadayanipun leres. Kemajengan [[tèknologi komunikasi]] saèstu sampun ndamel wates-wates lan let dados ical lan boten wonten ginanipun. John Naisbitt (1988), ing bukunipun ingkang asesirah ''Global Paradox'' punika nelakaken prekawis ingkang malah nggadhahi sipat paradhoks saking fénoména globalisasi. Naisbitt (1988) ngajengaken pokok-pokok pikiran sanès ingkang arupi paradhoks, inggih punika tansaya dados universal, tumindak kita tansaya kasukuan, lan menggalih lokal, tumindak global. Perkawis punika dipunmaksudaken kita kedah <!--konsèntrasi--> mituhu dhumateng perkawis-perkawis ingkang nggadhahi sipat ètnis, ingkang namung dipundarbèni golongan utawi masarakat punika piyambak ingkang dados modhal pangembangan tumuju donya internasional.
 
Ing sisih sanèsipun, wonten ingkang mirsani globalisasi punika satunggiling proyèk ingkang kausung déning nagari-nagari [[adhikuwaos]], saéngga saged ugi tiyang kagungan pandhangan négatif utawi sujana dhumateng globalisasi. Saking <!--''sudut pandang''--> kacatingal punika, globalisasi boten sanès kapitalisme ing wujudipun ingkang paling mutakhir. Nagari-nagari ingkang kiyat lan sugih, tamtu badhé ngendhalèkaken [[ékonomi]] donya lan nagari-nagari alit tansaya boten wonten dayanipun amargi boten kuwagang tetandhingan, amargi globalisasi <!--''cenderung''--> kapara anggadhahi prabawa ingkang ageng dhumateng perékonomian donya, malahan nggadhahi prabawa dhumateng babagan-babagan sanès kadosdénékados déné [[budaya]] lan [[agama|agami]].
 
==== Ciri globalisasi ====
[[Gambar:screen_wiki_id_in_internet.jpg||right|thumb|300px|Kaca utama [[Wikipedia|Wikipédia]] [[basa Indonésia]] ing [[internet|internèt]].]]
 
* Éwah-éwahan ing konsèp ''ruwang'' lan wekdal. Tuwuh ngrembakanipun barang-barang kados télpon genggam, télévisi satelit, lan [[internet|internèt]] nedahaken bilih komunikasi global dumados saklangkung rikat, sauntawis lumantar mobah-mosikipun <!--''perobahan''--> massa kados lumantar turismé, andadoskaen kathah perkawis budaya ingkang éwah. Fénoména kamajengan donya internèt sampun ngéwahi sacara drastis mliginipun ing babagan aksès dhumateng èlmu. Wontenipun ènsiklopèdhi bébas kadosdénékados déné [[Wikipedia|Wikipédia]] sampun saged ndhobrak aksès masarakat dhumateng èlmu ingkang suwau katutup lan kedah tumbas, dados gratis, saged dipunmekaraken déning sinten kémawon lan saged dipunundhuh kanthi bébas. Punapa malih ènsiklopedhia punika dipunsadiyakaken ing werni-werni basa (langkung saking 250 basa) ing donya, saéngga langkung nggampilaken aksès lan saged dados satunggiling ciri lan wahana globalisasi.
* [[Pasar]] lan prodhuksi [[ékonomi]] ing nagari-nagari ingkang bènten dados gumantung/mbetahaken satunggal lan satunggalipun amargi mekaripun perdagangan internasional, paningkatan prabawa perusahaan multinasional, lan dhominasi organisasi kados [[World Trade Organization]] (WTO).
* Paningkatan interaksi [[budaya|kultural]] kanthi mekaripun medhia massa (mliginipun télévisi, filem, musik, lan transmisi pawartos lan ulah raga internasional). Sapunika, kita saged ngonsumsi lan ngraosaken gagasan lan pangalaman énggal perkawis <!--samudaya ingkang sliweran ing--> budaya ingkang saklangkung pepak, upaminipun ing babagan ''fashion'', literatur, lan dedhaharan.
348.872

besutan