Monumèn Nasional: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Rancang Bangun Monumèn: éjaan, replaced: ditemokaké → tinemu
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: mujudake → minangka, mujudaké → minangka
Larik 60:
 
==Rancang Bangun Monumèn==
Rancang bangun Tugu Monas adhedhasar konsèp pasangan universal kang abadi; [[Lingga]] lan [[Yoni]]. Tugu [[obèlisk]] kang mandhuwur iku lingga kang nglambangaké wong lanang, elemén maskulin kang asipat aktip lan positip, sarta nglambangaké wektu awan. Déné pelataran cawan landhesan obelisk iku minangka Yoni kang nglambangaké wong wadon, elemén fèminin kang pasip lan négatip sarta nglambangaké wektu wengi. Lingga Yoni mujudakéminangka lambang kasuburan lan kasatuan kang harmonis kang njangkepi siji maring liyané wiwit jaman prasajarah Indonèsia. Saliyané iku, wujud Tugu Monas uga bisa ditegesaké minangka sapasang [[alu]] lan [[lesung]], piranti numbuk [[pari]] kang disa tinemu ing saben [[omah]] para tani Indonésia. Mula saka iku, rancang wangunan Monas kebak dimènsi kas budaya bangsa Inonesia. Monumèn kapérang saka 117,7 méter obèlisk ing sadhuwuring landhesan segipapat kang dhuwuré 17 méter, pelataran cawan. Monumèn iki linapis marmer [[Italia]].
 
Kolam ing Taman Merdeka Lor ambané 25 x 25 méter digawé minangka pérangan saka sistem kanggo ngadhemaké udara uga supaya ndadékaké Taman Monas katon luwih apik. Ing cedhaké ana kolam banyu mancur lan patung [[Pangéran Dipanegara]] kang lagi numpak [[jaran]] digawé saka [[perunggu]] aboté 8 ton. Patung iku digawé déning pemahat saka Italia, [[Prof. Coberlato]], minangka sumbangan saka Konsulat Jéndral Honores, Dr. Mario Bross ing Indonésia. Lawang mlebu Monas ana ing Taman Merdeka Lor cedhaké patung Pangéran Dipanegara. Lawang mlebu ngliwati trowongan kang ana ing 3 méter sangisoré taman. Lokèt tikèt ana ing pojokan trowongan. Nalika para wong kang plesir munggah manèh menyang mandhuwur ing sisih lor Monas, bisa nerusaké ngupengi kanggo ndelok-ndelok [[rèlief]] sajarah Indonèsia. Mlebuné bisa maring njero musèum sajarah nasional saka lawang ing pojok lor, utawa langsung munggah menyang tengah tumuju ruwang kamardhikan utawa numpak lift tumuju pelataran pucuk monumèn.
Larik 78:
Ana [[elevator]] (lift) ing lawang sisih kidul sing bakaln ngeterake wong-wong kang plesiran menyang pelataran pucuk kang ambané 11 x 11 mèter lan dhuwuré 115 mèter saka [[lemah]]. Lift iki cukup kanggo momot 11 wong. Pelataran pucuk iki momot 50 orang, uga ana teropong kanggo ndelok sesawangan kutha [[Jakarta]] saka cedhak. Ing sakupenge elevator ana andha dadurat kang digawe saka [[wesi]]. Saka plataran pucuk tugu Monas, wong-wong sing plesir bisa nyawang kutha Jakarta. Yèn kahanane isih crah tanpa ana [[keluk]], ing sisih kidul bisa katon ana [[Gunung Salak]] kang dumunung ing [[Kabupatèn Bogor]], [[Jawa Kulon]], ing sisih lor bisa katon segara kanthi pulo-pulo kang cilik.
 
Ing pucuk Monumen Nasional ana cawan kang dadi wadhahing obor [[perunggu]] kang abote nganti tekan 14,5 ton lan dilapisi emas 35 kilogram. [[Ilat]] geni utawa obor iki dhuwuré 14 mèter lan duwé diameter 6 mèter kapérang saka 77 pérangan kang didadèkaké siji. Ilat geni iki minangka simbul semangat perjuwangan rakyat Indonésia kang pengen merdhika. Ing pisanan geni obor perunggu iki dilapisi lembaran emas kang abote 35 kilogram, nanging kanggo mengeti perayaan 50 taun kamardhikan Indonésia ing taun [[1995]], lembaran emas iki dilapisi manèh lan bobote dadi 50 kilogram lembaran emas. Pucuk tugu arupa ''"Api Nan Tak Kunjung Padam"'' kang tegesé supaya bangsa Indonésia duwé semangat kang ora tau mati sasuwene jaman. Pelataran cawan mènèhi sesaswangan kang dhuwuré 17 mèter ing sadhuwuring lemah. Plataran cawan bisa dituju kanthi numpak lift nalika mudhun saka pelataran pucuk, utawa liwat andha tumuju ngisore cawan. Dhuwure pelataran cawan saka ngisor ya iku 17 mèter, déné rentang dhuwur antara ruwang musiyum sajarah menyang ngisor cawan ya iku 8 mèter (3 mèter ing ngisor lemah ditambah 5 mèter andha kang tumuju ngisor cawan). Ambane pelataran kang awujud kothak ya iku 45 x 45 mèter, kabèh iku mujudakeminangka angka keramat [[Proklamasi Kamardhikan RI]] (17-8-1945).
 
Emas kang bobote 38 kilogram ing obor Monas iku sumbangan saka [[Teuku Markam]], wong [[Acèh]] kang tau dadi salah siji wong paling sugih ing Indonésia.