Emas: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: bidang → babagan (2), derajat → drajat, nduwèni → duwé
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: éjaan, replaced: biasané → racaké
Larik 59:
'''Emas''' iku [[unsur kimia]]. Ing [[tabel periodik]] sing duwé simbol '''Au''' ([[basa Latin]]: ''''aurum'''') lan [[nomer atom]] 79. Sawijining [[logam transisi]] (trivalen lan univalen) sing lembèk, kinclong, kuning, abot, "malleable", lan "ductile". Emas ora réaksi karo zat kimia liyané nanging kaserang déning [[klorin]], [[fluorin]] lan [[aqua regia]]. Logam iki akèh ana ing [[nugget emas]] utawa serbuk ing wewaton lan ing [[deposit alluvial]] lan salah siji [[logam coinage]]. [[ISO 4217|Kode ISOnya]] ya iku '''XAU'''. Emas nglebur ing wangun cuwèr ing suhu watara 1000 drajat celcius.
 
Emas arupa logam sing sifaté [[empuk]] lan gampang ditempa, kisaran atosé antarané 2,5 – 3 (skala Mohs), sarta bobot jinisé gumantung ing jinis lan kandhutan logam liyané sing kacampur ing emas iku. Mineral sing nggawa emas biasanéracaké asosiasi karo [[mineral]] katutan (''gangue minerals''). Mineral katutan kasebut umumé [[kuarsa]], [[karbonat]], [[turmalin]], [[flourpar]], lan sapérangan cilik mineral non [[logam]]. Mineral panggawa emas uga duwé asosiasi karo endhepan sulfida sing wis kaoksidasi. Mineral panggawa emas kapérang saka emas nativ, elektrum, emas telurida, sapérangan padhuan lan senyawa emas karo unsur-unsur belerang, antimon, lan selenium. Elektrum sabeneré jinis liya saka emas nativ, mung kandhutan pérak ing njeroné >20%.
 
Emas kawangun saka prosès magmatisme utawa pangonsentrasian ing permukaan. Sapérangan endapan kawangun amarga prosès metasomatisme kontak lan larutan hidrotermal, éwadéné pangonsentrasian sacara mékanis ngasilaké endapan letakan (placer). Genesa emas dikatagorèkaké dadi loro ya iku: