Kabupatèn Purwareja: Béda antara owahan

6 bèt wis ditambahake ,  4 taun kepungkur
→‎Sajarah: éjaan, replaced: bagéan → pérangan (2), klebu → kalebu (2)
(éjaan, replaced: Bangunan → Yasan, Daftar → Pratélan, dikenal → kaloka (2), dipimpin → dipanggedhèni, disebut → ingaran, Geografis → Géografi, jroning → sajeroning (2), lokasiné → pernahé (2), nduwèni → duwé (2), Pemerentahan...)
(→‎Sajarah: éjaan, replaced: bagéan → pérangan (2), klebu → kalebu (2))
Prof. [[Poerbatjaraka]] mratélakaké yèn Sri Maharaja Balitung Watukoro asal saka laladan Bagelèn. Indhikasi iki kacetha ing jeneng "Watukoro" sing dadi jeneng sawijining [[kali]] gedhé, kali iki ingaran uga kanthi jeneng [[Kali Bogowonto]]. Diarani mangkono, ngèlingi ing jaman iku ing gisiking kali kerep katon pandhita (Begawan).
 
Petilasan suci arupa [[lingga]], [[yoni]] lan [[stupa]] panggonan para begawan ngayahi upacara bisa dipirsani ing wewengkon [[Balédana, Loano, Purwareja|Kalurahan Balédana]], [[Loano, Purwareja|Kacamatan Loano]] lan Bagelen. Désa Watukoro dhéwé dumunung ing sungapan kali Bogowonto lan klebukalebu wewengkon [[Purwadadi, Purwareja|Kacamatan Purwadadi]].
 
Pangembangan Agama [[Islam]] ing wewengkon Purwareja, diayahi déning Ki Cakrajaya, tukang nderes [[legèn]] utawa badhèg saka Bagelen, murid saka [[Sunan Kalijaga]]. Ki Cakrajaya luwih kaloka kanthi sebutan [[Sunan Geseng]]. Paninggalan Sunan Geseng akèh tinemu ing Bagelen lan Loano.
Kenthol Bagelen sing dadi piandeling wadya bala [[Sutawijaya]], pawongan kang sabanjuré jumeneng nata dadi [[Panembahan Senapati]] ing Mataram, minangka dhasar pambentukan Krajan Islam Mataram. Ing periodé sabanjuré nalika [[Sultan Agung]] kuwasa ing Mataram, wadya bala saka Bagelèn iki sing duwé andhil sajeroning panyerangan menyang [[Batavia]] lan klebukalebu wadya bala baku Mataram.
 
Amarga saka [[Prajanjian Giyanti]] 1755 sing misahaké Krajan Jawa dadi loro, ya iku Surakarta lan Yogyakarta, tanah Bagelèn nampa akibaté, ya iku tanah Bagelèn dipara dadi rong bagéanpérangan ya iku kanggo Yogyakarta lan Surakarta, ananging amarga ora cetha wates-watesé wusanané dadi congkrah ora lèrèn-lèrèn.
Mangsa [[Perang Dipanegara]] taun (1825 - 1830) tanah Bagelèn dadi basis perlawanan [[Pangéran Dipanegara]]. Sarampungé Perang Dipanegara, Tanah Bagelèn lan Tanah [[Banyumas]] dijaluk kanthi peksa déning [[Walanda]]. Walanda banjur masrahaké marang Ngabèhi Resodiwiryo sing mbantu nglawan pemberontak, dadi Panguasa Tanggung kanthi gelar Tumenggung Cakrajaya sing sabanjuré diangkat dadi [[Bupati]] (Regent) Kabupatèn Purwareja kanthi Gelar ''Cokronegoro''. Pawisudan diayahi ing Kedungkebo, markas garnisun Walanda lan sing ngawisuda ya iku Kolonel Cleerens.
 
Wewengkon Karesidenan Bagelem nyakup, Kabupatèn Purwareja, Kabupatèn Semawung (Kutaarja), [[Kabupatèn Kuthawinangun]], Kabupatèn Remo Jatinegara (Karanganyar) lan Kabupatèn Urut Sewo utawa Kabupatèn Ledok utawa [[Kabupatèn Wanasaba]].
 
Residhèn Bagelèn manggon ing Yasan sing saiki dadi Kantor Pamaréntah Laladan Purwareja utawa luwih koncar kanthi jeneng Kantor OTONOM sing pernahé ing bagéanpérangan kidul Alun-alun Purwareja.<ref>[http://archive.is/20120708005212/eddyprasetyo-pwr.blogspot.com/2008/01/sejarah-purworejo.html Sejarah Purwareja]</ref>
 
== Géografi ==
352.737

besutan