Yudhisthira: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: éjaan, replaced: sajroning → sajeroning
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: éjaan, replaced: Kabeh → Kabèh, sawise → sawisé, Sawise → Sawisé (2), suwene → suwéné, klebu → kalebu
Larik 36:
Miturut Kitab Mahabarata, salugune Raden Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan, srana Bathara Dharma manunggalake rasane karo Dewi Kunthi kang mateg dayane aji Adityahredaya (yèn miturut pedhalangan "mateg Aji Kunta Wekasing Rasa Cipta Tunggal tanpa Lawan").
 
Rehne bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula déning para pujangga kita banjur diowahi, dijumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa kang isine yane peputra ora karo bojone dhéwé iku klebukalebu tumindak sing nistha. Mulane ing carita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu Pandudewanata, ratu ing Astina (Ngastina) lan Dewi Kunthi, dene Bathara Dharma iku dadi bapa angkate, kang uga banjur manitis ana anggane Raden Puntadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut Raden ''Darmakusuma''.
 
Ing pedhalangan pusakane kang asring dipocapake [[dalang]] yaiku ''Jimat Pustaka Jamus Kalimasada'' Ana uga ''Song-Song/Payung Kyai Tunggul Naga'' lan ''Tombak Kyai Karawelang'', lan ''Kalung Robyong'' (tilarane Prabu Jim Yudhistira, Nalendra Negara Wanamarta/Mertani) kang dayane manawa Puntadewa duka lan astane nganthi nyeggol kalung iki, sanalika sarirane salin wujud dadi "Brahala" utawa buta kang gedhene sagunung anakan kang pakulitane putih kang apraceka [[Dewa Amral]] iya Dewa Mambang.
Larik 46:
Minangka tuladha, ing lakon "Indrajala Maling" (lakon carangan), Prabu Puntadewa ditembung dijaluk patine kanggo numbali wewalak ing nagara [[Buluketiga]]. Sang Prabu ya manut. Dhirine dipasrahake. Ngenani wewatakane paraga siji iki, oncek-oncekane utawa anggone ndudah kudu permati. Awit akèh bab-babe sing rasane angel ditrapake ing sajeroning penguripane wong sawantah.
 
Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi para [[Kurawa]] lumantar [[Sengkuni|Patih Sengkuni]] srana kasukan main dadu kanthi totohane nagara. Satemah para Pandhawa sakadang diukum kudu gelem nglakoni dadi wong buangan ing alas suwenesuwéné 12 taun lan setaun nawur laku/nyamar dadi wong sudra ing sawijining negara tanpa konangan karo Para [[Kurawa]], menawa konangan bakal mbaleni ukuman. Nalika nglakoni ukuman, Para Pandhawa nglakoni dadi wong buwangan ing Alas Kamyaka, lan sawisesawisé nglakoni sasuwene 12 taun, Puntadewa sakadang nawur laku/nyamar dadi wong sudra ing Nagara Wirata. Puntadewa dadi Juru Sapon Pasar Wirata kang Aran Tanda Dwija Kangka.
 
Ing lakon Baratayudha Jayabiangun, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing jujur, ora gelem ngapusi. nalika Pandita [[Durna]] madeg senopati agung, kabèh Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya ngapa wae Pandita Durna iku gurune Para Pandhawa. Apa iya murid arep wani marang gurune ?
Larik 52:
Untung [[Prabu Sri Bathara Kresna]] ora kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi Pandita Durna iku putra Nagara Pancala, Raden [[Dhesthajumena]]. Prabu Kresna mung dhawuh marang Raden [[Werkudara]] supaya merjaya gajah titihane senopati pengapit Prabu Premeya salah sijine para Kurawa kang aran [[Gajah Hestitama]].
 
SawiseSawisé gajah kelakon mati dikepruk [[Gada Rujakpolo]], kabèh wadyabala Pandhawa Manggalayudha banjur kadhawuhan alok yèn Hesthitama mati. Pamirenge Pandita Durna sing mati mau Aswatama. Mula Pandita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya wis kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, Pandita Durna banjur takon mrana-mrene, kalebu marang para Punakawan, marang Raden Werkudara, Radem [[Arjuna]], Raden [[Nakula]], lan Raden [[Sadewa]], lan sapitutrute. KabehKabèh anggone mangsuli padha gelem goroh yèn Raden [[Aswatama]] pancen mati.
 
Pandhita Durna akhire takon marang Puntadewa. bareng ditakoni kaya mengkonmo mau mesthi wae Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh ?
Larik 66:
Puntadewa munggah swarga bareng karo sedulur-sedulure. Puntadewa bareng karo asune kang tansah mbuntuti nalika munggah Gunung Mahameru muksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyane, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, sabar ngadepi pacoban, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.
 
Ing kaswargan, Puntadewa ora trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu neraka utawa Kawah Candradimuka. Dhèwèké njaluk supaya melu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah enak-enak ana Kaswargan. Jebul iku mung sawetara. Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawetara banjur mlebu swarga. Dene Kurawa bisa ngrasaake endahing swarga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora akèh. SawiseSawisé Kurawa ngrasakake swarga banjur dilebokake ana ing neraka.
 
== Pranala njaba ==