Kadipatèn Mangkunagaran: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: sabagéyan → sapérangan (2), dahuru → haruhara (2)
Larik 51:
Ing sadurung sarta ing sawisé lelakon bab pasrah saha nampèni gumantié kang jumeneng Nata kaya sing kasebut ing dhuwur mau, wis ora kurang cetha kaya ngendi munggah ing sasambungané karo bab panataning Praja, banjur ana lelakon warna-warna sing ndadèkaké tuwuhé Ngayogyakarta sarta dumadiné Praja Mangkunagaran ing tengahé tlatah Kasunanan.
 
Mbarengi tedhaké Gubernur-Jéndral Van Imhoff papara ing tanah Jawa rawuh ing Sala (Juni 1746) parlu yasa prajanjian taun 1743 karo Ingkang Sinuhun Pakubuwana III; ing sabagéyansapérangan wosing surasané, Kompeni sanggem ngakoni Sang Pangéran Adipati Anom ing tembé arep bisa gumanti jumeneng Nata. Saka panggalihdalem Ingkang Sinuhun saha panggalihé Sang Pangéran Adipati Anom arep bisa njagakaké pitulungé Kompeni sing sajatiné ya kagalih punjul prelu, amerga kanggo anyegah panduwané para Pangéran sing rumasa padha ndarbèni wewenang gumanti jumeneng Nata ; kaya mau wis bola-bali kalakonan wis kalebu lumrah, ing saben ana rembug sapa sing arep kacalonaké gumanti jumeneng Nata, iku banjur nuwuhaké dredah ing antarané para Pangéran, rebutan wahyuning Karaton.
 
Sapa baé sing jumeneng Nata (Sunan) wis keéna katamtokaké ing batiné panggalihé mungsuhan karo kabèh sing padha rumangsa uga ndarbèni wenang kapilih gumanti jumeneng Nata. Bisa uga kagawa saka Kompeni olèhé njumenengaké Nata ing taun 1704, iku njalari saya gedhéné dredah lan kemèrèn ing antarané para sing padha rumangsa nduwé wewenang jumeneng Nata.
Larik 70:
Sanadyan perangé karo Kompeni kerep kalah, nanging ora padha kemba ing panggalih. Papindhané kaya alang-alang (kambengan) sing padha tumiyung ing kalané katempuh ing jawah lan angin, nanging ora suwé bali ngadeg manèh, pulih kaya wingi uni. 13).
 
Sajeroné ana dahuruharuhara iku Ingkang Sinuhun gerah, nalika ngarepaké séda, ya iku ing surya kaping [[11 Dhésèmber]] [[1749]], nganti lila legawaning panggalihdalem, tanah tlatah Mataram saisiné kaparingaké Kompeni, ora mawa prajanjian apa-apa. Mangka ing kala iku wis ana sing ginadhang jumeneng Pangéran Adipati Anom.
 
Sang Pangéran Mangkubumi sing luwih mangerti sarta mirengaké gelad- geliding rembug-rembug ing Kadhaton, ora nama anéh bilih babar pisan ora karsa ngakoni lumuntané panguwasané Karaton marang Kompeni, mula nunggal dina baé banjur dhawuh, bilih sarirané sing jumeneng Nata ngrenggani Praja Mataram jejuluk Pakubuwana, angedhaton ing Ngayogyakarta. Von Hohendhorff, Gubernur tanah Jawa pasisir lor pérangan wétan, awawaton wewenangé sing katampi nalika kaping 11 Dhésèmber; ya iku wis cedhak banget karo titimangsa surud dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II (20 Dhésèmber 1749) mbyawarakaké Sang Pangéran Adipati Anom samono gumanti jumeneng Nata jujuluk Sinuhun Pakubuwana III (15 Dhésèmber).
Larik 76:
Kajaba iku Pangéran Buminata sing uga lolos saka Kedhaton kumpul Pangéran liya - liyaé, nanging banjur pepisahan, bali menyang Karaton manèh, kajumenengaké Pangéran Adipati Anom. Menggah ganti-gumantiné sing jumeneng iku mawa katerangaké luwih cetha yèn kalakoné tetep bisa jumeneng iku ora kagawa saka wewenang-wewenangé, nanging namung mligi saka sih kadarmané Kompeni.
 
Kabèh Pangéran sing isih ana sajeroné Kedhaton padha manut miturut dicepengi banjur dikirim menyang Semarang. Amerga saka iku ora nama anèh, yèn sabagéyansapérangan gedhé saka para manggalaning Praja padha suda pangidhep saha sumungkemé marang kang jumeneng Nata ing Surakarta, rasané nggléwang padha manah prayoga angantepi Karaton ing Ngayogyakarta. Tuwan Hartingh ngarani, yèn jumenengé Ingkang Sinuhun Pakubuwana III iku, namung kanggo jalaran anyuburaké saakèhé masalah baé<ref>Ing basa Walanda ''de gekroonde naarheid zelve''.</ref>
 
Déné perangé sekawit ing antarané sing padha musuhan, namung cilik-cilikan sawarna raméning reresah baé ([[gerilya]]) nganti tekan wekasané taun 1750. Sabubaré iku Kompeni ngirim wadya-bala saka Batavia prajurit aturan akèhé ora kurang saka 1500 wadya-bala pitulungan 3400, kawewahan manèh kuli cacahé 2000.
Larik 318:
Kala semono Jéndral Merkus de Kock kirim layang marang Jéndral Van Geen sing surasané mengkéné:
 
{{cquote|"Wiwit tuwuhé dahuruharuhara, Pangéran Mangkunagara katitik gedhé banget lelabetané, putra-putrané kerep maju dhéwé ing paprangan kanthi kaprawiran lan wantering manah, Pramula aku pracaya banget marang sang Pangéran apa déné marang putra-putrané lan prajurit ing Mangkunagaran kabèh."}}
 
Ing wiwitan anané perang Dipanagaran, Jéndral De Kock banjur awèh palilah marang Kangjeng Gusti Mangkunagara lan Ingkang Sinuhun nganakaké prajurit brandhal (''vrijbuitercorpsen'') sing kadhawuhan njarah-rayah ngrusak désa - désa padunungané mungsuh.