Masjid Raya Imanuddin: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: dipunbangun → dipunyasa (2), istana → pura (2), Kabupaten → Kabupatèn (2)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: mesjid → masjid (5)
Larik 4:
'''Masjid Raya Imanuddin''' utawi ingkang misuwur kanthi sebatan '''Masjid Besae''' utawi ingkang ugi dipunsebat '''Masjid Jami Imanuddin''' déning masarakat Tanjung Redeb, [[Kabupatèn Berau]], [[Kalimantan Timur]] inggih pnika kalebet salah satunggaling [[masjid]] ingkang sampun sepuh umuripun ingkang kirang langkung umuruipun langkung saking 200 taun. Katrangan punika adhedhasar informasi ingkang dipunandharaken déning salah satuggaling ahli waris Sultan Muhammad Khalifatulah Jalaluddin ingkang jumeneng nata ing taun [[1921]] – [[1950]] ingkang minangka sultan kaping pungkasan saking [[Kesultanan Gunung Tabur]].
Mturut Putri Nural, masjid Raya Imanuddin punika dipunyasa sesarengan kaliyan dipunbangunipun pura kesultanan nalikan jaman pamaréntahanipun Sultan Aji Pangeran Raja Muda Si Barakat nalika abad kaping 18. Awit saking punika, boten anѐh manawi masarakat Kalimantan Timur mliginipun kaum uslim ing [[Tanjung Redeb]] langkung misuwur kanthi sebatan Masjid Besar Kesultanan Gunung Tabur.
Minangka karajan [[Islam]] ing nusantara, Kesultanan Gunung Tabur ugi boten naté ngicalaken titikanipun minangka karajan Islam. Masjid Raya Imanuddin ingkang mapan wonten ing kompleks kesultanan Gunung Tabur punika inggih minangka wujud nyata saénipun gayutan ing antawisipun agama kaliyan pamarѐntahan, ingkang punika nedahaken bilih boten wonten pamisahan ing antawisipun pulitik saha agami saking papanipun mesjidmasjid ingkang madeg persisi ing pura kesultanan.<ref name="buku">}[[Zein, Abdul Baqir (1999). ''Masjid-Masjid Bersejarah di Indonesia''. Gema Insani. ISBN 979-561-567-X]].</ref>
 
== Sujarahipun ==
Masjid Raya Imanuddin punika wiwitan dipunyasa nalika pamarentahanipn Sultan M. Amiruddin ingkang jumeneng nata ing taun [[1850]] ngantos [[1876]], saéngga yasan ingkang dipundamel saking [[kayu]] ulin punika kinten- kinten sampun madeg wiwit 1.800 taun kepengker. Wontn ing pérangan wingking mesjidmasjid Jami Imanuddin punika wonten makam- [[makam]] Raja- raja Gunung Tabur, inggih punika wonten makam [[Sultan Amiruddin]] ingkang jumeneng nata ing taun 1850 – 1876, Sultan Muhammad Hasanuddin ingkang jumeneng nata ing taun 1876 – [[1882]], Sultan Muhammad Siranuddin ingkang jumneng nata ing taun [[1892]] – [[1921]] lajeng wonten ugi makam Sultan Muhammad Siranuddin ingkang jumemeng nata ing taun [[1892]] – [[1952]]. Awit kawontenanipun makam- makam ing plataran mesjidmasjid punika, mila kathah warga ingkang sami ziarah ing makam- makam kasebat, saking njawi laladan utawi saking lebet laladan piyambak
Wonten ing salebeting Masjid Jami Imanuddin punika ingkang kesisa namung kantun papan kanggé adzan ingkang kapérang dados kalih tingkat, ingkang padatanipun dipun-ginakaken kaping kalih adzanipun nalika badhé salat Jum’at,. Ingkang adzan sepisan wonten ing pérangan nginggil lajeng adzan kaping kalih nebe adzan ing pérangan tingkat ing ngandhap.<ref name="Internet 1">[http://tanjungr.blogspot.com/2011/08/mesjid-jami-imanuddin-bukti-sejarah.html?spref=bl] MESJID JAMI IMANUDDIN BUKTI SEJARAH KESULTANAN GUNUNG TABUR (dipunundhuh tanggal 19 Januari 2013)</ref> Lajeng ing pérangan lebet mesjidmasjid ugi wonten bekas perpustakaan saha papan imam mesjidmasjid.
 
== Cathetan suku ==