Batur tukon: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: ditemokaké → tinemu (2), Gusti Allah → Allah (4)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: bagéan → pérangan (2)
Larik 68:
Mawa èkspansi Républik Romawi dadi saya amba, akèh padunung tlatah-tlatah sing kasoran didadèkaké batur tukon, nganti ana suplai gedhé saka saindhenging Éropah lan Sagara Tengah. Para batur tukon iku asliné antarané wong Yunani, Iliria, Bèrbèr, Jerman, Karajan Manunggal, Trasia, Gaulia, Yahudi, Arab lan liya-liyané. Kabèh ora mung dienggo tenagané minangka buruh dikon nyambut gawé, nanging uga kanggo panglipur, contoné kanggo tenaga gladiator lan batur tukon sèksual. Penindasan déning minoritas élit iki ngakibataké pambalélan déning para batur tukon. Salah sijiné sing kawentar iku pambalélané Spartakus, wong Trasia.
 
Ing mangsa Républik pungkasan, batur tukon wis dadi pilar wigati ékonomi sajeroning kamakmuran Romawi, saha bagéanpérangan wigati masarakat Romawi. Diprakirakaké punjul 25% padunung Roma Kuna iku batur tukon, sanadyan angka iki dipaido akèh sarjana lan béda-béda saka daérah siji karo sijiné.
 
Para batur tukon iku nmujudaké antara 15 - 25% padunung Italia, akèhé tawanan perang sing mliginé saka Gaulia lan Epirus. Prakiran cacahé batur tukon ing Kakaisaran Romawi katoné nuduhaké manawa para batur tukon iki sumebar ing provinsi-provinsi sajabaning Italia. Lumrahé, para batur tukon ing Italia iku wong Italia pribumi, mawa ana wong ngamanca sithik (kalebu batur tukon lan batur tukon sing wis diluwaraké) sing gunggungé namung 5% ing kutha karajan nalika ing puncaké, awit nalika iku cacahé pas sing gedhé dhéwé. Sing asalé saka sajabaning Éropa biasanya katurunan Yunani, kamangka sing katurunan Yahudi kerepé ora bisa asimilasi lan awor ing masarakat Romawi lan panggah dadi kaum minoritas sing katon mencolok.
Larik 82:
Contonipun ing sawijining serangan menyang Lisboa, Portugal taun 1189, sang kalif Almohad Yaqub al-Mansur nggawa bali 3.000 wong wadon lan bocah tawanan, kamangka gubernur Córdoba ing serangan sawisé menyang Silves, Portugal ing taun 1191, njarah 3.000 batur tukon Kristen. Sawisé iku saka abad kaping 11 nganti abad 19, Bajag Afrika Lor nganakaké razia, serang ing kutha-kutha pasisir Éropah kanggo njarah batur tukon Kristen sing diadol ing pasar-pasar batur tukon in Aljazair lan Maroko.<ref>[https://web.archive.org/web/20080310231703/http://www.bbc.co.uk/history/british/empire_seapower/white_slaves_02.shtml "British Slaves on the Barbary Coast"] diarsip saka [http://www.bbc.co.uk/history/british/empire_seapower/white_slaves_01.shtml kéné] ing tanggal 10-3-2008]</ref>
 
Ing Karajan Manunggal, praktèk batur tukon diterusaké sawisé Kakaisaran Romawi sirna, lan sawetara bagéanpérangan undhang-undhang Hywel the Good sing ngurusi batur tukon in Wales Abad Tengahan. Padagangan iki mliginé dianakaké sawisé invasi Viking mawa pasar gedhé ing Chester lan Bristol sing disuplai déning wong Dènmark, Mercia lan Wales. Wong-wong iki olèhé golèk batur tukon ya mawa nyerang daérah pawatesan siji lan sijiné.
 
Nalika jamané ''[[Domesday Book]]'', sawetara 10% padunung Inggris iku batur tukon. Batur tukon ing Abad Tengahan ing Éropah iku lumrah banget nganti Gréja Katulik Roma bola-bali nyoba nglarang. Saorané èkspor batur tukon Kristen menyang tlatah non-Kristen dilarang nalika contoné Konsili Koblenz (922), Konsili London (1102) lan Konsili Armagh (1171).