Adolf Hitler: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: padunung → sing ndunungi (2), ing antara → antarané
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: amerga → amarga (7)
Larik 61:
}}
 
'''Adolf Hitler''' ([[20 April]] [[1889]] - [[30 April]] [[1945]]) iku dhiktator ing donya sing paling kejem. Dhèwèké tau mimpin nagara [[Jerman]] saka taun [[1933]] nganti [[1945]]. Hitler sing ngadegaké parté [[NSDAP]] utawa ''[[Jerman Nazi|Nazi]]''. Banjur ing pamilihan umum ing taun [[1933]] Hitler bisa menang dadi Kanselir [[Jerman]]. Dhèwèké dadi misuwur amergaamarga nduwé karep nguwasani sa-[[Éropah]] lan ngembangaké bangsa [[Jerman]] supaya sumebar. Hitler nganggep yèn [[Yahudi|wong Yahudi]] iku mungsuhé wong Jerman. Hitler iku sing miwiti [[Perang Donya II]] ing [[Éropah]]. Nalika mimpin, akèh wong-wong sing dianggep asor ing [[Éropah]] kaya ta wong [[Yahudi]], [[Slavia]], Gipsi lan sabanjuré ditumpes. Sing tiwas ing [[Perang Donya II]] iki, nganti puluhan yuta jiwa, kalebu enem yuta wong Yahudi.
Nalika ing pungkasaning Perang Donya II, rikala [[Berlin]] dikupengi Wadya Bala Abang, Uni Sovyèt, Hitler kawin resmi karo pacaré; [[Eva Braun]]. Ora nganti 24 jam manèh, loro-loroné padha sudhuk slira ing tanggal 30 April 1945 ing jero ''[[Führerbunker]]'' ("bunker Sang Pemimpin").
 
Larik 94:
Nuruti saran sekolahé, Hitler dhéwé yakin yèn iki pancèn dalan uripé, nanging dhèwèké ora nduwé ijazah kanggo kuliyah ing sekolah arsitèktur:
 
{{cquote|Ing sawetara dina aku ngerti yèn sawijining dina aku arep dadi arsitèk. Pesthiné, angèl banget arep kuliyah iki amergaamarga aku nglirwakaké sekolahku ing ''Realschule'' sing saiki diperlokaké banget. Aku ora bisa kuliyah ing akademi arsitèktur tanpa nduwé ijazah. Aku ora bisa ''mencapai'' cita-citaku.<ref>''Mein Kampf'', Bab II, paragraf 5 & 6.</ref>}}
 
Ing [[21 Dhésèmber]] [[1907]], ibuné Hitler tilar donya déning lelara [[kanker payudara]] mawa umur 47 taun. Banjur Hitler dikon déning Pengadilan ing Linz supaya mènèhaké pérangan tinggalan yatimé marang seduluré wadon, Paula. Nalika umur 21 taun, Hitler olèh warisan saka tantené. Dhèwèké rekasa dadi sawijining pelukis ing [[Wina]], niru gambar-gambar saka kartu-kartu pos lan ngedol lukisané marang para dagang lan wisatawan.
Larik 103:
Wina nalika iku sarang prasangka tradisional religius lan rasisme abad kaping 19. Hitler bisa waé kena prabawa anti-sémitisme déning polémik lan tokoh Austria lan Wina kala iku. Hitler dhéwé kandha ing ''[[Mein Kampf]]'' yèn transisiné saka wong sing ora sarujuk marang anti-sémitisme sing adhedhasar alesan agama dadi wong sing nyekuyung anti-sémitisme adhedhasar alesan rasial iku sawisé ndeleng sawijining wong Yahudi Ortodoks:
 
{{cquote|Ing Linz namung ana sithik wong Yahudi. Ing salawasé abad, wong-wong Yahudi sing urip ing kana wis dadi kaya wong Éropah lan mèmper banget karo umat manungsa liyané nganti aku dhéwé nganggep kabèh iku wong Jerman. Alesané kena apa kala iku aku ora wruh absurditas ilusi kaya mangkono iku amergaamarga siji-sijiné tandha jaba sing tak-wruhi mbédakaké wong Yahudi karo awaké dhéwé iku praktèk agamané sing anèh. Nalika aku nggagas wong Yahudi iku dikuya-kuya amergaamarga kapercayané, aku dadi krasa gething sing tumuwuh mèh dadi rasa gila yèn krungu kritik pedhes sing ditujokaké marang wong Yahudi. Aku ora bisa weruh yèn ana barang kaya ta anti-sémitisme sistèmatik.
 
Ing sawijining dina, nalika mlaku ngliwati punjer kutha, ujug-ujug aku weruh fénoména iki ing jubah dawa lan nganggo kuncir ireng loro ing pipi. Pikiranku sing pisan iku: Apa iki wong Yahudi? Sing cetha ing Linz wong Yahudi ora kaya mengkéné rupané. Ati-ati lan meneng-meneng wong iku tak-delengi, nanging saya suwé tak-delengi patemon anèh iki lan sawisé tak-titèni ciri-ciri khasé, saya suwé pitakonan iki dadi muncul ing batinku: Apa iki wong Jerman?<ref>(''Mein Kampf'', vol. 1, chap. 2: " Taun studi lan kasengsaran ing Wina ")</ref>}}
Larik 118:
 
== Perang Donya I ==
Pecahing Perang Donya I iku ing Jerman disambut anget, uga déning Hitler. Hitler sing péngin mèlu perang, dianggep anèh. Dhèwèké olèh fungsi caraka. Ing fungsi iki Hitler kudu nggawa préntah-préntah perang ing front kulon sing ngarep dhéwé mlebu ing jero parit. Kontak senjata kapisané kadadéan nalika ana ing [[Pertempuran Ieper I]] cedhak Kruiseke/Wervik. Hitler pancèn kendel lan kabuktèn amergaamarga dhèwèké ing Dhésèmber 1914 olèh pahargyan ''Eisernes Kreuz 2. Klasse''
 
Ing Mèi 1918, dhèwèké olèh panghargyan ijazah amergaamarga kendel marang musuh lan ing Dhésèmber 1918 dhèwèké olèh ''Eisernes Kreuz 1. Klasse'' sing arang diwènèhaké marang prajurit. Ing 1918 dhèwèké tatu déning serangan gas minangka nduwé pangkat korperal ([[basa Jerman]] ''Gefreiter''). Wektu iku dhèwèké dadi wuta lan kudu diopname telung sasi ing rumah sakit.
 
Wektu iku amergaamarga dhèwèké lara, dadi ora ngalami gencatan senjata. Mula dhèwèké percaya karo gosip yèn Jerman dicidrani déning para pulitikus lan mligi kaum komunis. Para pancidra iki diarani para "Durjana November" (''Novemberverbrecher'').
 
== Hitler mèlu pulitik ==