Radèn Salèh: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Mangsa cilik: éjaan, replaced: kayadéné → kaya déné
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Mangsa cilik: éjaan, replaced: minyak → lenga, sakupengé → saubengé
Larik 5:
Radèn Salèh lair ing kulawarga priyayi lan turunan [[Hadramaut]]. Ramané ya iku Sayid Husèn bin Alwi bin Awal lan sibuné Radèn Ayu Sarif Husèn bin Alwi bin Awal. Rikala ciliké, Salèh urip ing Terbaya, [[Semarang]].<ref>''Raden Saleh 1807-1880: Perintis Seni Lukis di Indonesia'' , Baharudi Marasutan, [[Dewan Kesenian Jakarta]], 1973]</ref> Umur 10 taun, dhèwèké dititipaké wong [[Walanda]] déning pakliké sing dadi bupati ing Semarang. Kaprigelané nggambar katon nalika sinau ing [[Sekolah Rakyat]].
 
Salèh gampang srawung, mula gampang mlebu ing antarané wong-wong Walanda. Salah sawijining tepungané ya iku Prof. Caspar Reinwardt, sing ngadegaké [[Kebon Raya Bogor]] lan uga Dirèktur Tani, Seni, lan Kawruh kanggo [[Jawa|Pulo Jawa]] lan pulo-pulo sakupengésaubengé. Caspar nemu yèn Salèh pantes éntuk pakaryan ing kantoré. Kapeneran ing instansiné iku ana palukis turunan [[Bèlgia]], A.A.J. Payen sing ditekakaké saka Walanda saprelu nggambar sesawangan ing Pulo Jawa kanggo rerenggan kantor Dhépartemèn Koloni ing [[Walanda]]. Payen katarik marang kaprigelan nglukisé Salèh lan sadya ngajari dhèwèké. Saka Payen iki Salèh sinau cara nggambar kaya déné wong Éropah, upamané nganggo cèt minyaklenga. Payen uga ngajak Saleh ngideri [[Jawa|Pulo Jawa]] golèk sesawangan kanggo dilukis. Ing lelakon iku Salèh éntuk jejibahan nggambar manéka wong sing diprangguli ing sadéngah papan.
 
Payen banjur ngusulaké marang Gubernur Jènderal G.A.G.Ph. van der Capellen (mrèntah [[1819]]-[[1826]]) supaya Salèh bisa sinau menyang Walanda. Taun [[1829]], Capellen ngragadi Salèh menyang Walanda kanggo sinau uga kanggo ngajari Inspèktur Béya Walanda, de Linge, ngenani adat lan kabudayan Jawa, kalebu [[basa Jawa]], sarta [[basa Melayu]].