Tetanduran wiji tunggal: Béda antara owahan

Gedhéné ora owah ,  4 taun kepungkur
→‎top: éjaan, replaced: sacara → kanthi
(éjaan, replaced: klompok → golongan (5))
(→‎top: éjaan, replaced: sacara → kanthi)
|subdivision = lihat teks
}}
'''Tetanduran wiji tunggal''' (utawa '''monokotil''', utawa '''liliopsida''') iku salah siji saka rong golongan gedhé [[tetanduran ngembang]] sing sacarakanthi klasik diajaraké; golongan sing liyané ya iku tetanduran wiji loro utawa [[dikotil]]. Ciri sing paling khas ya iku wijiné ora mecah amarga mung duwé siji [[godhong lembaga]]. Klompok iki diakoni minangka [[takson]] (minangka [[kelas (biologi)|kelas]] sarta subkelas) sajeroning manéka [[sistem klasifikasi tetanduran]] lan antuk manéka jeneng, kaya '''Monocotyledoneae''', '''Liliopsida''', lan '''Liliidae'''. Miturut analisis [[filogèni]], golongan iki diweruhi duwé sipfat monofiletik utawa holofiletik. [[Sistem klasifikasi APG II]] ngakoni monokotil minangka [[klad]] sing diarani '''monocots'''.
 
Klompok tetanduran iki nyakup manéka warna tetanduran paling migunani sajeroning kauripan [[manungsa]]. Minangka sumber pangan, sumber ènergi nabati, sumber bahan baku indhustri, perumahan, dekorasi, sandhangan, media panulisan, zat pewarna, lan sapanunggalané. Ana watara 50 èwu nganti 60 èwu [[spésies|jinis]] sing wis dikenal; mituurut IUCN ana 59.300 jinis. [[Orchidaceae]] (suku anggrèk-anggrèkan) iku [[familia|suku]] sing ndarbèni anggota paling akèh sajeroning tetanduran ngembang, kanthi 20 èwu jinis. Anggota suku pari-parian ([[Poaceae]] utawa Graminae) dikenal minangka suku kanthi aréal tanduran sing paling amba ing donya minangka sumber bahan pangan. Suku-suku liyané sing ora kalah wigati ya iku suku pinang-pinangan ([[Arecaceae]] utawa Palmae), suku bawang-bawangan ([[Alliaceae]]), suku temu-temuan ([[Zingiberaceae]]), lan suku pisang-pisangan ([[Musaceae]]). Akèh uga ing antarané sing dibudidayakna minangka [[tanduran pethètan]].
352.737

besutan