Basa Sangsekerta: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Tembung camboran: éjaan, replaced: pérangan saka → péranganing
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: sacara → kanthi (8)
Larik 31:
 
== Jeneng ==
Tembung Sangsekerta, ing basa Sangsekerta ''Saṃskrtabhāsa'' tegesé basa sing sampurna. Tembung kriya sipat ''sáṃskṛta-'' bisa dipertal minangka "rinoncé, ginawé, dibentuk sacarakanthi jangkep, alus, apik, éndah". Tembung iki turunan saka tembung ''wod'' ''saṃ-skar-'' "ndokok bareng, ngripta, nyepakaké, nyiapaké, nyedyakaké" <ref>"to put together, compose, arrange, prepare", miturut Monier-Williams (1899:1120)</ref> kamangka ''saṃ-'' tegesé "bareng, padha" (kaya ing basa Jawa ''sami'') lan ''(s)kar-'' "makarya, nggawé".
 
Tembung iki sacarakanthi umum tegesé "digawé rampung, paripurna, bubar" lan bisa tinemu ing [[Rgwéda]]. Banjur ing [[basa Wéda]] minangka tembung aran nétral ''saṃskṛtám'', iku tegesé uga "préparasi, papan sing disiapaké" lan dadi "papan ritus sing katutup, papan kurban".
 
Minangka tembung kanggo "basa agung" utawa "basa rinengga", tembung sifaté namung muncul ing basa Sangsekerta Wiracarita lan Klasik, kaya ta ing [[Manusmrti]] lan ''[[Mahabharata]]''. Basa sing dirujuk minangka ''saṃskṛta'' utawa "basa budaya" tegesé mesthi basa "suci" lan "adiluhung" lan namung ditrapaké kanggo kaperlon agama lan diskusi ngèlmiah ing India Kuna.
Larik 51:
=== Suruté basa Sangsekerta ing India ===
[[Gambar:John 3 16 Sanskrit translation grantham script.gif|thumb|Pertalan Alkitab ing basa Sangsekerta mawa Aksara Grantha saka abab kaping 19]]
Ana sawetara studi sosiolinguistik perkara basa Sangsekerta lésan sing mènèhi kesan manawa basa iki olèhé dienggo sacarakanthi lésan iku cupet lan panuwuhané wis mandeg jaman biyèn.<ref>Hock, H. "Language death phenomena in Sanskrit: Grammatical evidence for attrition in contemporary spoken Sanskrit" in Studies in the Linguistic Sciences v.13 no.2 1983 Dept. of Linguistics, University of Illinois at Urbana-Champaign Dept. of Linguistics</ref>
 
== Pangaribawa basa Sangsekerta ing basa Jawa ==
Larik 161:
== Sistém panulisan ==
[[Gambar:Phrase sanskrit.png|thumb|500px|''Mugi Bathara Siwa ngreksa sadaya siswa basaning para Jawata'' (ukara Sangsekerta déning [[Kalidasa]]), ing sawetara aksara turunan [[aksara Brahmi|Brahmi]].]]
Mula-mulané basa Sangsekerta iku ora ditulis nanging namung diapalaké waé sacarakanthi lésan. Tèks katulis kapisan ing kulawarga basa Indo-Arya malah dudu basa Sangsekerta nanging basa Prakreta sing bisa dianggep turunane basa Sangsekerta. Nalika iki kalaksanan, pilihan aksarane gumantung saka aksara sing dienggo déning juru tulisé. Meh kabèh jinis aksara saka Asia Kidul naté dienggo nulisake basa Sangsekerta. Ing India, aksara Dewanagari saya akèh dienggo nulisake basa Sangsekerta wiwit abad kaping 19. Bangsa Éropah nganggo aksara Dewanagari lan Latin kanggo nyithak basa Sangsekerta.
 
Tulisan paling tuwa ing India sing dienggo basa Indo-Arya iku diarani [[aksara Brahmi]]. Tulisan iki sing kapisan dienggo nulisake basa Sangsekerta ing abad 1 SM.<ref name="salomon">Salomon (1998), p. 86</ref> Nalika basa Sangsekerta ditulisaké, mligi basa kanggo nulis tèks-tèks administrasi, susastra utawa ngèlmiah. Tèks-tèks suci namung dilestarèkaké sacarakanthi lésan lan nalika ditulis namung sacarakanthi "gelem ora-ora" (miturut salah sawijining komentator) lan nalika ditulis uga wis kalebu jaman mutakir.
 
Banjur suwé-suwé aksara Brahmi iki dadi tulisan sing séjé-séjé lan akèh ing antarané sing dienggo nulisaké basa Sangsekerta. Kira-kira sajaman karo aksara Brahmi, aksara Kharosthi dienggo ing tlatah lor kulon India. Banjur ing watara abad kaping 4 nganti abad kaping 8 Masehi, aksara Gupta minangka turunané aksara Brahmi dadi umum dienggo. Saka abad kaping 8 Masehi, aksara Gupta nurunaké aksara Sarada. Aksara Sarada banjur diganti déning aksara Déwanagari wiwit abad kaping 11 nganti 12 mawa tahap-tahap antara kaya ta aksara Siddham. Ing India sisih wétan, aksara Bengali lan sawisé iku aksara Oriya dienggo. Banjur ing India sisih kidul, papané basa-basa Drawida dicaturaké, [[aksara Pallawa]] lan turunané akèh dienggo nulisaké. Aksara Pallawa iki uga sing bakal nurunake kabèh aksara Nuswantara.
Larik 238:
:Artikel utama: ''[[Tembung camboran ing basa Sangsekerta]]''
 
Kompositum utawa tembung-tembung camboran ing basa Sangsekerta akèh banget ditrapaké, mligi sing magepokan karo tembung aran.<ref name = "Haryati 1983-87">Haryati Soebadio (1983:87)</ref> Ing basa Wéda tembung-tembung camboran iki isih prasaja.<ref name = "Haryati 1983-87"/> Nanging sawisé iku mligi para pujangga ''Kāvya'' olèhé nganggo dadi saya ndadra lan tetembungan kaya mengkéné iki bisa dawa banget kasilé.<ref name = "Haryati 1983-87"/> Sacara nomimal tembung majemuk iku wanguné sacarakanthi morfologis sajatiné padha waé, mesthi kabangun saka rong tembung aran.<ref name="Gonda 1966-81">Gonda (1966:81)</ref> Nanging rong tembung aran iki bisa dadi péranganing kompositum liyané.<ref name="Gonda 1966-81"/> Saben tembung aran (utawa tembung sipat) ing wujud dhasaré karo unsur pungkasan waé sing didéklinasi miturut kasusé.<ref name = "Haryati 1983-87"/> Miturut Gonda ana lima wangun kompositum, ya iku ''Dvandva'', ''Avyayībhāva'', ''Tatpuruṣa'', ''Karmadhāraya'' lan ''Bahuvrīhi''.<ref>Gonda (1966:82-84)</ref>. Saliyané iku isih ana ''Dvigu''.<ref name = "Monier 504">Monier-Williams (1899:504)</ref>
 
;Dvandva
Larik 251:
 
;Bahuvrīhi
''Bahuvrīhi'' iku tembung camboran sing artiné iku wis dadi arti turunan. Contoné tembung ''bahuvrīhi'' iku sacarakanthi harafiah tegesé "akèh beras" nanging arti turunané dadi "wong sugih" awit wong sing bisa nduwé beras akèh iku wong sing sugih.
 
;Dvigu