Adolf Hitler: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: amerga → amarga (7)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: komunis → kuminis (3), sacara → kanthi (2)
Larik 115:
Hitler uga narik kesimpulan saka kagègèran ing parlemèn nagara Austria sing multi-kultural yèn sistèm dhémokrasi parlementèr iku ora apik. Sanajan mangkono, miturut August Kubizek, sing tau dadi kancané, Hitler luwih ketarik marang opera Wagner tinimbang pulitik.
 
Hitler olèh warisan pungkasan saka bapakné ing sasi Mèi 1913 lan banjur pindhah menyang [[München]]. Dhèwèké nulis ing ''Mein Kampf'' yèn dhèwèké wis nityasa péngin urip ing sawijining kutha Jerman "sajati". Ing München, dhèwèké dadi luwih ketarik marang arsitèktur lan karya [[Houston Stewart Chamberlain]]. Saliyané iku olèhé pindhah menyang München uga ngréwangi kekarepe mlayu saka [[wajib militèr]] Austria. Wusanané wadya-bala Austria bisa nangkep Hitler. Sawisé ditliti sacarakanthi fisik dhèwèké dianggep ora cocog makarya ing wadya-bala lan olèh bali menyang München manèh. Nanging nalika [[Perang Donya I]] pecah, Hitler nyuwun idin marang Raja [[Ludwig III saka Bayern]] supaya pareng bekti ing sawijining résimèn Bayern. panyuwuné dilulusaké lan Adolf Hitler mlebu wadya-bala Bayern.<ref>Shirer, William L., ''The Rise And Fall of Adolf Hitler'' c 1961, Random House</ref>
 
== Perang Donya I ==
Larik 122:
Ing Mèi 1918, dhèwèké olèh panghargyan ijazah amarga kendel marang musuh lan ing Dhésèmber 1918 dhèwèké olèh ''Eisernes Kreuz 1. Klasse'' sing arang diwènèhaké marang prajurit. Ing 1918 dhèwèké tatu déning serangan gas minangka nduwé pangkat korperal ([[basa Jerman]] ''Gefreiter''). Wektu iku dhèwèké dadi wuta lan kudu diopname telung sasi ing rumah sakit.
 
Wektu iku amarga dhèwèké lara, dadi ora ngalami gencatan senjata. Mula dhèwèké percaya karo gosip yèn Jerman dicidrani déning para pulitikus lan mligi kaum komuniskuminis. Para pancidra iki diarani para "Durjana November" (''Novemberverbrecher'').
 
== Hitler mèlu pulitik ==
 
Sawisé [[Perang Donya I]], Hitler tetep dadi prajurit ing wadya-bala Jerman lan bali menyang München. Ing kono – séjé karo katrangané mbésuk – dhèwèké mèlu nglayat lelayoné Perdana Menteri Bayern sing dipatèni, Kurt Eisner. Sawisé 'Républik Sovyèt Bayern' ditumpes, Hitler mèlu kursus "pamikiran nasional" sing dianakaké déning Bagiyan Wiyata lan Propaganda golongan Reichswehr (angkatan senjata) Bayern lan dikepalani déning Kaptèn Karl Mayr. Sing dadi kambing ireng kala iku "komunitas Yahudi internasional", kaum komuniskuminis lan para pulitikus ing kabèh parté pulitik, mligi parté-parté pulitik ing koalisi pamaréntahan Weimar.
 
Ing Juli 1919, Hitler ditunjuk dadi ''Verbindungsmann'' ("mata-mata pulisi") sawijining ''Aufklärungskommando'' ("Komando inteligènsi) déning Reichswehr. Karepé iku Hitler dikon memprabawai lan infiltrasi sawijining parté pulitik cilik "Parté Buruh Jerman" utawa ''Deutsche Arbeiterspartei'' (DAP). Nalika nylidiki parté iki, Hitler malahan dadi kasengsem karo paham pelopor parté iki: Anton Drexler. Anton Drexler nduwé paham anti-sémitisme, nasionalisme, anti-kapitalisme lan anti-Marxisme. Drexler nyekuyung sawijining pamaréntah sing kuwat, sawijining vèrsi paham "sosialime non-Yahudi" lan solidaritas antara kabèh anggota masarakat.
Larik 132:
Hitler ing kéné uga tepungan karo Dietrich Eckart, sawijining pangrintis parté lan anggota komunitas Thule sing asifat klenik. Eckart dadi mèntoré Hitler, lan kerep dhiskusi karo dhèwèké, ngajari tatacara lan tatakrama pacelathon saha klambèn. Saliyané iku Hitler ditepungaké marang wong akèh. Hitler wusanané matur nuwun marang Eckart lan jenengé ingaran ing jilid kapindho ''Mein Kampf''.
 
Hitler diwetokaké saka wadya-bala ing sasi Maret 1920 lan tilas atasané tetep nyekuyung supaya dhèwèké tetep aktif ing kauripan parté. Ing awal taun 1921, Hitler wis pinter pidhato ing ngarepé wong akèh. Ing sasi Fèbruari, Hitler pidhato marang mèh wong 6.000 ing München. Kanggo sosialisi yèn ana 'tabligh akbar', Hitler ngirim rong truk kebak suporter parté supaya muter-muter lan nggawa simbul-simbul swastika, nggawé gègèran lan nyebar brosur. Ini panrapan kapisan taktiké. Hitler dhéwé dadi misuwur sacarakanthi umum déning pidhatoné sing kasar, polèmis lan nentang [[Prajanjian Versailles]], lawan pulitik (kalebu kaum monarkis, nasionalis lan sosialis non-internasional liyané) lan mligi marang kaum Marxis lan Yahudi.
 
DAP punjeré ana ing München, sarang nasionalisme Jerman sing panas, kalebu para upsir militèr sing nduwé kekarep numpes kaum Marxis lan nggulingaké Républik Weimar. Alon-alon kabèh padha weruh Hitler lan nganggo Hitler minangka sawijining wahana kanggo kawigatènané dhéwé-dhéwé. Hitler lunga menyang Berlin lan marani klompoj nasionalis ing musim panas taun 1921, lan nalika Hitler ora ana, ana pambalélan marang para kepala DAP ing München.
Larik 140:
Komité èksèkutif DAP wusanané dadi luwih longgar lan panjaluké Hitler diserahaké para anggota lan dianakaké sawijining pamungutan swara. Hitler olèh 534 swara pro lan namung siji sing kontra. Banjur ing tanggal [[29 Juli]] 1921, Adolf Hitler diangkat dadi ''Führer'' utawa pamimpin parté iki. Jeneng parté iki déning Hitler banjur diganti dadi ''Nationalsozialistische Deutsche Arbeiterpartei'' (dicekak NSDAP) utawa Parté Buruh Jerman Nasional-Sosialis.
 
Sawisé iku parté iki olèh saya akèh anggota déning pidhato-pidhatoné Hitler sing èkstrem nyerang wong Yahudi, kaum sosial-dhémokrat, liberal, monarkis, kapitalis lan komuniskuminis. Wong-wong sing wiwit katarik kalebu Rudolf Hess, Hermann Göring sing manten juru anggegana angkatan udara, lan kaptèn Ernst Röhm, saka angkatan dharat. Röhm dadi kepala organisasi paramilitèr Nazi sing diarani SA (''Sturmabteilung'' utawa "Pérangan Panyerangan"). SA sing ngreksa rapat-rapat NSDAP lan intimidasi lawan-lawan pulitiké. Saliyané iku Hitler uga nyerep golongan-golongan mardika liyané, kaya ta ''Deutsche Werkgemeinschaft'' sing papané ana ing Nürnberg lan sadurungé dipanggedhèni déning Julius Streicher lan diangkat dadi ''Gauleiter'' (sajenis Gubernur) ing Franconia. Hitler uga digatèkaké déning pebisnis lokal lan wiwit iku Hitler ditampa antarané kalangan élit masarakat München lan tepungan karo Jéndral [[Erich Ludendorff]] sing mèlu dines ing Perang Donya I.
 
=== ''Bierkeller Putsch'' ===