Serat Rengganis: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Sinopsis: éjaan, replaced: amerga → amarga
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Sinopsis: éjaan, replaced: pésta → pista (3)
Larik 24:
Umarmaja teka, masang sirep, nanging ora tumama, malah ngantuk dhéwé, wusana turu. Kasangé kacanthèlaken ana ing pucuking wit-witan. Umarmaya didhekep déning bala Mukadam, dijaga lan banjur dilebokaké ing sumur wisa.
 
Ing Mukadam banjur péstapista seneng-senengan.
 
Dewi Kadarmanik susah banget, ngarep-arep rawuhé mitra lan guruné, ya iku Dèwi Rengganis. Sang Kadarmanik wis ngrasuk agama Islam. Dèwi Rengganis rawuh karo Pangéran Kélan, nanging sang Radèn ditinggal anèng jaba.
Larik 30:
Dèwi Kadarmanik nangis amarga ora seneng karo sang Hirman. Bareng Dèwi Kadarmanik dirapu déning Dèwi Rengganis, banjur saré. Dèwi Rengganis metu, Pangéran Kélan diaturi mlebu ganti, tunggal saré karo Dèwi Kadarmanik. Sang Dèwi kagèt, déné sandhingan wong lanang; sang Radèn ngendika yèn panjenengané iku Dèwi Rengganis malih dadi lanang, nanging sang Kadarmanik isih kedhih-kedhih. Bareng sang Dèwi meksa durung bisa tutut, sang Pangéran metu. Ésuké kondur menyang Argapura karo Dèwi Rengganis.
 
Ing pendhapa kraton para pangageng isih padha péstapista seneng-seneng. Radèn Hirman, wis mendhem, mlebu kedhaton murugi Dèwi Kadarmanik. Sang Dèwi tutup kori; para parekan abdi dalem padha mlayu, gila. Ana inya sing matur marang Radèn Hirman, yèn Dèwi Kadarmanik semadi. Radèn Hirman bengak-bengok ngungrum saka jaba, banjur lunga karo bekah-bekih.
 
Dewi Kadarmanik ngarep-arep rawuhé Dèwi Rengganis. Dèwi Rengganis, bener rawuh karo Pangéran Kélan; sang Dèwi meneng ana ing jaba. Pangéran Kélan sing mlebu, dikira Dèwi Rengganis awarna lanang. Solah-tingkahé wong lanang-wadon ana ing kamar, nanging sang Pangéran Kélan emoh ngrusak pagering kasusilan, banjur metu. Ora suwé Dèwi Rengganis mlebu. Sang Kadarmanik seneng déné Dèwi Rengganis wis awarna putri manèh. Bareng Dèwi Rengganis wis walèh olèhé nggawé sulapan, Dèwi Kadarmanik didhawuhi krama olèh Pangéran Kélan. Bab Radèn Hirman temtu arepa ana wusanané.
Larik 42:
Radèn Umarmaya ana ing sajeroning sumur wisa, ngarep-arep pitulungan saka Pangéran Kélan. Pangéran Kélan, Dèwi Rĕngganis lan Dèwi Kadarmanik isih kumpul, kerungu wirasaning wong bab kahanané Radèn Umarmaya ana ing sumur wisa. Pangéran Kélan lan Dèwi Rengganis murugi marang panggonané sang Umarmaya, banjur dijampèni lan diwetokaké saka sumur wisa, terus padha mara menyang nagara Mukadam. Kasangé wis dijupuk manèh.
 
Wong-Agung ngarep-arep tekané sang Umarmaya, awit Wong-Agung kerasa yèn sang Umarmaya durung séda. Raja Mukadam lan Prabu Nurséwan padha péstapista gedhèn-gedhènan amarga bala Arab wis rusak.
 
Radèn Umarmaya karo Dèwi Rengganis karo Pangéran Kélan wis padha ngumpul karo Wong-Agung, lagi ngrembug rusaking bala. Dèwi Rengganis matur yèn wadhah banyu kauripan darbéné sang Majusi kudu direbut dhisik; awit yèn iku isih, bala reca ora bisa rusak. Ing nalika iku bala Arab sing lara wis padha waras manèh. [[Gamelan]] wis padha muni. Prabu Nurséwan kerungu gamelan ing pasanggrahané Wong-Agung, miris banget ; ngira yèn sang Umarmaya wis bali. Raja Mukadam ngrapu marang Raja Nurséwan, ngendika yèn sang Umarmaya wis mati.