Gim Olympiadé: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: diselenggarakaké → diadani (2), pertandingan → tetandhingan, paling gedhé → gedhé dhéwé, pertandhingan → tetandhingan (3), Pertandhingan → Tetandhingan, pesta → pista (2)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: liane → liyané, terkenal → kaloka
Larik 1:
[[Gambar:Olympic_flag.svg|thumb|250px|right|Gendéra Olimpiade]]
'''Kridha Olimpik''' utawa '''Olimpiade''' ([[French language|basa Prancis]]: ''les Jeux olympiques'', ''JO'')<ref name="olimpiade 1">[http://www.olympic.org/fr/ "French and English are the official languages for the Olympic Games."] Diaksès 7 Juli 2012</ref>, ya iku acara [[ulah raga]] internasional petang tahunan sing nandingaké cabang-cabang [[ulah raga]] mangsa ketiga lan mangsa rendeng lan dimèloni déning éwonan atlet sing padha saingan ing werna-werna tetandhingan [[ulah raga]]. Olimpiade ya iku kompetisi [[ulah raga]] gedhé dhéwé lan terkenalkaloka ing donya, kanthi punjul 200 nagara sing padha mèloni.
 
Awalé, Olimpiade mung mlaku ing [[Yunani]] kuna nganti akhiré ing [[taun]] 393 M Olimpiade kuna iki dimandekaké déning Kaisar [[Romawi]], [[Theodosius]]. Olimpiade salanjuté diuripne manèh déning salah sijining bangsawan [[Prancis]] jenengé [[Pierre Frèdy Baron de Coubertin]] ing [[taun]] 1896. Ing kongres [[taun]] 1894 sing diselenggaraké ing [[Paris]], digawé Komite Olimpiade Internasional (IOC) lan kutha krajan [[Yunani]], [[Athena]] dipilih dadi tuan rumah Olimpiade modhèren sing kapisan [[taun]] 1896. Salanjuté, saka [[taun]] 1896 tekan saiki, saben petang [[taun]] pisan Olimpiade Mangsa Ketiga terus dienekane kajaba taun-taun ing jaman [[Perang Donya II]]. Edisi mirunggan kanggo [[ulah raga]] mangsa rendeng; Olimpiade Mangsa Rendeng, lekas diènekaké ing [[taun]] 1924. Awalé Olimpiade Mangsa Rendeng dienekake ing taun sing padha karo Olimpiade Mangsa Ketiga, ananging saka [[taun]] 1994 Olimpiade Mangsa Rendeng diènèkaké saben petang [[taun]] pisan, karo kaletan wektu rong [[taun]] saka Panitia Olimpiade Mangsa Ketiga <ref name="olimpiade 2">[http://www.olympic.or.id/index.php/section/games/type/1 SITUS RESMI KOMITE OLIMPIADE INDONESIA] Diaksès 19 Juli 2012</ref>.
Larik 16:
Macemé tetandhingan ing Olimpiade kuna bisa kasebut sarwa atos. Para atlet mlayu padha mlayu sak kenceng-kencengé tanpa nganggo lambaran sikil. Para panunggang jaran padha lomba entèk-entèkan tanpa pelana utawa sanggurdi. Para atlet sing mencolot gawa pemberat sing diayunké kanggo nambah surungan maju. [[Ulah raga]] sing paling abot ya iku [[Pancratium|pankration]], [[ulah raga]] nggabungaké [[gulat]] lan [[tinju]] gaya tradhisional.<ref>{{cite web|title=Olympic Games|url=http://www.britannica.com/EBchecked/topic/428005/Olympic-Games/59589/The-ancient-Olympic-Games|publisher=Encyclopædia Britannica|format=registration required|accessdate=29 April 2009}}</ref> Para atlet olèh nyépak utawa nekak lawané, sing ora diéntukaké ya iku mencèt mata, nyokot, lan nyeklèkake driji. ''Fairplay'' bener-bener digatèkaké para atlet. salah sijining artefak purba ngetokaké adegan tinju antarané rong atlet. Sing menang tinju ya iku pihak sing bisa ngampleng sirah lawané. Pihak sing kalah kudu ngacungaké driji tanda ngaku kalah.<ref>Spivey (2004), hal. 229–230</ref>
 
Olimpiade kuna mung éntuk ditonton lan dimeloni para priya. Amarga para atlet kudu tandhing nganggo awak ora nganggo busana, kajaba kanggo kesempatan mirunggan, kaya lomba keréta jaran. Dèwèké nanggo busana manéko warna kanggo nudhuhaké status sosial sing nduwé keréta lan [[jaran]]. Kanggo wong [[Yunani]] ora nganggo busana dadi cara paling pas kanggo [[ulah raga]]. Dèwèké bungah manawa duwèni awak sing atletis.<ref name="Burkert">Burkert (1983), hal. 95</ref> Sing menang tetandhingan éntuk mahkota godong, kaya godong zaitun liar sing ngganteni medhali. Kadang-kadang sing juara diarak mlebu [[kutha]] lumantar siji bolongan/trowongan sing digawé mirunggan ing tembok [[kutha]]. Dewèké dielu-elu ing dalan [[kutha]] lan disambut kanthi wacanan [[gurit]].<ref>Swadling (1999), hal. 90–93</ref> Bebungah lianeliyané kanggo ulah ragawan sing berprestasi arupa bébas saka pajeg lan éntuk mangan gratis. Salah sijining kutha uga diwènèhi bonus duit sing cacahé gedhé. Malah ing [[kutha]] sing dinggo panggon pemenang digawèkaké patung sing dewèké. Akèh patung watu lan perunggu isih sisa tekan saiki lan iku dadi bebungah sing paling langgeng duwéné sing juara. Salah siji pérangan cabang atletik sing isih tetep kaloka tekan saiki ya iku [[maraton]], ya iku perlombaan mlayu sing adohe kira-kira 42&nbsp;km.<ref>Olympic Museum, "The Olympic Games in Antiquity", hal. 2</ref>
 
Olimpiade tekan nduwurané ing [[abad]] kaping-6 lan kaping-5 SM, ananging sabanjuré kanthi alon-alon ngalami kunduran bebarengan kalahé Yunani karo [[Romawi]]. ora ana konsensus sing nyatakné kanthi resmi babagan rampungé Olimpiade, ananging téyori sing paling umum dicekel saiki ya iku ing taun 393 M, pas [[Kaisar Romawi]], [[Theodosius]] nyatakné manawa kabèh budaya praktek-praktek kuna Yunani kudu diilangi.<ref>However, Theodosius' decree contains no specific reference to Olympia (Crowther (2007), hal. 54).</ref> Sabanjure, ing taun 426 M, [[Theodosius II]] mrintahaké ngrusak kabèh kuil Yunani. Sawisé kui, Olimpiade ora diènèkaké manèh tekan pungkasan abad 19.<ref>Crowther (2007), hal. 54</ref>