Amangkurat I: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Wiwitan pamaréntahan: éjaan, replaced: sacara → kanthi
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: kasebut → mau (3), mbrontak → ngraman
Larik 7:
 
== Wiwitan pamaréntahan ==
Ing taun 1645 panjenengané diangkat dadi ratu Mataram nggantèkaké ramané, lan antuk sesebutan ''Susuhunan Ing Alaga''. Nalika dinobataké kanthi resmi taun 1646, panjenengané mawa sesebutan Amangkurat utawa Mangkurat, jangkepé '''Kanjeng Susuhunan Prabu Amangkurat Agung'''. Sajeroning [[basa Jawa]] tembung ''Amangku'' maknané "mangku", lan tembung ''Rat'' sing maknané "bumi", dadi Amangkurat maknané "mangku bumi". Panjenengané dadi ratu sing kuwasa ing Mataram lan laladan-laladan andhahané, lan ing upacara panobatan kasebutmau kabèh anggota kulawarga krajan disumpah supaya prasetiya lan ngabekti marang panjenengané.
 
Amangkurat I antuk warisan [[Sultan Agung]] awujud wewengkon Mataram sing jembar banget. Sajeroning bab iki panjenengané matrapaké pepanceran utawa sistem pamaréntahan tunggal. Amangkurat I uga nyingkiraké tokoh-tokoh sepuh sing ora jumbuh karo pulitiké. Umpamané, Tumenggung Wiraguna lan Tumenggung Danupaya ing taun 1647 dikirim supaya ngrebut [[Blambangan]] sing wis dikuwasani déning [[Bali]], nanging kaloroné diprejaya ing tengah dalan.
 
Ing taun 1647 kutha krajan Mataram dilih menyang [[Plèrèd]]. Pura anyar iki luwih akèh diyasa saka bata, déné pura lawas ing [[Kerta]] kagawé saka kayu. Pangalihan pura kasebutmau diwernani pambrontakan Radèn Mas Alit utawa Pangeran Danupoyo, rayiné Amangkurat I sing nentang panumpasan tokoh-tokoh sepuh. Pambrontakan iki antuk sengkuyungan saka para ulama nanging wusanané niwasaké Mas Alit. Amangkurat I ganti ngadhepi para ulama.
 
== Sesambungan karo pihak liya ==
Amangkurat I duwé sesambungan karo [[VOC]] sing naté diperangi ramané. Ing taun 1646 panjenengané nganakaké prajanjèn, antarané liya pihak VOC diidinaké mbukak pos-pos dagang ing wewengkon Mataram, déné pihak Mataram diidinaké dagang menyang pulo-pulo liya sing dikuwasani déning VOC. Kaloro pihak uga silih mbébasaké tawanan. Prajanjèn kasebutmau déning Amangkurat I dianggep bukti takluk VOC marang kakuwasan Mataram. Nanging panjenengané banjur gela nalika VOC ngrebut [[Palembang]] taun 1659.
 
Memungsuhan antara Mataram lan [[Kasultanan Banten|Banten]] uga sansaya ndadra. Ing taun 1650 [[Kasultanan Cirebon|Cirebon]] didhapuk naklukaké Banten nanging ora kasil. Banjur taun 1652 Amangkurat I nglarang ngirim beras lan kayu menyang nagari iku.
Larik 28:
 
== Pambrontakan Trunajaya ==
Mas Rahmat sing wis dipecat saka kalungguhan [[Adipati Anom]] tetepungan karo Radèn [[Trunajaya]], mantuné Panembahan Rama alias Radèn Kajoran taun 1670. Panembahan Rama ngusulaké supaya panjenengané ngragati Trunajaya ngayahi pambrontakan. Banjur Trunajaya diragati kanggo mbrontakngraman marang Amangkurat I.
 
Trunajaya lan punggawané uga dibiyantu déning para pejuang Makasar pimpinan [[Karaeng Galesong]], ya iku tilas panyengkuyungé [[Sultan Hasanuddin]] sing diasoraké déning [[VOC]] ing taun 1668. Sadurungé, taun 1674 laskr Makasar iki tau nyuwun tanah kanggo gawé perkampungan, nanging ditulak déning Amangkurat I.