Monumèn Nasional: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Pelataran Pucuk lan Geni Kamardhikan: éjaan, replaced: Istana → Pura, perayaan → karaméan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: bobote → boboté (2), Istana → Pura, dibentuk → diwangun
Larik 53:
Sawisé punjer pamaréntahan Republik [[Indonèsia]] bali menyang [[Jakarta]] sawisé sadurungé manggon ing [[Yogyakarta]] ing taun [[1950]] disusul ''pengakuan kedaulatan'' Republik Indonesia déning pamaréntah [[Walanda]] ing taun [[1949]], [[Présidhèn Sukarno]] wiwit mikiraké pambangunan monumèn nasional kang arep padha karo [[Menara Eiffel]] ing lapangan sangarepé [[Istana Merdeka]]. Pambangunan tugu Monas duwé ancas kanggo ngenang lan nglestarikaké perjuangan bangsa Indonésia nalika jaman révolusi kamardhikan taun [[1945]], supaya bisa mènèhi inspirasi lan semangat patriotisme génerasi saiki lan suk mbèn.
 
Ing tanggal [[17 Agustus]] [[1954]] komité nasional dibentukdiwangun lan sayembara perancangan monumèn nasional diwiwiti ing taun [[1955]]. Ana 51 karya kang mlebu, nanging mung 1 karya kang digawé déning [[Frederich Silaban]] kang mathuk karo kriteria kang ditemtokaké komité, antarané nggambaraké karakter bangsa Indonésia lan bisa awèt nganti pirang-pirang abad. Sayembara kapindho dianakaké ing taun [[1960]] nanging ora siji-sijia saka 136 peserta kang mathuk karo kriteria. Ketua juri banjur njaluk Silaban supaya nguduhaké rancangané marang Sukarno. Nanging Sukarno kurang seneng karo rancangan iku lan kepingin monumèn iku awujud lingga yoni. Silaban banjur dijaluk supaya ngrancang monumèn kanthi téma iku, nanging rancangan kang diajukaké Silaban iku kapiken mulané prabéya kang kagedhèn ora mampu ditanggung karo anggaran nagara, apa manèh nalika iku ékonomi nagara isih durung apik. Silaban ora gelem ngrancang wangunan kang luwih cilik, lan mènèhi panyarué supaya pambangunan diundur ngentèni nganti tekan ékonomi Indonèsia dadi apik. Sukarno banjur njaluk arsitèk [[R.M. Soedarsono]] supaya nerusaké rancangan iku. Soedarsono mènèhi angka 17, 8 lan 45, kang nglambangaké 17 Agustus 1945 miwiti Proklamasi Kamardhikan Indonèsia, ing sajeroning rancangan monumèn iku. Tugu Peringatan Nasional iki banjur diyasa ing panggonan kang ambané 80 héktar. Tugu iki diarsitèki déning Friedrich Silaban lan R. M. Soedarsono, diyasa wiwit tanggal 17 Agustus 1961.
 
==Pambangunan==
Larik 78:
Ana [[elevator]] (lift) ing lawang sisih kidul sing bakaln ngeterake wong-wong kang plesiran menyang pelataran pucuk kang ambané 11 x 11 mèter lan dhuwuré 115 mèter saka [[lemah]]. Lift iki cukup kanggo momot 11 wong. Pelataran pucuk iki momot 50 orang, uga ana teropong kanggo ndelok sesawangan kutha [[Jakarta]] saka cedhak. Ing sakupenge elevator ana andha dadurat kang digawe saka [[wesi]]. Saka plataran pucuk tugu Monas, wong-wong sing plesir bisa nyawang kutha Jakarta. Yèn kahanane isih crah tanpa ana [[keluk]], ing sisih kidul bisa katon ana [[Gunung Salak]] kang dumunung ing [[Kabupatèn Bogor]], [[Jawa Kulon]], ing sisih lor bisa katon segara kanthi pulo-pulo kang cilik.
 
Ing pucuk Monumen Nasional ana cawan kang dadi wadhahing obor [[perunggu]] kang abote nganti tekan 14,5 ton lan dilapisi emas 35 kilogram. [[Ilat]] geni utawa obor iki dhuwuré 14 mèter lan duwé diameter 6 mèter kapérang saka 77 pérangan kang didadèkaké siji. Ilat geni iki minangka simbul semangat perjuwangan rakyat Indonésia kang pengen merdhika. Ing pisanan geni obor perunggu iki dilapisi lembaran emas kang abote 35 kilogram, nanging kanggo mengeti karaméan 50 taun kamardhikan Indonésia ing taun [[1995]], lembaran emas iki dilapisi manèh lan boboteboboté dadi 50 kilogram lembaran emas. Pucuk tugu arupa ''"Api Nan Tak Kunjung Padam"'' kang tegesé supaya bangsa Indonésia duwé semangat kang ora tau mati sasuwene jaman. Pelataran cawan mènèhi sesaswangan kang dhuwuré 17 mèter ing sadhuwuring lemah. Plataran cawan bisa dituju kanthi numpak lift nalika mudhun saka pelataran pucuk, utawa liwat andha tumuju ngisore cawan. Dhuwure pelataran cawan saka ngisor ya iku 17 mèter, déné rentang dhuwur antara ruwang musiyum sajarah menyang ngisor cawan ya iku 8 mèter (3 mèter ing ngisor lemah ditambah 5 mèter andha kang tumuju ngisor cawan). Ambane pelataran kang awujud kothak ya iku 45 x 45 mèter, kabèh iku minangka angka keramat [[Proklamasi Kamardhikan RI]] (17-8-1945).
 
Emas kang boboteboboté 38 kilogram ing obor Monas iku sumbangan saka [[Teuku Markam]], wong [[Acèh]] kang tau dadi salah siji wong paling sugih ing Indonésia.
 
== Cathetan suku ==