Penyu: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Jinis Penyu: éjaan, replaced: kasebut → mau, ordo → ordho
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Isu Konservasi: éjaan, replaced: ordo → ordho, Kosta Rika → Costa Rica
Larik 68:
== Isu Konservasi ==
 
Laporan saka Conservation International (CI) sing diwara-warakaké ing simposium taunan kaping 24 babagan upaya nglestarekaké penyu ing [[KostaCosta RikaRica]], cacahé penyu blimbing mudhun saka udakara 115.000 penyu wadon diwasa dadi kurang ska 3.000 saka taun 1982. Cacahé penyu blimbing wis mudhun nganti 97% ing wektu 22 taun kapungkur. Saliyané iku, lima spésies penyu uga bisa baé cures kaya penyu blimbing iku. Arep kabèh jinis penyu kalebu ing dhaftar kéwan sing diayomi déning [[Undang-Undang Nasional]] utawa [[Internasional]] amarga dikuwatiraké bakal cures jalaran cacahé sing saya sithik. Saliyané penyu blimbing, loro jinis penyu liyané ya iku penyu Kemp’s Ridley dan penyu sisik uga dilebokaké dadi kéwan sing kaancem cures banget déning The World Conservation Union (IUCN). Penyu ijo (Chelonia mydas), penyu lekang utawa penyu klawu (Lepidochelys olivacea), dan penyu tempayan utawa ''loggerhead'' (Caretta caretta) uga kagolong kéwan sing kaancem cures. Mung penyu pipih (Natator depressus) sing diprakiraké ora kaancem cures.
 
Wong-wong padha nganggep penyu ya iku salah sawijiné kéwan segara sing duwé akèh kaluwihan. Kajaba tempurungé sing narik kawigatèn kanggo barang kerajinan, dagingé uga enak manawa digawé [[saté]] penyu sing bisa kanggo obat lan racikan supaya wong wadon tambah ayu. Mliginé ing [[Tiongkok]] lan [[Bali]], endhog penyu bisa dipangan. Sanadyan wis ana [[Peraturan Pamaréntah Nomor 7 taun 1999]] babagan Pelestarian Jinis Pelestarian Tumbuhan dan Satwa sing ngayomi kabèh jinis penyu, tetep akèh sing padha mburu penyu. Kanggo ngawekani punahé penyu, mligine penyu blimbing, nagara-nagara wis padha ngayomi papan sing kanggo ngendhog penyu. Salah sawijiné ing [[Jamursba Medi]] sing dumunung ing pasisir lor [[Irian]]. Pasisir iku wis dikukuhaké dadi laladan konservasi. Papan liyané sing didadèkaké ngayomi panyu ya iku ing Kepulowan Derawan, [[Kalimantan Timur]] lan ing Tambelan,[[Bintan]].