Sumatra: Béda antara owahan

16 bèt wis ditambahake ,  5 taun kepungkur
→‎Sajarah: éjaan, replaced: sekitar → sakiwa-tengené (2)
(→‎Ékonomi: éjaan, replaced: : → :)
(→‎Sajarah: éjaan, replaced: sekitar → sakiwa-tengené (2))
Ing kalangan bangsa Yunani purba, Pulo Sumatra wis kaloka kanthi jeneng Taprobana. Jeneng Taprobana Insula wis dipigunaaké déning Klaudios Ptolemaios, ahli géografi Yunani abad kaping pindho Masehi, tepaté taun 165, nalika panjenengané njlèntrèhaké laladan Asia Kidul-Wétan ing karyané Geographike Hyphegesis. Ptolemaios nulis yèn ing pulo Taprobana ana nagari Barousai. Mungel waé nagari sing dimaksudaké iku Barus ing pasisir kulon Sumatra, sing misuwur wiwit jaman purba minangka pangasil kapur barus.
 
Naskah Yunani taun 70, Periplous tes Erythras Thalasses, ndungkap yèn Taprobana uga dijuluki chryse nesos, sing artiné ‘pulo emas’. Wiwit jaman purba para pedagang saka laladan sekitarsakiwa-tengené Laut Tengah wis nekani tanah air kita, mligi Sumatra. Saliyané nggolèk emas, para pedagang uga nggolèk kemenyan (Styrax sumatrana) lan kapur barus (Dryobalanops aromatica) sing wektu iku mung ana ing Sumatra. Sakwaliké, para pedagang Nuswantara uga wis njajaaké komoditiné tekan Asia Kulon lan Afrika Wétan, kaya kacantum ing naskah Historia Naturalis karya Plini abad sepisanan Masehi.
 
Ing kitab umat Yahudi, Melakim (Raja-ratu), pasal 9, diterangaké manawa Nabi Sulaiman a.s. ratu Israil nampa 420 talenta emas saka Hiram, ratu Tirus sing dadi andhahané. Emas iku diantuki saka nagari Ophir. Kitab Al-Qur’an, Surat Al-Anbiya’ 81, nerangaké manawa kapal-kapal Nabi Sulaiman a.s. ''berlayar'' nuju “tanah yang Kami berkati atasnya” (al-ardha l-lati barak-Na fiha).
Paralihan Samudera (jeneng kraton) dadi Sumatra (jeneng pulo) narik kanggo ditelusuri. Odorico da Pardenone ing carita palayarané taun 1318 nyebutaké yèn panjenengané berlayar ngétan saka Koromandel, India, suwéné 20 dina, banjur tekan ing kraton Sumoltra. Ibnu Bathutah certa ing kitab Rihlah ila l-Masyriq (Pangembaraan ngétan) yèn ing taun 1345 pajenengané mampir ing kraton Samatrah. Ing abad sabanjuré, jeneng nagari utawa kraton ing Acèh iku dijupuk déning musafir-musafir liya kanggo nyebutaké kabèh pulo iku.
 
Ing taun 1490 Ibnu Majid nggawé péta laladan sekitarsakiwa-tengené Samodra Hindia lan ing kono tinulis pulo Samatrah. Péta Ibnu Majid iki disalin déning Roteiro taun 1498 lan banjur muncul jeneng Camatarra. Péta panggawéané Amerigo Vespucci taun 1501 nyantumaké jeneng Samatara, éwadéné péta Masser taun 1506 munculaké jeneng Samatra. Ruy d’Araujo taun 1510 nyebut pulo iku Camatra, lan Alfonso Albuquerque taun 1512 nulisaké Camatora. Antonio Pigafetta taun 1521 nganggo jeneng sing rada ‘bener’: Somatra. Nanging akèh banget cathetan musafir liya sing luwih ‘kacau’ nulisaké: Samoterra, Samotra, Sumotra, malah Zamatra lan Zamatora.
 
Cathetan-cathetan wong Walanda lan Inggris, wiwit Jan Huygen van Linschoten lan Sir Francis Drake abad kaping 16, mesthi konsistèn ing panulisan Sumatra. Wangun iki sing dadi baku, lan sabanjuré dilarasaké marang ilaté wong Indonésia: Sumatera
352.737

besutan