Fisika: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Téyori fisika utama: éjaan, replaced: werna → warna (2)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: biasanipun → limrahipun (2), nunjukaken → nedahaken
Larik 2:
'''Fisika''' punika ngèlmu ingkang nyinaoni sadaya barang ingkang wonten gandhènganipun kaliyan [[fenomena|fénoména]] ngalam. Anggènipun nyinaoni nganggé pitulung ngèlmu [[matematika|matématika]].
 
Téyori fisika kathah dipunnyataaken ing notasi [[matématis]], lan [[matématika]] ingkang kagunaaken biasanipunlimrahipun langkung rumit tinimbang matématika ingkang kagunaaken ing babagan ngèlmu sanèsipun. Bèntenipun fisika lan matématika inggih punika fisika wonten gandhènganipun kalih jagad matérial, manawi matématika gandhèngapipun kalih pola-pola [[abstrak]] ingkang boten mesthi wonten gandhènganipun kalih jagad matérial. Nanging, bèntenipun punika boten mesthi cetha. Wonten kathah wewengkon penlitén ingkang gandhèngan antawisipun fisika lan matématika, inggih punika fisika matématis, ingkang ngembangaken struktur matématis kanggé téyori-téyori fisika.
 
Istilah fisika punika saking [[basa Yunani]]: φυσικός (physikos), "alamiah", lan φύσις (physis), "alam". [[Fisikawan]] punika ngèlmu ingkang nyinaoni pratingkah lan sipat matéri ing babagan ingkang kathah macemipun, saking [[partikel]] submikroskopis ingkang minangka sadaya matéri (fisika partikel) ngantos pratingkah matéri [[jagad raya]] ingkang dados satunggal kesatuan [[kosmos]].
Larik 12:
Budaya panlitén fisika bènten kaliyan ngèlmu sanèsipun amargi wontenipun pamisahan [[téyori]] lan [[eksperimen|èkspèrimèn]]. Kawit abad kalih dasa, kathah fisikawan piyambakkan ngususaken dhiri nliti ing [[fisika teoretis|fisika téorètis]] utawi [[fisika eksperimental|fisika èkspèrimèntal]] mawon, lan ing abad kalih dasa, sakedhik kémawon ingkang kasil ing kekalih babagan punika. Sawalikipun, méh sadaya téorètis ing biologi lan kimia ugi dados èkspèrimèntalis ingkang suksès.
 
Gampangipun, téoris ngupados ngembangaken téyori ingkang saged njelasaken hasil èkspèrimèn ingkang sampun dipuncobi lan saged nginten-inten hasil èkspèrimèn ingkang badhé dhateng. Ing wekdal ingkang sami, èkspèrimèntalis nyusun lan ngleksanani èkspèrimèn kagem nguji prakiraan téoretis. Téyori lan èkspèrimèn saged dipunkembangaken piyambak-piyambak, nanging kekalihipun sesambetan. Kemajengan ing fisika biasanipunlimrahipun medal ing wekdal èkspèrimèntalis ndamel panemuan ingkang boten saged dipunjelasaken téyori ingkang sampun wonten, saéngga kedah dipunrumusaken téyori-téyori énggal. Tanpa èkspèrimèn, panlitén téorètis asring lumaku ing arah ingkang lepat; salah satunggaling conto inggih punika [[téyori-M]], téyori populér ing fisika ènèrgi-tinggi, amargi èkspèrimèn kanggé nguji dèrèng naté dipunsusun.
 
=== Téyori fisika utama ===
Larik 88:
Ing awal [[abad kaping 17]], [[Galileo Galilei|Galileo]] mbikak panggunaan èkspèrimèn kanggé mesthèkaken kaleresan téyori fisika, ingkang dados kunci saking [[métodhe sains]]. Galileo ndamel formulasi lan kasil ngetés sapérangan hasil saking [[dinamika mékanik]], mliginipun [[Hukum Inert]]. Ing taun [[1687]], [[Isaac Newton]] nerbitaken [[Filosofi Natural Prinsip Matematika]], mènèhi panjelasan ingkang cetha lan téyori fisika ingkang suksès: [[Hukum Gerak Newton]], ingkang arupi sumber saking [[mekanika klasik]]; lan [[Hukum Gravitasi Newton]], ingkang njelasaken [[gaya dhasar]] [[gravitasi]]. Kekalih téyori punika cocog ing èkspèrimèn. Prisipipun uji nglebetaken sapérangan téyori ing dinamika fluid. Mékanika klasik dipunkembangaken ageng-agengan déning [[Joseph-Louis de Lagrange]], [[William Rowan Hamilton]], lan sanèsipun, ingkang nyiptaaken formula, prinsip, lan hasil énggal. [[Hukum Gravitasi]] miwiti babagan [[astrofisika]], ingkang nggambaraken [[fenomena|fénoména]] [[astronomi]] nggunaaken téyori fisika.
 
Kawit [[abad kaping 18]] lan salajengipun, [[termodinamika]] dipunkembangaken déning [[Robert Boyle]], [[Thomas Young]], lan kathah sanèsipun. Ing taun [[1733]], [[Daniel Bernoulli]] nggunaaken argumen [[statistika]] wonten ing mékanika klasik kanggé nurunaken hasil termodinamika, miwiti babagan [[mekanika statistik]]. Ing taun [[1798]], [[Benjamin Thompson]] nunjukakennedahaken konversi makarya [[mekanika]] tumuju ing [[panas]], lan ing taun [[1847]] [[James Joule]] nyataaken kukum konservasi [[ènergi]], wonten ing wujud panas ugi ing ènergi mekanika.
 
Sifat [[listrik]] lan [[magnetisme]] dipunsinaoni déning [[Michael Faraday]], [[George Ohm]], lan sanèsipun. Ing taun [[1855]], [[James Clerk Maxwell]] nunggalaken kalih fénoména punika dados téyori [[elektromagnetisme]], dipunjelasaken kanthi [[persamaan Maxwell]]. Perkiraan saking téyori kasebat: [[cahya]] inggih punika [[gelombang èlèktromagnètik]].