Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

72 bèt wis dibusak ,  2 taun kepungkur
éjaan, replaced: - → - (36), - → - (36), kaping- → kaping (5)
''Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani [[Sajarah Indonésia]]''
 
Ing samadyaning prabawa agama [[Hindhu]] lan [[Buda]], sawetara [[karaton]] ngadeg ing pulo [[Sumatra]] lan [[Jawa]] wiwit [[abad kaping- 7]] nganti [[abad kaping- 14]]. Tekaning pedagang-pedagang Arab saka Gujarat, [[India]] sabanjuré nepungaké agama [[Islam]] kang pungkasané dadi agama gedhé dhéwé ing Indonésia.
 
Wong-wong Éropah teka ing pawitaning abad kaping- 16 lan nalika iku nemu nagara-nagara cilik. Nagara-nagara iku banjur kanthi gampang dikuwasani supaya sabanjuré uga bisa nguwasani dol-tinuku rempah-rempah ing tlatah kono.
 
Ing abad kaping- 17, nagara [[Walanda]] kang nalika iku minangka nagara paling kuwat ing tlatah Éropah, nelukaké nagara [[Inggris]] (British) lan [[Portugal|Portugis]] (kajaba tlatah jajahan [[Portugal|Portugis]] ing Timor Wétan). Bangsa [[Walanda]] njajah Indonésia nganti mangsané [[Perang Donya II|Perang Donya Kapindho]]. Wiwitané [[Walanda]] ngadegaké [[VOC|Syarikat Hindia Wétan Londho]], ya iku armada niyaga rempah-rempah duwèké pamaréntah [[karajan]] Walanda, lan sabanjuré ing wiwitaning abad kaping- 19 kanthi kekuwatan prajurité wiwit blak-blakan njajah tlatah Indonésia.
 
Samangsa [[Perang Donya II]], [[Walanda]] (Landa) dijajah karo [[Jerman]], nalika iku [[Jepang|Jepun]] nguwasani Indonésia. Sawisé Indonésia kapilut ing taun [[1942]], pihak Jepun sesora yèn para pejuwang Indonésia iku kanca dedagangan sing kooperatif lan sedya nggelar prajurit yèn dibutuhaké. [[Soekarno]], [[Mohammad Hatta]], [[K. H. Mas Mansur]], lan [[Ki Hajar Dewantara]] banjur antuk kanugrahan saka Maharaja Jepun ing taun [[1943]].
Jendral [[Soeharto|Suharto]] dadi présidhèn ing taun [[1967]] kanthi alesan ngamanaké nagara saka anceman [[kuminisme]] tumrap Soekarno sing nalika iku sansaya tanpa daya. Sawisé Soeharto nyekel kuwasa, [[PKI]] dibubaraké lan warga Indonésia sing dikira cawé-cawé lan mélu kuminis akèh sing mati. Ing 32 taun pamaréntahan Soeharto iku mau [[Orde Baru]], kanggo mbèdakaké karo jaman Soekarno sing mau ''Orde Lama''.
 
Suharto kasil nyedhakaké manèh Indonesiya marang nagara-nagara manca - lan kasil nuwuhaké ékonomi sing manjila, ora kétang ora warata. Ing wiwitan Orde Baru, strategi ékonomi nagara digawé déning sapérangan ahli ékonomi lulusan fakultas ékonomi ''University of California at Berkeley'', sing diwènèhi gelar "golongan Berkeley". Nanging, Soeharto lan sakancané bisa dilèngsèraké sawisé unjuk rasa sing sumrambah ing sadhéngah papan. Tambah manèh, nagara lagi keblandhang utang amarga krisis. Soeharto mudhun ing taun [[1998]].
 
Saka 1998 nganti [[2001]], ana telung (3) présidhèn sing mung sedhéla waé ngrasakaké kuwasa, ya iku: [[Bacharuddin Jusuf Habibie|Bacharuddin Jusuf (BJ) Habibie]], [[Abdurrahman Wahid]] lan [[Megawati Soekarnoputri]]. Ing taun [[2004]] présidhèn Indonésia sing anyar ya iku [[Susilo Bambang Yudhoyono]].
{{col-break}}
'''[[Sumatra]]'''
* [[Nanggroe Acèh Darussalam]] - [[Banda Acèh]]
* [[Sumatra Lor]] - [[Medan]]
* [[Sumatra Kulon]] - [[Kutha Padang|Padang]]
* [[Riau]] - [[Kutha Pekanbaru|Pekanbaru]]
* [[Kapuloan Riau]] - [[Kutha Tanjung Pinang|Tanjung Pinang]]
* [[Jambi]] - [[Kutha Jambi|Jambi]]
* [[Sumatra Kidul]] - [[Kutha Palembang|Palembang]]
* [[Kapuloan Bangka Belitung]] - [[Kutha Pangkalpinang|Pangkalpinang]]
* [[Bengkulu]] - [[Kutha Bengkulu|Bengkulu]]
* [[Lampung]] - [[Kutha Bandar Lampung|Bandar Lampung]]
'''[[Jawa]]'''
* [[Jakarta|Daerah Khusus Ibukota Jakarta]] - Jakarta
* [[Banten]] - [[Kutha Serang|Serang]]
* [[Jawa Kulon]] - [[Kutha Bandhung|Bandhung]]
* [[Jawa Tengah]] - [[Kutha Semarang|Semarang]]
* [[Daerah Istimewa Yogyakarta]] - [[Kutha Yogyakarta|Yogyakarta]]
* [[Jawa Wétan]] - [[Kutha Surabaya|Surabaya]]
'''[[Kapuloan Sundha Kecil]]'''
* [[Bali]] - [[Denpasar]]
* [[Nusa Tenggara Kulon]] (Nusa Kidul-Wétan Kulon) - [[Kutha Mataram|Mataram]]
* [[Nusa Tenggara Wétan]] (Nusa Kidul-Wétan Wétan) - [[Kutha Kupang|Kupang]]
{{col-break}}
'''[[Kalimantan]]'''
* [[Kalimantan Kulon]] - [[Kutha Pontianak|Pontianak]]
* [[Kalimantan Tengah]] - [[Kutha Palangka Raya|Palangka Raya]]
* [[Kalimantan Kidul]] - [[Kutha Banjarmasin|Banjarmasin]]
* [[Kalimantan Wétan]] - [[Kutha Samarinda|Samarinda]]
* [[Kalimantan Lor]] - [[Tanjung Selor]]
'''[[Sulawesi]]'''
* [[Sulawesi Lor]] - [[Kutha Manado|Manado]]
* [[Gorontalo]] - [[Kutha Gorontalo|Gorontalo]]
* [[Sulawesi Tengah]] - [[Kutha Palu|Palu]]
* [[Sulawesi Kulon]] - [[Kabupatèn Mamuju|Mamuju]]
* [[Sulawesi Kidul]] - [[Kutha Makassar|Makassar]]
* [[Sulawesi Tenggara]] (Sulawesi Kidul-Wétan) - [[Kutha Kendari|Kendari]]
'''[[Maluku]]'''
* [[Maluku]] - [[Kutha Ambon|Ambon]]
* [[Maluku Lor]] - [[Kutha Ternate|Ternate]]
'''[[Papua]]'''
* [[Papua Kulon]] - [[Kabupatèn Manokwari|Manokwari]]
* [[Papua]] - [[Kutha Jayapura|Jayapura]]
{{col-end}}
 
''Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani [[Géografi Indonésia]]''
 
Indonésia ana ing posisi antara 6º [[Lintang lor|LL]] – 11º [[Lintang kidul|LK]] lan 95º [[Bujur wétan|BW]] - 141º [[Bujur wétan|BW]], antara [[Samudra Pasifik]] lan [[Samudra Hindhia]], antara [[Bawana]] [[Asia]] lan Bawana [[Australia]], lan antara patemon 2 rangkeyan [[gunung|pagunungan]], ya iku Banjaran Pasifik lan Banjaran Mediteranian.
 
Indonésia nduwé luwih 18,000 pulo (watara 6000 ora dienggoni) kasebar ing kiwa-tengené [[khatulistiwa]], lan nduwé iklim [[tropika]]. Pulo sing paling padhet sing ndunungi ya iku [[Pulo Jawa]], saparo sing ndunungi Indonésia ana ing pulo iki. Indonésia nduwé 5 pulo gedhé, ya iku: [[Jawa]], [[Sumatra]], [[Kalimantan]], [[Sulawesi]], lan [[Papua]].
348.872

besutan