Kadipatèn Mangkunagaran: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: : → : (2)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: - → - (17), - → - (12), Gunung Kidul → Gunungkidul (3)
Larik 2:
|+ style="font-size: large; margin: inherit;" |Kadipatèn Mangkunagaran
|-
|- style="text-align:center;"
!style="background: gainsboro;" colspan="3"|[[Jawa]] > '''''[[Jawa Tengah]]'''''
|-
Larik 11:
|colspan="3" style="text-align:center; border-bottom:1px solid gray;"|<small>Sesanti: ''Mulat sarira angrasa wani''<sup>1</sup><br />"Introspèksi diri, rumangsa wani."
|-
|'''Wewengkon''' || [[Banjarsari, Surakarta|Banjarsari]], [[Kabupatèn Karanganyar|Karanganyar]], [[Kabupatèn Wanagiri|Wanagiri]], [[Ngawen, Gunung KidulGunungkidul|Ngawèn]]
|-
|'''Jembar'''||... [[km&sup2;]]
Larik 28:
'''Kadipatèn Mangkunagaran''' utawa '''Praja Mangkunagaran''' iku praja ing Jawa Tengah sing isih madeg nganti sapréné. Karo [[Kasunanan Surakarta]], [[Kasultanan Ngayogyakarta]], lan [[Pakualaman]], Praja Mangkunagaran iku ahli warisé Karajan Mataram sing tau maréntah sapérangan gedhé [[Tanah Jawa]].
 
Praja Mangkunagaran diadegaké sawisé Prajanjen Salatiga ing [[17 Maret]] [[1757]], déning Radèn Mas Said sing sadurungé balané ing pambalélan karo pamané Pangéran Mangkubumi sing banjur dadi Sultan [[Hamengkubuwana I]]. Praja Mangkunagaran lestari nganti jaman pendudukan Jepang lan Indonésia mardika sawisé taun 1945. Sawisé taun 1945 banjur tanah wewengkoné, ya iku [[Kabupatèn Karanganyar|Karanganyar]], [[Kabupatèn Wanagiri|Wanagiri]] disita ing pamaréntah Indonésia lan digabung karo [[Jawa Tengah]]. Banjur tanah Mangkunagara ing Surakarta, digabung karo tanah Kasunanan lan dadi [[Kutha Surakarta]]. Banjur tanahé sing arupa enklave ing Gunung KidulGunungkidul, Ngawèn disrahaké marang [[Daerah Istimewa Yogyakarta]].
 
Wiwit taun [[1990]], Praja Mangkunagaran dipanggedhèni déning [[Mangkunagara IX|KGPAA Mangkunagara IX]] utawa uga ditepungi mawa asma Gusti Jiwa.
Larik 61:
Wis ing sajeroné Gègèr Cina (1741 — 1743) Radèn Mas Said mirong kampuh jingga nglawan Kompeni lan Ingkang Sinuhun; sanadyan Von Hohendhorff ing taun 1745 wis rambah-rambah olèhé ngrerepa, meksa durung bisa ngendhakaké karsané Radèn Mas Said.
 
Radèn Mas Said iku wiwit timur wis kulina ulah kridhaning ngayuda, sarirané kulina ngrasakaké bot répot saha rekasané wong sing maju ing paprangan, betah tarak lan tapa - brata, mula ya banjur kajuwara mumpuni kabisanané ulah ing ngayuda. Saka puteking panggalih banjur lolos saka praja lelana mardika, njajah désa ingadésa tuwin wana-wana sing wekasané ngumpul karo barisané kang rama paman Pangéran Mangkubumi sing nalika samana uga lolos saka Praja, amarga dihina déning Jéndral Van lmhoff nalika mertamu ing Kraton Surakarta.
 
=== Wiwitan lan wekasané peperangan ngrebut wahyuning Kraton sing kaping tiga ===
Larik 72:
Sajeroné ana haruhara iku Ingkang Sinuhun gerah, nalika ngarepaké séda, ya iku ing surya kaping [[11 Dhésèmber]] [[1749]], nganti lila legawaning panggalihdalem, tanah tlatah Mataram saisiné kaparingaké Kompeni, ora mawa prajanjian apa-apa. Mangka ing kala iku wis ana sing ginadhang jumeneng Pangéran Adipati Anom.
 
Sang Pangéran Mangkubumi sing luwih mangerti sarta mirengaké gelad- geliding rembug-rembug ing Kadhaton, ora nama anéh bilih babar pisan ora karsa ngakoni lumuntané panguwasané Karaton marang Kompeni, mula nunggal dina baé banjur dhawuh, bilih sarirané sing jumeneng Nata ngrenggani Praja Mataram jejuluk Pakubuwana, angedhaton ing Ngayogyakarta. Von Hohendhorff, Gubernur tanah Jawa pasisir lor pérangan wétan, awawaton wewenangé sing katampi nalika kaping 11 Dhésèmber; ya iku wis cedhak banget karo titimangsa surud dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II (20 Dhésèmber 1749) mbyawarakaké Sang Pangéran Adipati Anom samono gumanti jumeneng Nata jujuluk Sinuhun Pakubuwana III (15 Dhésèmber).
 
Kajaba iku Pangéran Buminata sing uga lolos saka Kedhaton kumpul Pangéran liya - liyaé, nanging banjur pepisahan, bali menyang Karaton manèh, kajumenengaké Pangéran Adipati Anom. Menggah ganti-gumantiné sing jumeneng iku mawa katerangaké luwih cetha yèn kalakoné tetep bisa jumeneng iku ora kagawa saka wewenang-wewenangé, nanging namung mligi saka sih kadarmané Kompeni.
 
Kabèh Pangéran sing isih ana sajeroné Kedhaton padha manut miturut dicepengi banjur dikirim menyang Semarang. Amerga saka iku ora nama anèh, yèn sapérangan gedhé saka para manggalaning Praja padha suda pangidhep saha sumungkemé marang kang jumeneng Nata ing Surakarta, rasané nggléwang padha manah prayoga angantepi Karaton ing Ngayogyakarta. Tuwan Hartingh ngarani, yèn jumenengé Ingkang Sinuhun Pakubuwana III iku, namung kanggo jalaran anyuburaké saakèhé masalah baé<ref>Ing basa Walanda ''de gekroonde naarheid zelve''.</ref>
Larik 92:
Sakedhap papréntahan Kompeni ing Batawi animbang parlu narik wadya-balané, kaklumpukaké ing pasisir prelu kanggo njaga kantor-kantoré dagang ing kana. Déné jajahané sing dumunung ing tanah Jawa pérangan jero, prasasat diculaké, ora arep kapikir manèh.
 
Nanging rancangan ngono mau durung nganti tumindhak, saka tansah kanggeg déning rangu-ranguning ati apa paprangan mau bisané ketemu tentrem disaranani mawa rembugan apa perlu dipeksa kabanjuraké mawa gegaman. Katemuné timbangan, ingatasé luhuring Kompeni luwih migunani saupama kabanjuraké perang, karuda- peksa nuju bisané tumunten sirep perangé. Ing tengah-tengahaning taun 1752 tanah-tanah ing pasisir lor kéna karebut manèh. Déné panempuhé sing kapindho, ya iku sing disénapatèni déning Von Hohendhorff ora bisa olèh kamenangan, amarga saka bisané mungsuh, prigel olèhé nindakaké gelar sarta ngepuh kakuwatané Kompeni. Tandhangé Kompeni kabibingung déning sontan–santunging gelar, saben nempuh diéndhani, wekasan barisané Kompeni kuwalahan, entèk kakuwatané.
 
Ing wulan November taun 1752 Kompeni patemon karo Radèn Mas Said ana ing Banyudana, sakulon Surakarta, perlu arep [[bedhami]], nanging kuciwa déné ora ana wohé. Patemon sing tanpa wasana mau malah nuwuhaké congkrahé Sang Pangéran Mangkubumi karo Radèn Mas Said, sing banjur padha musuhan dhéwé. Sing padha macung mungsuhan perang maju dadi telung golongan.
Larik 139:
Ingkang rayi Pangéran Timur kautus sowan ing ngarsané Ingkang Sinuhun, perlu ngaturaké kabèh panyuwuné. Ing panyuwuné katitik yèn Radèn Mas Said ing sajeroné panggalih kagungan pangangkah bisané tanah Jawa iku dirèhaké ing Nata siji baé.
 
Éwadéné manawa meksa ora bisa kalakon pangarep-arepé panggalihé ya arep nrimah, uger minangka papanciné bisa mengkoni tlatah Nglaroh, Matésih, Keduwang lan Pacitan. Amerga saka atur pamrayogané Hartingh, Ingkang Sinuhun paring wangsulan, yèn bab pambagéning Nagari iku wis kabanjur ditindakaké éwadéné bab prakara pamundhuté tanah- tanah ing ngarep mau, mesthiné ya arep bisa karembug manèh.
 
Saka adhrengé Hartingh, Ingkang Sinuhun kapeksa marengaké paturané Radèn Mas Said, nyuwun patemon ana ing Grogol, sakidulé [[Kutha Surakarta]], sing kalakon nalika surya kaping [[21 Fèbruari]] [[1757]].
Larik 153:
Sadurungé ngrembug tanah 4.000 karya paringané Ingkang Sinuhun marang Radèn Mas Said sing banjur jejuluk Pangéran Adipati Mangkunagara, kaya ora ana alané saupama banjur nyawang rekasané kahanan ing tlatah Mataram sing, kapecah-pecah mau, kalebu tanah lenggahé Radèn Mas Said.
 
Paprangan mau ngrusakaké tanah Mataram sing sumau gemah ripah loh jinawi, cacahing jiwa suda, akèh sing padha téwas ing paprangan, kawulané nandhang kamlaratan, kacingkrangan uripé. Akèh papan sing suwung mluwa, paceklik tuwin pageblug iku dadi tabet tetilarané paprangan. Tanah-tanah sawah, pategalan sapanunggalané diidak - idak sarta dibesmi déning musuh.
 
Sawisé Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan ing taun 1755 wis padha patemon ing karukunan. Gubernur-Jéndral lan ''Raad van Indië'' ngaturaké layang marang panggedhéné Kompeni, surasané:
Larik 162:
Tumindaking pranatan pambagining Nagari ing taun 1755 njalari kisrah-kisruhing pèngetan kahanané tanah. Munggah baku sing dikarepaké iku paron tanah sigar semangka sing padha gedhéné. Para Bupati saandhahané patuh nggawa tanah lungguhé dhéwé-dhéwé kaparingan „wewenang milih Nata endi sing arep disuwitani. Mula tanah-tanah sing dumunung ing telenging Nagari lungguhé para abdidalem ing Kadhaton, iku pamanggoné banjur campur ora karu-karuwan.
 
Wosé baé kerep ana lelakon, ing tanah lungguh sing sekawit dadi gadhuhané panggedhé siji banjur ana panggedhéné loro sing njalari mindhaking cacahé panggedhé. Béda karo Nagaragung saha pusering wewengkoné Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan, kaya pratélan ing dhuwur, sing siji-siji kaerèhaké déning Bupati Nayaka 12, dunungé tanah campuran ora karu-karuwan, ora ana tengeran wates - watesé sing njalari tuwuhé akèh prakara ing bab -wewenang gadhuhan tanah lungguh sarta cecongkrahiné para kawula, ing désa-désa, iku pambagéné tanah ing mancanagara, sing kabagé dadi pérangan gedhé-gedhé. Tanah-tanah ing mancanagara mau ora kapecah-pecah manèh dadi tanah lungguh cilik-cilik, nanging, banjur dadi wewengkoné para Bupati sing kuwajiban nglumpukaké paos katur Sang Nata.
 
Déné tanah lenggahé Pangéran Adipati Mangkunagara kagawa saka gedhéning karusakané ing wanci paprangan sarta akèhé sudané jiwa sing téwas ing paprangan, iku wis cetha ora nyukupi pawetoné: mula kala semono temtuné kagungan prajurit sing mesthi cadhongé.
Larik 186:
|Sembuyan || 133 || 3,775338&nbsp;km<sup>2</sup>
|-
|Gunung KidulGunungkidul || 71 ½ || 2,029599&nbsp;km<sup>2</sup>
|-
|Pajang <br />(sakidulé dalan gedhé Surakarta - Kartasura) || 58 ½ || 1,660581&nbsp;km<sup>2</sup>
|-
|Pajang <br /> (saloré dalan gedhé Surakarta - Kartasura) || 64 ¾ || 1,8379935&nbsp;km<sup>2</sup>
|-
|Mataram <br /> (tengah - tengahé Ngayogyakarta) || 1 || 0,028386&nbsp;km<sup>2</sup>
|-
|Kedhu || 8 ½ || 0,241281&nbsp;km<sup>2</sup>
Larik 205:
Sadurungé ngrembug pilah-pilahing wewengkon tanah sing kapérang-pérang mau, kaya perlu kaandharaké kepriyé réka-dayané Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan olèhé padha mranata kisruhing wates ing wektu pambagéning Nagari ing taun 1755. Amerga saiki banjur mbutuhaké banget marang anané register tanah gagayutan karo anané tanah lenggah wewengkon Mangkunagaran.
 
Kanggo nyapih para kawula Kasunanan lan Kasultanan sing padha dredah pradanda babagan prakara lemah, nalika surya kaping 26 September 1757 wakilé Nata loro-loroné mau banjur nggawé patemon ana ing désa Klepu. Désa Klepu iku ana ing sapinggiring dalan gedhé Surakarta - Ngayogyakarta (antarané Klathèn kutha karo Delanggu). Déné wigatiné patemon arep bebarengan nggawé register gedhé (legger) bab watesing tanah-tanah mau. Buku register gedhé babagan watesing tanah-tanah mau banjur diarani ''Buku ing Klepu''.
 
Buku register gedhé babagan watesing tanah (''Buku ing Klepu'') sing kagawé tanpa pamrayogané Kompeni, iku suwé-suwé ora nyukupi (kurang sampurna), tandhané dredah prakara watesing tanah isih ajeg ora ana mendhané. Bukakan tanah anyar sabubaring perang, njalari lungséné pèngetan tanah ([[basa Walanda|Walanda]] ''legger'') mau.
Larik 304:
|-
|Sokawati (sisih kilèn) || 28 ½ ||0,809001&nbsp;km<sup>2</sup>
|-
|Ing èrèng- èrènging gunung<br />Merapi sisih wétan || 29 ½ || 0,837387&nbsp;km<sup>2</sup>
|-
|
Larik 320:
{{cquote|"Wiwit tuwuhé haruhara, Pangéran Mangkunagara katitik gedhé banget lelabetané, putra-putrané kerep maju dhéwé ing paprangan kanthi kaprawiran lan wantering manah, Pramula aku pracaya banget marang sang Pangéran apa déné marang putra-putrané lan prajurit ing Mangkunagaran kabèh."}}
 
Ing wiwitan anané perang Dipanagaran, Jéndral De Kock banjur awèh palilah marang Kangjeng Gusti Mangkunagara lan Ingkang Sinuhun nganakaké prajurit brandhal (''vrijbuitercorpsen'') sing kadhawuhan njarah-rayah ngrusak désa - désa padunungané mungsuh.
 
Rèhning Jéndral mau (wewakiling Pamaréntah Indhiya Nèderlan) gedhé banget kapracayané marang Kangjeng Gusti Mangkunagara, pramula nalika surya kaping 3 April banjur kawisudha jumeneng ''Ridder in de Militaire Willems-orde klas III''.
Larik 351:
 
Prakara tanah mau ing dhuwur iku tanah Kasunanan sing banjur dikuwasani Mangkunagaran, pamburiné nuwuhaké grejeg, ya iku, wiwit tumindaké owah-owahan tanah ing Nagarung taun 1831.
Katrangan ing buku karangané Radèn Ngabei Hanggapati Tjitrahoepaja mratélakaké, yènh mulabukané tanah 500 karya iku tanah lenggah paringé Ingkang Sinuhun Pakubuwana III marang putradalem (Kangjeng Ratu Alit) sakaro putradalem mantu Kangjeng Pangéran Arya Prabuwijaya, garwané Kangjeng Ratu Alit mau, ya iku, rama - ibudalem Kangjeng Gusti Mangkunagara II.
 
Sasédané Kangjeng Pangéran Prabuwijaya banjur tumurun marang Kangjeng Gusti Mangkunagara II. Dadi Kangjeng Gusti Mangkunagara II ing ngatasing tanah mau, kajaba wenang nggadhuh uga banjur jeneng tanah lenggah saka Kasunanan (akèhé 4.000 karya).
Larik 357:
Bareng Kangjeng Gusti Mangkunagara II jumeneng Kolonel suwita Raja Walanda (1808), banjur angèl olèhé netepi wajibé ing Kraton Surakarta, gandhèngané karo tanah lenggah mau, mula banjur kaparingaké nggadhuh marang putradalem mantu kakalih, Kangjeng Pangéran Arya Adiwijaya II lan Kangjeng Pangéran Arya Natakusuma, sing padha bisa netepi kuwajiban ing Karaton Surakarta.
 
Turun - tumuruning warisan, tanah lenggah mau banjur tiba Kangjeng Pangéran Arya Adiwijaya IV lan Kangjeng Pangéran Arya Suryahamijaya III. Sasédané Pangéran loroh mau iku nganti tekan surud-dalem Kangjeng Gusti Mangkunagara V, sadurungé ana sing gumanti jumeneng nggentosi, banjur ana tatanan baliné tanah lenggah mau marang Kasunanan kalakon ing taun 1896. Sambungan Mangkunagaran marang Kasunanan akèhé f 100.000 ing wektu Mangkunagaran kekarangan dhuwit, banjur kaputus pundhat. Sabanjuré sing jumeneng Mangkunagara sumpahé ora perlu diseksèni déning wakilé Ingkang Sinuhun kaya mbiyèn, ya iku Papatihdalem, Supati Nayaka karo Pangulu, padha kapatah nampani sumpah kasetyané sing jumeneng Mangkunagara. Kejaba iku Mangkunagaran wis banjur ora kuwajiban makilaké Pangéran karo kanggo netepi wajibé pasowanan menyang Karaton Surakarta.
 
== Pratélan ratu Mangkunagaran ==