Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

1 bèt wis ditambahake ,  2 taun kepungkur
→‎top: éjaan, replaced: duwe → duwé
'''Indonésia''', resmine '''Républik Indonésia''' ([[basa Indonésia]]: ''Republik Indonesia''), iku sawijining [[nagara berdaulat]] [[Pratélaning nagara transkontinéntal|transkontinéntal]] dumunung mligi ing [[Asia Kidul-Wétan]] karo sawetara tlatah ing [[Oséania]]. Dumunung ing antarané [[Samodra Hindia]] lan [[Samodra Pasifik|Pasifik]], iku nagara [[kapuloan]] gedhé dhéwé ing donya, kanthi punjul [[Pratélaning pulo ing Indonésia|telulas èwu pulo]].<ref name="NG-Indonésia-Island">{{cite news| title = Hanya ada 13.466 Pulau di Indonésia | date = 8 Fébruari 2012 | work = National Geographic Indonésia | url=http://nationalgeographic.co.id/berita/2012/02/hanya-ada-13466-pulau-di-indonesia | language = Indonésia}}</ref><ref>"The Naming Procedures of Indonésia's Islands", ''Tenth United Nations Conference on the Standardization of Geographical Names'', New York, 31 July – 9 August 2012, United Nations Economic and Social Council</ref> Indonésia nduwé kira-kira populasi liwat 258 yuta wong lan [[Pratélaning nagara miturut cacah jiwa|nomer papat nagara paling akèh populasiné ing donya]], nagara [[Bangsa Austronésia|Austronésia]] paling akèh populasiné, uga [[Islam miturut nagara|nagara mayoritas Muslim]] paling akèh populasiné. Pulo paling padhet sa donya [[Jawa]] ngandhut punjul setengah saka populasi.
 
Wangun pamaréntahan republik Indonésia kalebu [[Majelis Permusyawaratan Rakyat|législatur]] lan [[Présidhèn Indonésia|Présidhèn]] kapilih. Indonésia duwé [[Pratélan provinsi ing Indonésia|34 provinsi]], kang lima duweduwé status administratif mirunggan. Kutha krajan lan paling akèh sing ndunungi yakuwi [[Jakarta]]. Nagara duwé tapel wates karo [[Papua Nugini]], [[Timor Wétan]], lan [[Malaysia]] [[Malaysia Wétan|sisih wétan]]. Nagara tanggané kalebu [[Singapura]], [[Filipina]], [[Australia]], [[Palau]], lan tlatah [[India]] [[Kapuloan Andaman lan Nicobar]]. Indonésia iku sawijining anggota pangadeg [[ASEAN]] lan anggota saka ékonomi utama [[G-20]]. Ékonomi Indonésia iku [[Pratélaning nagara miturut PDB (nominal)|peringkat 16]] PDB nominal donya lan [[Pratélaning nagara miturut PDB (PPP)|gedhé dhéwé angka 8]] PDB ing [[Paritas daya tuku|PPP]].
 
Kapuloan Indonésia wis tlatah wigati ing padagangan wiwit ing paling ing abad kaping 7, nalika [[Sriwijaya]] lan banjur mengko [[Majapahit]] dagang karo [[Tiongkok]] lan [[India]]. Panguwasa lokal nggunakaké modhèl budaya, agama lan pulitik manca saka awal abad [[Masèhi]], lan karajan [[Hindhu]] lan [[Buda]] ngrembaka. [[Sajarah Indonésia]] wis diprabawai déning kakuwasan manca kepincut karo sumber daya alam Indonésia. Pedagang [[Muslim]] lan sarjana [[Sufi]] nggawa [[Islam ing Asia Kidul-Wétan|Islam]] kang saiki dominan,<ref>{{cite web|url=https://books.google.com/books?id=Ma38W_8unrUC|title=Islam in Indonésia: Contrasting Images and Interpretations|first1=Jajat|last1=Burhanudin|first2=Kees van|last2=Dijk|date=31 January 2013|publisher=Amsterdam University Press|via=Google Books}}</ref><ref>{{cite web|url=https://books.google.com/books?id=nr3DuQKDfRYC|title=Indonésia: A Global Studies Handbook|first=Florence|last=Lamoureux|date=1 January 2003|publisher=ABC-CLIO|via=Google Books}}</ref> sawetara kakuwasan Eropah nggawa [[Kristen]] lan perang siji liyané kanggo monopoli dagang ing [[Kapuloan Maluku]] ing [[Jaman Penjelajahan]]. Sawisé telung lan setengah abad [[Indhiya Nèderlan|kolonialisme Walanda]] wiwit [[Pulo Ambon|Amboina]] lan [[Batavia, Indhiya Nèderlan|Batavia]], lan pungkasanipun kabèh [[Kapuloan Indonésia|kapuloan]] kalebu [[Timor]] lan [[Papua Kulon]], ing kaping diselani déning kakuwasan [[Portugis]], [[Prancis]] lan [[Inggris]], Indonésia [[Révolusi Nasional Indonésia|mardika]] sawisé [[Perang Donya II]]. Sajarah Indonésia kang wis wiwit ora tenang, karo tantangan bencana alam, [[Pembantaian ing Indonésia 1965-66|rojo pati massa]], [[Korupsi ing Indonésia|korupsi]], [[Pratélaning gerakan separatis aktif ing Asia#Indonésia|separatisme]], [[Éra Pasca-Soeharto|prosès démokratisasi]], lan pèriode saka owah-owahan ékonomi kanthi rikat.
348.872

besutan